Epaper edisi 17 nopember 2013

Page 8

8

minggu, 17 november 2013

www.joglosemar.co

Disbudpar Nguri-uri Basa Jawa B

migunakake Basa Indonesia, uga ing sekolahan, mung ing acara temantenan kang isih migunakake Basa Jawa. Mula, kanggo nguri-uri Basa Jawa iku mau, Dinas Kabudayaan lan Pariwisata Surakarta kerja bareng Teater Akar Surakarta ngadani gelaran Festival Teater Basa Jawa (FTBJ) se-Jawa Tengah kang digelar ing dina Jumat (15/11) nganti Minggu (17/11) kang mapan ing Teater Arena Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT). “Kita milih Teater Basa Jawa amarga uga wus langka penulis naskah kang migunakake Basa Jawa. Saliyane kanggo nguri-uri Basa Jawa, adicara mau uga dadi upaya kanggo ngrembakakake kesenian. Pesertane kudu gawe naskah dhewe-

dhewe migunakake Basa Jawa. Nanging, sing saka Kalimantan migunakake Basa dhaerahe dhewe,” jlentrehe ST Wiyono nalika sapatemon klawan insan pers ing kantor Dinas Budaya lan Pariwisata Surakarta, Rabu (13/11). ST Wiyono njlentrehake, dene kang angel lan dadi sandhungan yaiku panguasaan Basa Jawa kang bener lan pener. Apamaneh, gelaran iku mau katujokake kanggo bocah nom-noman kang isih sekolah ing SMA apadene sapantarane. Mula, salah sijine cara kanggo mbina generasi mudha supaya gelem migunakake Basa Jawa kang bener lan pener bisa lantaran pawiyatan teater Basa Jawa kang tansah digladhi tanpa kendhat.

Saengga, mau para kadang kanoman bisa nresnani kabudayane kang tansah digawa nganti diwasa. “Amarga sejatine manungsa iku asil saka bentukane ing mangsa biyene,” panjlentrehe dheweke. Sawetara iku, Kepala Disbudpar Surakarta, Widdy Srihanto ngendika yen kahanane Festival Basa Jawa, utawa Javanese Theatrtical iki nduweni kautaman kanggo ngimbangi budaya lan seni ing kutha Solo iki, kang akeh-akehe kanggo semi industrial. Lan Festival Basa Jawa malah kurang populer ing tengahtengah masyarakat Jawa. “Mula, lantaran gelaran iki muga-muga bisa nuwuhake rasa tresna marang Basa Jawa. Basa Jawa kudu tansah kita uri-uri.

Lan peserta mengko bisa ng dapuk ing pentas iku lan migunakake Basa Jawa,” pungkase dheweke. Festival kang wus diadani kaping telu iku bakale luwih regeng, apa maneh kanthi muncule kelompok teater tingkat SMA kang cacahe ana 9 asung buah karyane. Kaya dene saka Surakarta, yaiku Teater Dong (SMAN 7 Surakarta) kanthi judul Sadumuk Bathuk Sanyari Bumi dening Asih Numbar kang bakal dipentasake ing tanggal 15 mbengk. Amarga saben wengi bakal dipentasakake cacah 3, wiwit saka jam 19.00 supaya bisa rampung jam 22.00 WIB. Saliyane iku uga ana saka Magelang, Sragen, Demak, Karanganyar, Ungaran, lan Kalteng. n Ahmad Yasin Abdullah

Joglosemar | Ahmad Yasin Abdullah

asa Jawa sejatine mono dadi basa kang tansah kelet karo sabendinane wong Jawa. Apamaneh Kutha Solo iki kawasatanan “Solo the Spirit of Java” kang tegese kutha Solo tansah dadi jiwane kabudayan Jawa. Mula, wus samesthine yen Basa Jawa iku digunakake ing kegiatan ing sabendinan. Nanging, miturut ST Wiyono, penasehat adicara Festival Teater Basa Jawa, saiki mono kasunyatane akeh warga kang wus lalim arang Basa Jawa. Malah kepara sabendinane ngulinakake nganggo Basa Indonesia, iku wae durung secampuran Basa Inggris yen cecaturan marang para putra, sanak, kadang lan tangga teparo. Ing acara-acara resmi, akeh-akehe

Gandheng Cenenge Karanganyar lan Mangkunegaran

K

abupaten Karangayar sejatine nduweni sejarah kang ora bisa dipisahake saka madege Mangkunegara I, kang asma cilikane yaiku Raden Mas Said. Miturut cathetan ing ensiklopedia, Karanganyar lahir saka dukuh alit kang dipandegani dening Raden Mas Said utawa Pangeran Sambernyawa. Cikal bakal dhaerah Karanganyar asale saka Raden Ayu Diponegoro utawa Nyi Ageng Karang kang asama alite yaiku Raden Ayu Sulbiyah. Sawaktu iku Karanganyar dukuh alit kang dikuwasani dening Kasunanan Surakarta,kang mlebu ing Swapraja Kasunanan Surakarta lan dipimpin dening Sri Pakubuwono II. Perjanjian Giyanti ing tanggal 13 Februari 1755 antarane Sunan Paku Buwono III lan Pangeran Mangkubumi, banjur dukuh alit Karanganyar kang mapan ana ing Sukowati kidul mlebu ing wewengkon Kasultanan Yogyakarta lan kang dikuwasani dening Sri Sultan Hamengku Buwono I (Pangeran Mangkubumi) ing surya 1755-1792. Ing surya 1847, Sri Mangkunegara III ing Kraton Mangkunegaran ngadani tatanan anyar, analogi kang dilampahake ing Kasunanan Surakarta yaiku Staatblat 1847 No.30 kang dilakoni ing tanggal 5 Juni 1847, kang salah sijine paugerane nyatakake yen

Karanganyar dadi tunggal wilayah. Banjur ini surya 1903 dibentuk Kabupaten Anom Kutha Mangkunegaran, antarane wewengkon kutha Sala sisih lor, Wanareja, Kaliyoso lan Colomadu. Swapraja Mangkunegaran kang kasebut Onderregentschap diowahi dadi regentschap utawa “Kabupaten” dening Sri Mangkunegoro VII (19161944), mligine ing tanggal 20 November 1917. Mula wektu iku lahir Kabupaten Karanganyar kanti ibukota Karanganyar. Asma Karanganyar kanjupuk saka telung huruf kang tegese: Ka : Kawibawaning kang digayuh. Rang : Rangkepane lahir batin pulung lan wahyuni wus turun temurun. Anyar : Nedya nampa perjanjian anyar/ enggal winisudha jumeneng Mangkunegoro I. Nanging miturut pratelane Budayawan Solo, MT Arifin, Karanganyar biyene sejatine mlebu ing dhaerah Pajang Sukowati. Pajang iku diwastani kanggo dhaerah kang mapan ana ing sakulone Bengawan lan dhaerah kang ana ing sawetane Bengawan kasebut Sukowati. “Sabanjure wewengkon Sukowati dikuwasani dening Mangkubumi lan wilayah Pajang dikuwasani dening Mangkunegara. Mangkunegara madeg dadi

ratu ing Mojoroto. Sadurunge sejatine wewengkon Sukowati iku gabungan antarane Mangkunegara lan Mangkubumi. Nanging, wusanane pisah, Mangkunegara ngedegake pusat pamarintahan ing Wonogiri lan Karanganyar dadi wilayah perjuangane,” jlentrehe MT marang Joglosemar, Jumat (15/11). MT Arifin mbacutake, sawuse perjanjian ing Salatiga iku, Karangayar bisa dadi wilayah kang dikuwasani dening Mangkunegara. Banjur dadi Kewedanan Gunung ing kuwasane Gusti Patih. Banjur, sawuse abad 19 dadi kabupaten, lan diresmekake dadi Kabupaten Karanganyar ing tahun 1917. Wewengkon mau kasil diakoni dening pamarintah Hindia Belanda. “Nanging, sawuse diresmekake ing tahun 1917 iku, banjur ing tahun 1918 warga Karanganyar mbalela marang Kraton. Sing dadi jalaran, wektu iku Raja Mangkunegara dilengserake. Ontran-ontran nglawan Kraton iku dipimpin dening HM Sujono, lan Kepulisian. Banjur wektu iku dhaerah Istimewa ambruk. Kanggo ngudhar perkara iku Sunan Paku Buwono XII lelantaran usule Wuryaningrat masrahake putusan marang Negara,” ujare MT Arifin. n Ahmad Yasin Abdullah

Unen Unen

Petruk lan Gareng Ngabekti Marang Sanghyang Ismaya

P

etruk yaiku salah sijine lakon ing paringgitan Jawa saka trah Witaradya. Nanging, Jenenge Petruk ora disebutake ing sajroning kitab Mahabarata. Amarga, Petruk iku sejatine gubahan asli Jawa. Miturut pedhalangan, Petruk yaiku putra pandhita raseksa ing pertapan lan mapan ana ing sajroning segara kang asma Begawan

Unen Unen

Rupa Nggendhong Rega

U

nen-unen iki sejatine njelasake pakartine pawongan kang ayu utawa bagus, mula mbutuhake pangurbanan kang gedhe. Kaya dene barang kang apik, mula regane uga larang. Mula, sejatine sekabehane mau kudu ditrepke marang sepira gedhene pangupayane. Yen kepengin asil kang becik lan makmur ing pungkasane, wis sakmesthine kudu wani rekasa sakdurunge. Tuladhane kaya dene lakune Dewi Rarasati kang dadi rebutan dening para satriya. Kacaritakake, Kyai Antagopa kang daleme ing Widarakandang, yaiku salah sijine dhaerah ing Mandura iku duweni putri kang sulistya asma Rarasati. Saliyane iku, piyambake uga kagungan putra kuwalon aran Bratajaya lan Narayana. Ing kana, Rarasati dadi rebutane para satriya. Wus akeh priya kang padha teka lan kepengin nglamar dheweke. Nanging, supaya Rarasati pikantuk satriya kang linuwih lan luhur drajade, kangmase Rarasati, yaiku Udawa ngadani sayembara perang tandhing kanthi awake dhewe minangka jagone. Kabar sayembara iku cepet banget sumebar, mula akeh para Raja lan pangeran

kang padha kepengin melu sayembara kanggo ngrebutake Rarasati. Salah sijine satriya kang melu sayembara yaiku Jayapitana, putra mahkota saka Astina kang wus pikantuk restu Drestarastra. Dheweke mangkat menyang Widarakandang didherekake Sengkuni, Dursasana, lan Jayadrata. Ing kana dheweke nyoba mlebu ing gelanggang sayembara perang tandhing. Nanging, dheweke ora bisa unggul yuda klawan Udawa, wusanane Suyudana kalah. Sawetara iku, Arjuna diparingi kabar dening Abiyasa yen Dewi Rarasati iku sejatine jodho kang bakal didhaupake marang dheweke. Mula iku, dheweke kaparintah supaya mudhal menyang Kademangan Wirakandang. Nalika ing papan sayembara, Semar mejang Arjuna supaya mlayokake Dewi Rarasati saka kana. Nanging Arjuna ora nurut apa kang diwejangake Semar mau. Arjuna kepengin melu sayembara, perang tandhing ngadhepi Udawa. Sejatine ing Kademangan Wirakandang Arjuna dadi satriya kang diantu-antu. Nanging Arjuna kekeh kepingin melu gelaran sayembara perang tandhing kanggo ngadhepi

Udawa. Narayana ngguyu mirsani kahanan iku. Dheweke kandha yen sayembara iku sejatine mung apus-apusing Udawa supaya Dewi Rarasati ora dijupuk priya liya. Amarga, miturut kandhane Para Dewa, Dewi Rarasati iku sejatine wus dadi jodhone Permadi. Nanging, bab iku malah kaya-kaya atine Arjuna mosi lan ora rena. Mula, dheweke tetep maju ing tengahing glanggang sayembara lan kepengin perang tandhing klawan Udawa. Gandheng kekarepan mau wus ora bisa dipenggak maneh, perang tandhing satriya kekalih gelem ora gelem kudu dilakoni. Lan pancen wusanane, Udawa ora bisa unggul yuda nglawan Arjuna. Banjur, Dewi Rarasati diparingake marang Arjuna. Sejatine lelaku iki mau dadi kaca benggala marang sapa wae, supaya anggone nglakoni jejibahaning urip tansah bisa ngetrapake lan nata awake dhewe-dhewe. Sing bagus bakal antuk jodoh wong ayu. Dene sing becik bakal antuk jodho kang becik uga. Kaya dene Dewi Rarasati lan Arjuna. Nanging kudu tansah nrima ing pandum, amarga jodho, rejeki lan pati iku sing ngatur Kang Maha Kuwasa. n Ahmad Yasin Abdullah

Dok

Salantara. Sadurunge, dheweke keparing asama Bambang Panyukilan. Saliyane seneng geguyonan Petruk uga seneng tukaran utawa gelutan. Amarga, dheweke uga dadi salah sijine satrya kang pilih tandhing. Mula, dheweke kepingin nguji kasektane kanti ngalembara. Ing satengahing dalan, dheweke ketemu klawan Bambang Sukadadi saka pertapan Bluluktiba. Dheweke uga lunga saka padhepokane kanggo nguji

kadigdayane. Amarga duweni niat kang padha, mula kekarone banjur nganakake perang tandhing. Amarga padha sektine lan padha digdayane, perang tandhing sekarone nganti sauntara wektu. Ideg-idegan, antem-anteman nganti gawe badane kekarone tatu arang kranjang. Wujud kang semaune bagus wus malih katon dadi ala. Perang tandhing iku wusanane bisa leren amarga ditengahi dening Smarasanta (Semar) lan Bagong kang lagi ndherekake Bathara Ismaya. Sawuse padha diwejang, banjur kekarone ndherek lan merguru marang Smara utawa Semar lan ngabekti marang Sanghyang Ismaya. Lelakon iku mau, kacaritakake ana ing lelakon Bathara Ismaya Krama. Amarga wujude kang wus malih, mula Bambang Pecruk Panyukilan jenenge malih uga dadi Petruk. Lan Bambang Sukodadi malih dadi Gareng. Banjur, Petruk duweni garwa asma Dewi Ambarawati, putri Prabu Ambarasraya,ratu ing Negari Pandansurat kang dimenangake saka perang tandhing. Para satriya kang melu nglamar kaya dene Kalagumarang lan Prabu Kalawahana, raja raseksa ing Guwaseluman. Petruk kudu ngadhepi sekabehane lantaran perang tandhing lan wusanane Petruk bisa unggul yuda. Dewi Ambarawati banjur diboyong menyang Girisarangan lan Resi Pariknan kang mangku kawinan. Saka Dewi Ambarawati mau, Petruk kanugrahan putra jaler sing dijenengi Lengkungkusuma. n Ahmad Yasin Abdullah


Turn static files into dynamic content formats.

Create a flipbook
Issuu converts static files into: digital portfolios, online yearbooks, online catalogs, digital photo albums and more. Sign up and create your flipbook.
Epaper edisi 17 nopember 2013 by PT Joglosemar Prima Media - Issuu