8
minggu, 24 november 2013
www.joglosemar.co
Nguri-uri Budaya Windan
semar | Ahmad
Foto-foto: Joglo
W
arga Windan ngadani pentas wayang kulit sewengi natas lan kirab ing acara Gelar Budaya Windan, (17/11). Pasugatan kang mapan ing Kampung Windan Makam Haji iki nduweni niyat ora liya ya mung kanggo nguri-uri kabudayan Jawa. Ing gelaran wayang kulit kang dibabar dening Dhalang enom saka Kartasura yaiku Ki Sinu Rahardjo kang ngudhar lakon sesaji Raja Soya. Kacritakake yen Jara Sanda iku bocah alasan kang wusanane bisa nylametake Ratu Praja Giribajra yaiku Prabu Duryudata nalika dikroyok mungsuh-mungsuhe. Sawuse mangerteni yen pawongan kang wus ditulung mau ora liya yaiku pawongan kang digoleki. Amarga biyunge, Nyai Jara ngandhakake yen mung Ratu Giribaja kang bisa njelasake sapa sejatine dheweke.
Yasin Abdullah
Banjur, Jara Sanda nyritakake kepiye sejatine asal usule dheweke marang Prabu Duryudata. Jara Sanda iku biyen nalika bayi wujude ora kaya dene lumrahe manungsa. Amarga mung setugel lan pisah siji lan sijine. Sawuse rampung anggone crita. Prabu Duryudata ngrangkul Jara Sanda. Kandha yen sejatine dheweke iku putrane kang diguwak 20 taun kepungkur. Kanggo nebus uripe Jara Sanda wiwit cilik nganti tansah kalara-lara, ora mung dadi gunemane kancakancane ing jagad kaya-kaya ora nampa dheweke. Mula, patine Prabu Duryudata dadi panjaluke Jara Sanda. Banjur dheweke dadi panguwasa ing Kraton Giribajra. Supaya bisa nuruti angkara murkane Prabu Jara Sanda gelar sesaji ludira kang syarate ora liya kudu mbeleh Ratu cacah 100 lan ing pakunjaran Praja Giribajra wus ana 97 Ratu kari kurang telu. Nanging ing
Unen Unen
Bebek Mungsuh Mliwis
U
nen-unen iki sejatine njelasake pakartine pawongan kang pinter mungsuh karo wong kang padha pintere. Mula, nalika perang tandhing ora ana salah sijine sing bisa unggul. Malah, lorolorone nemoni cilaka lan sengasara. Nanging, sejatine pawongan kang kaya mangkene iki nalika ana sing ngarahake, bakal migunani kanggo kabecikan. Tuladhane kaya dene lakune Petruk lan Gareng kang kepingin nyoba kasektene dhewe-dhewe. Kacaritakake Petruk, yaiku salah sijine lakon ing paringgitan Jawi saka trah Witaradya. Nanging, Jenenge Petruk ora disebutake ing sajroning Kitab Mahabarata. Amarga, Petruk iku sejatine gubahan asli Jawa. Miturut pedhalangan, Petruk yaiku putra pandhita raseksa ing pertapan lan mapan ana ing sajroning segara kang asma Begawan Salantara. Sadurunge iku, dheweke kaparingan asma Bambang Panyukilan. Saliyane seneng geguyonan, Petruk uga remen tukaran utawa gegelutan. Amarga dheweke uga dadi salah sijine satriya kang pilih tandhing. Mula, dheweke kepingin nguji kasektane kanthi ngalembara. Ing satengahing dalan dheweke sapatemon Bambang Sukadadi saka pertapan Bluluktiba kang lunga saka padhepokane kanggo nguji kadigdayane. Amarga duweni niat kang padha, mula kekaron nedya perang tandhing. Amarga padha dene sektine lan padha digdayane, perang tandhing mau nganti sauntara wektu suwene.
Ideg-idegan, antem-anteman nganti gawe badane kalorone tatu. Wujud kang semaune bagus malih dadi ala. Wusanane, perang tandhing mau kandheg lantaran dipisah dening Smarasanta (Semar) lan Bagong kang lagi ndherekake Bathara Ismaya. Sawuse padha diwejang, banjur loro-lorone ndherek lan meguru marang Smara utawa Semar lan ngabekti marang Sanghyang Ismaya. Lelakon iku mau kacaritakake ana ing lelakon Bathara Ismaya Krama. Amarga wujude olah, mula Bambang Pecruk Panyukilan jenenge malih dadi Petruk. Lan Bambang Sukodadi owah dadi Gareng. Banjur Petruk duweni sisihan kang aran Dewi Ambarawati, putri Prabu Ambarasraya,ratu ing Negari Pandansurat kang dimenangake saka perang tandhing. Para satriya kang melu nglamar kaya dene Kalagumarang lan Prabu Kalawahana raja raksasa ing Guwaseluman. Petruk kudu ngadhepi sekabehane lantaran perang tandhing lan wusanane Petruk bisa unggul. Dewi Ambarawati banjur diboyong menyang Girisarangan. Petruk lan Dewi Ambarawati antuk putra jaler kang diparingi asma Lengkungkusuma. Sejatine lelaku kui mau dadi kaca benggala marang sapa wae, supaya anggone nglakoni jejibahaning urip tansah bisa ngetrepake lan nata tumindak lan solah tingkahe dhewe. Eling yen sandhuwure langit isih ana langit. Sabar lan narima iku luwih utama. n Ahmad Yasin Abdullah
kana nalika Prabu Krisna, Raden Janaka lan Werkudara kepingin gawe eling, malah arep didadekake gegenep tumbal kanggo njangkepi murkane Prabu Jara Sunda kang kepingin mbekakak narendra cacah 100 mau. Ing perang tandhing iku Prabu Jara Sanda pilih mungsuh Satriya ing Jodipati yaiku Werkudara amarga badane katon gedhe lan gagah. Nadyan dijojohi nganggo kuku pancanaka Prabu Jara Sanda ora bisa diperjaya. Banjur, lantaran wejangane Krisna supaya misahake badane Jara sanda dadi loro kaya asale nalika isih jabang bayi. Wusanane, Raden Werkudara bisa unggul yuda, lan Jara Sanda mati sanalika. Miturut kandhahane Ketua Panitia, Sularso, acara , mau saliyane kanggo nguri-uri tradisi. Acara kang wus kaping lima iku kanggo ngregengake wulan Sura. Sejatine acara mau hajate Paguyuban Warga Windan
kang nduweni manpangat kanggo nyengkuyung acara RT kang ora bisa dirampungi dhewe. “Iki anggone nyiapake wus wiwit saka tanggal 6 September wingi. Bisa kaleksanan merga sambatan lan urunane para warga, lan penyengkuyunge Caleg sarta anggota Dewan. Ragad kanggo kirab, wayangan lan uba rampene kabeh iku mung Rp 11.000.000,” pratelane Sularso. Sawetara iku, salah sijine pawongan kang mirsani wayang, Antok ngandhakake yen iki mau pentas wayange elok banget. Amarga, dhalange nate Juara I tingkat Nasional ing tahun 2012. “Muga-muga wae bisa nglanjutake dhalang-dhalang kondang kaya dene Ki Anom Suroto, Ki Manteb lan sapiturute. Mula, dhalang-dhalang nom-noman iki kudu tansah antuk bimbingan. “ panjelase Antok. n Ahmad Yasin Abdullah
Unen Unen
Janggan Semarasanta Putune Bathara Semar
I
ng carita paringgitan, Semar yaiku putra Sang Hyang Wisesa. Amarga kanugrahan mustika manik astagina kang dikel ana ing rikma kang ana ing ubun-ubun utawa kuncung, dheweke ora bisa ngrasakake luwe, ngantuk, kasmaran, susah, kesel, lara, kepanasan utawa kasrepen. Saliyane iku, Semar uga nduweni sawenehing gelar kaya dene Bathara Semar, Bathara Ismaya, Bathara Iswara, Bathara Samara, Sanghyang Jagad Wungku, Sanghyang Jatiwasesa, lan Sanghyang Suryakanta. Dheweke kaprentah kanggo nguwasani alam Sunyaruri, utawa jagad gung liwungliwung, lan ora diparengake nguwasani manungsa ing alam donya. Ing alam Sunyaruri, Bathara Semar dijodhokake klawan Dewi Sanggani putri Sanghyang Hening. Lan saka Dewi Sanggani, semar kagungan putra cacah sepuluh, yaiku Bathara Wungkuam utawa Sanghyang Bongkokan, Bathara Siwah, Bathara Wrahaspati, Bathara Yamadipati, Bathara Surya, Bathara Candra, Bathara
Dok
Kwera, Bathara Tamburu, Bathara Kamajaya lan Dewi Sarmanasiti. Putra pembarep kang asma Bathara Wungkuam utawa Sanghyang Bongkokan nduweni anak cebol kang pakulitane ireng. Bocah iku nduweni jeneng Semarasanta lan diprentahake mudhun ing donya, manggon ing padepokan Pujangkara.
Semarasanta ditugasi ngabekti marang Resi Kanumanasa ing Pertapan Saptaarga. Kacritake wedhare Semarasanta ing Pertapan Saptaarga, diwiwiti saka Semarasanta kang diuber macan cacah loro. Banjur dheweke mlayu nganti tekan ing Saptaarga, banjur ditulungi dening Resi Kanumanasa.
Sawuse diruwat macan cacah loro mau malih dadi widodari. Sijine asma Dewi Kanestren lan sijine aran Dewi Retnawati. Dewi Kanestren dadi garwane Semarasanta lan Dewi Retnawati dadi garwane Resi Kanumanasa. Wiwit iku, Semarasanta ngabekti ing Saptaarga lan dijenakake Janggan Semarsanta. Ing kana Janggan Semarasanta tansah medhar para muride ngenani bab laku prihatin lan tumindak kang utama. Ing cathetan cerita paringgitan ana pitung satriya kang bisa diemong dening Janggan Semarasanta, yaiku Resi Manumanasa nganti tekan enem trah, Sakri, Sekutrem, Palasara, Abiyasa, Pandudewanata lan tekan Arjuna. Yen nalika lagi murka marang para Dewa, Janggan Semarasanta katitisan dening eyange yaiku Bathara Semar. Yen disawang saka ragane, Semarasanta iku wong kang cebol, lan ora sumbut ing rupa. Nanging, sejatine dheweke nduweni sifat kadewan kang aran Bathara Semar utawa Bathara Ismaya. n Ahmad Yasin Abdullah