Epaper edisi 04 mei 2014

Page 8

8

minggu, 4 mei 2014

www.joglosemar.co

Solo 24 Jam Mbeksa

P

ara pambeksa sak Nuswantara tumplek blek dadi siji ing Kutha Sala, Selasa (29/4), kanggo mangayubagya acara Solo World Dance 2014. Ana yen mung 5.000 pambeksa kang nyengkuyung gelaran agung saben tahun iki. Rektor Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta, Prof Dr Sri Rochana W uga paring tandha pambuka acara iku kanthi ngalungake kem-

bang marang pambeksa ing plataran kampus ISI Sala. Ing tahun iki, ana cacah lima pambeksa kang melu beksan 24 jam tanpa leren, yaiku Daryono SKar MHum saka Jurusan Tari ISI Surakarta, Darmawan Dadijono saka ISI Yogyakarta, Sekar Alit saka Pascasarjana ISI Surakarta, Riyanto SSen minangka warga Banyuwangi kang wus dadi wong Jepang, lan Noorhaizah Adam saka Singapura. Sri Rochana ngandhaka-

Joglosemar | Ahmad Yasin Abdullah

Beksan Ora Mung Obahing Raga ke, para pambeksa iku mbeksa wiwit tabuh 06.00 WIB, ing dina Selasa, nganti dina Rabu tabuh 06.00 WIB uga. Saliyane iku, kajaba lima pambeksa iku, ana udakarane 5.000 pambeksa saka ISI Surakarta, SMK Negeri 8 Sala, sarta sanggar-sanggar tari ing Sala lan kiwa tengene kanggo ngregengake pengetan Dian Tari Sadonya kang njupuk tema “Swara Badan Kanggo Mbukak Manah” iki. Saliyane pentas beksan,

uga ana bedhah beksan kang nekakake para maestro mbeksa ing Teater Besar ISI Surakarta, kayadene Eyang Tarwo, pambeksa saka Mangkunegaran Surakarta, Handoyo saka Malang, Andi Ummu Tunru saka Makassar, lan Dedy Luthan saka Jakarta. “Kreasi wayang topeng saka Malang iki isih terus diuri-uri lan bisa regenerasi berkat Bapak Tasman,” jarene Handoyo sadurunge mbeksa topeng Malang.

Andi Ummu Tanru kang mbeksa beksan Japin Bengkalis saka Riau iki jlentrehake, yen Japin iku ditegesi miturut basane, nduweni teges obahing sikil. Gerakane alus, langkahe uga cilik-cilik amarga ing Melayu lan Islam ora kena anggak, dadi kaya filosofi pari, sangsaya isi sangsaya ndingkluk. Tari iku ora mung waton ngobahke raga, nanging saliyane wiraga uga ana wirasa lan wiramane. “Mula ana sem-

Blawong, Papan kanggo Majang Keris

I

ndonesia pancen sugih, ora mung asil bumi, nanging uga seni lan tradisine kang maneka warna. Salah sijine karya kang diakoni dening donya yaiku keris. Mula akeh cara kang digunakake pawongan kanggo gawe keris sangsaya endah. Kayadene keris dipajang ing griya. Papan kanggo majang keris iku mau diarani Blawong. Miturut pratelane dosen FSSR UNS, Rahmanu Widayat, ana ing masyarakat pesisir kayadene Banyumas lan kang ana ing sadawane jalur Pantura, nduweni tradisi kang khas, yaiku paesan kang ana ing omahe. Wujude maneka warna Blawong lan jangkep sakerise, mligini paesan iku dipajang ana ing tembok omah ngarep. “Blawong digandrungi karana nduweni kaluwihan ing babagan kaendahane kang dhuwur. Saliyane iku uga dadi simbol wujud penjaga, kaya dene tombak kang dipajang tumprape wong Jawa. Yen disawang saka tegese, aran Blawong yaiku mbelani wong utawa mbelani kautaman,” pratelane marang Joglosemar ing papan pakaryane. Luwih tandhes, dheweke ngadharake kaya dene umume wong Jawa, keris dianggep dadi pusaka kang nduweni kaluwihan lan karakter seje. Mula, ngrembakane Blawong ora bisa dipisahake saka kaendahan keris. Amarga, saben keris biyasane digawe kaya dene sifat pawongan kang bakal nduweni keris iku. Saikine, wujude Blawong wus maneka warna kreasine. Ana kang memper gunungan ing pewayangan lan uga ana wujud lakon wayang sarta ukiran kang maneka warna lan endah kreasine. Nanging, saben wujud kang dipilih kudu tansah nggatekake karakter keris lan uga karakter pawongan kang nduweni keris mau. “Ning wujude Blawong kang asli gaweane wong pesisir nduweni ciri kang seje. Kaendahan estetikane ora ana sing bisa nandhingi. Nadyan, sejatine katon ora merbawani amarga digarap migunakake perkakas kang mung sakanane, nanging malah asile nduweni kaendahan kang luwih. Saengga kesane sakral banget Blawonge wong pesisir iku,” jarene Rahmanu. Ing babagan iki, yen diudhari saka sisi sosiologi masyarakat pesisir, bisa disebut wong pesisir iku luwih blak-blakan lan ora seneng delik-delikan. Kosok baline wong Jawa kang luwih seneng majang kerise ana ing lemari lan diselehake ana ing jero kamar. Amarga, ora seneng pamer. Mula, Blawong masyarakat pesisir luwih katon endahe lan maneka warna wujude amarga karaktere blaka lan ora seneng nutupi. Nalika gawe blawong, paugeran lan laku uga kudu tetep diugemi. Amarga, warga pesisir majang keris ing blawong ora mung kanggo paesan, nanging uga kanggo panjagan. “Sejarahe biyen nalika ing mangsa kolonial wong Jawa yen ana gegeran ditandhani nganggo kenthongan. Banjur wong-wong padha metu lan nggawa tombak. Naning, keris

B

jenenge Sawer Wisa. Anakan kang wujud ula lan manuk mau jebul angel open-openane. Kabeh padha nakal. Kang wusanane gawe padu siji lan sijine. Amarga kalah pinter Dewi Ngruni isin, naging anakan wujud ula mau padha teka lan mbelani dheweke kanthi nyokot manuk-manuk mau. Nanging malah ketiwasan, manuk-manuk mau notholi ula mau nganti mati. Banjur, Dewi Ngruna nyabda, nganti Dewi Nruna malih wujud dadi raseksi. Miturut wejangane Bethara Surya, Dewi Ngruna didhawuhi nemoni Bathara Wisnu kang sejatine dadi embahe endhog mau, supaya diruwat.

Bubuk Oleh Leng

U

Joglosemar | Ahma

d Yasin Abdullah

Sawuse kedadeyan iku, Sempati kang didherekake manuk Jatayu lunga mertapa menyang Gunung Windu. Lan ula-ula mau kaget nyawang biyunge malih dadi raseksa banjur mlayu lan ambyur menyang segara. Nalika iku, ing kahyangan kahanane lagi ora aman amarga Prabu Sengkan Turunan saka Kraton Parangsari kepingin mundhut garwa Dewi Ngruna lan Ngruni. Prabu Sengkan Turunan lan sawadya bala prajurite nggempur Kahyangan Suralaya. Para dewa ora kuwagang ngadhepi kasektene para raseksa iku. Sawetara iku, Bathara Wisnu kersa ngruwat Dewi Ngruni

Ana ing Dalan Jenderal Sudirman njupuk tema Bima Suci. Ing kene ana pambeksa cacah 500 lan 750 siswa saka 34 provinsi ing Indonesia. Ing gelaran agung iku, Walikota Sala, FX Hadi Rudyatmo lan Wakil Walikota Sala, Achmad Purnomo uga melu gawe regenge acara kanthi melu mbeksa. Walikota kadhapuk dadi Bima lan Wakil Walikota minangka Resi Durna. n Ahmad Yasin Abdullah

Unen Unen

kanggone wong pesisir ora kanggo jaga-jaga kaya dene tombak. Iku kanggo panjagan ing babagan spiritual lan kemantebaning ati,” tandhese dheweke. n Ahmad Yasin Abdullah

Bathara UnenSurya UnenKrama Owah Dadi Resaksi athara Surya ing Kahyangan Ekacakra pikantuk garwa widodari cacah loro kakang adhi, aran Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Lan putrine Bathara Wisnu aran Dewi Kastapi kalawan Brihawan ngasilake endhog cacah loro. Banjur awit prentahe Bathara Guru, kaloro endhog mau diparingake marang Dewi Ngruna lan Ngruni. Endhog kagungane Dewi Ngruna sawuse netes wujude manuk cacah loro kang diparingi asma Sempati lan kang nom Jatayu. Sawetara iku endhog kagungane Dewi Ngruni netes dadi ula kang gedhe, lan diparingi asma Naga Gombang, lan kang cilik

bah taklim lan ragam Japin iku ana kaya gambus kang dadi tandha takzim lan pasrah marang Gusti,” panjelase Andi kang mbeksa kairing tembang Mesjid Mekah kang kenthel gendhing Melayu iku. Ana ing acara iku, saliyane ing ISI uga dianakake ing pirang-pirang papan, kayadene ing Dalan Jenderal Sudirman, Paragon Mall, Solo Grand Mall, Solo Square Mall, Bandara Adi Sumarmo, lan SMK Negeri 8 Sala.

nen-unen iki njelasake pakertine pawongan kang nduweni niyat ala naging antuk dalan kanggo mujudake niyat ala mau. Sejatine pawongan kang nduweni niyat ala ora bakal dadi ngapa yen durung kaleksanan. Nanging, yen wus kelaksanan bisa nekakake cilaka kang bisa bali ing awake dhewe. Tuladhane kayadene lakune Kangsadewa kang kepingin merjaya Kakrasana lan Narayana. Kacaritakake, Kresna yaiku putra kaping lorone Prabu Basudewa, ratu ing negari Mandura. Basudewa nduweni putra cacah telu, yaiku Baladewa, kang jeneng nome Kakrasana, Narayana kang nalika dadi ratu gelare Kresna, lan Rara Ireng, kang sabanjure dikenal kanthi asma Dewi Wara Sumbadra. Katelu sedulur putra Basudewa iku wiwit cilik dititipake ing padepokan Widarakandang, digulawenthah dening Ki Demang Antagopa, lan garwane Nyi Ken Sagupi. Ana kedadeyan sadurunge katelu putra Basudewa mau lair. Miturut kabar kang kabur kanginan, permaisuri Mandura, Dewi Maerah wus babaran putra kang wujude raseksa, lan sawuse gedhe dikenal kanthi asma Kangsadewa kang sesumbar bakal mateni kabeh adhi-adhine yen wus gedhe, supaya bisa jumeneng nata ing Mandura. Saengga kanggo njagani keslamatane Kakrasana, Narayana, lan Rara Ireng, katelu putra Basudewa mau disingidake ana ing desa plosok mau. Sawuse gedhe, lan rampung sinau ing desa iku, Kakrasana lan Narayana padha lunga kanggo ngumbara supaya pikantuk ilmu kanuragan lan kautaman. Ilmu iku disinau saka para resi lan begawan, lan anehe saliyane iku, Narayana uga pikantuk pasinaon saka alam impen nalika dheweke turu.

supaya malih ing wujud asline. Nanging syarate kudu gelem nyulik putri Prabu Sengkan Turunan kang asma Retna Jatawati. Kanthi pambiyantune Garuda Jatayu, Dewi Ngruni wusanane kasil nggawa Dewi Jatawati. Malah Jatayu uga kasil gawe para bala prajurite Prabu Sengkan Turunan kocar kacir. Mangerteni kahanan iku Prabu Sengkan Turunan murka lan banjur ngorak-arik Suralaya tanpa petungan. Wusanane ing perang tandhing iku, Jatayu bisa ngalahake Prabu Sengkan Turunan. Bathara Wisnu bungah kemayangan amarga Jatayu bisa

menang. Minangka tandha panuwun, Bathara Wisnu paring kanugrahan marang Retna Jatawati minangka garwane Jatayu. Kaya dene kang wus dijanjekake, Ngruni malih wujudi ing asline, yaiku wujud widodari kang ayu lan tetep manggon ana ing Nguntarasegara. Sawuse nyawang garwane malih dadi ayu maneh, Bathara Surya mbujuk supaya Dewi Ngruni gelem dadi garwane maneh. Nanging Dewi Ngruni nulak kekarepane Bathara Surya. Nanging, sawuse Bathara Guru, minangka sesepuhe para dewa paring prentah, wusanane Dewi Ngruni gelem bali dadi garwane Bathara Surya. n Ahmad Yasin Abdullah

Nalika kalorone bali menyang Widarakandang, Kakrasana lan Narayana malah antuk alangan saka Kangsadewa kang terang-terangan nantang kalorone. Dheweke nuntut hak ing atase tahta negari Mandura. Kangsadewa diewangi dening pamane kang kondhang sekti mandraguna, kang asma Suratimantra. Ana sawijining wewadi kang kebukak saka Kangsadewa yen sejatine dudu putrane Basudewa. Nadyan dheweke pancen lair saka guwa garbane Dewi Maerah, kang kepedaya dening priya kang sekti saka Bangsa Raseksa asma Gorawangsa. Gorawangsa nduweni ajian pangalimunan supaya ora saben wong bisa ngerteni, dene dheweke malih rupa ngemperi wong kang dipingini. Amarga kesengsem karo Dewi Maerah, Gorawangsa malih wujud lan njelma kayadene blegere Basudewa. Nalika iku, Gorawangsa bisa urip bebarengan karo Dewi Maerah pirang-pirang dina ing kraton Mandura, amarga Basudewa kang asli lagi nduweni tugas ana ing njaban kraton. Ing wusanane, Gorawangsa perang klawan Basudewa, lan Kangsadewa sarta Suratimantra nguber Kakrasana lan Narayana. Sawetara iku, adhine Basudewa, kang asma Ugrasena lunga menyang Hastinapura, njaluk pambiyantu marang kakang ipene, Pandu Dewanata. Kanthi pambiyantu saka Pandu kang teka bebarengan putra kalorone kang isih nom, aran Bratasena. Bratasena badane gedhe dhuwur tikel kaping loro katimbang rata-rata manungsa biyasane. Mula iku, Gorawangsa lan Suratimantra kasil kaperjaya. Kangsadewa kang kagelan sawuse bapa lan pamane mati, luput lan keperjaya dening Kakrasana. n Ahmad Yasin Abdullah

Dok


Issuu converts static files into: digital portfolios, online yearbooks, online catalogs, digital photo albums and more. Sign up and create your flipbook.