2 minute read

cerpen

Next Article
Bina rohani

Bina rohani

IstImewa

idholane.

Advertisement

***

Bubar mantenan olehe kekancan bocah loro gathuk meneh. Paran-paranan. Mita seneng banget ketemu Witri. lha mentas wae ‘kelangan’ Ratna sing bakal diboyong menyang Surabaya. Olehe kekancan karo Nugraha uga tansaya raket.

Bocah telu kompak banget. Yen ana sing oleh ordher njoged, mesthi kancane loro katut. Mita gela ora isa njoged klasik. Dadi ora isa njoged pasangan karo Nugraha. Dheweke mung bisa kemecer yen nyawang cah loro andhon katresnan neng jroning tarian.

Wis suwe Mita gandrung swarane leon agusta. Bareng tepung, winih katresnan saya ngrembaka. Dheweke lan Witri kerep ngancani Nugraha siaran. Saka Ra FM, Witri adate terus nyambut gawe neng mall, dadi announcer. Mita banjur diterke mulih karo Nugraha. Jagongan utawa mubeng-mubeng tanpa tujuan.

***

Mita klisikan ora isa turu. Sedhih, anyel, gela, geneya Nugraha ndadak lunga barang. Mita bar ditelpon Witri, jarene Nugraha oleh panggilan neng Jakarta. ateges bakal doh-dohan. Mangka atine Mita dikebaki blegere Nugraha. Neng ngendiendi mesthi diterke Nugraha. emane, Nugraha durung tau ngutarakke isen-isening ati. Nanging, Mita percaya menawa Nugraha uga nyimpen rasa tresna. Yen ora, mosok gelem ngeterke neng ngendi-endi.

Kacrita, Nugraha uga klisikan. Jane abot ninggalke Yogya. apa meneh kudu ninggalke Sawitri sing ditresnani banget. Mula saben ’peye’ mesthi ngajak Witri. Jalaran dheweke isa ngesok rasa tresnane kanthi sinamudana. arep crita karo Mita, dheweke isin. Sidane rasa tresna mung sinimpen ing telenging ati. Muga-muga Sawitri ngerti isen-isening atiku, arep blaka ora wani.

Mita ora ngeterke Nugraha neng stasiun. Wedi mundhak tangise wutah. Mula dheweke telpon Nugraha, kandha yen ora isa nguntabke merga ana acara. Jebul Nugraha sing neng omahe Mita pamitan. ”Selamat jalan ya, Nug, aja lali ro aku,” Mita alon karo ndhungkluk. Tangane diulungke.

“Mesthi ta, Mit, sesok aku mesthi kerep telpon,” Nugraha nggegem tangane Mita kenceng banget. Jantunge Mita kaya arep rontog. Mungguh ora isin, mesthi wis ngruket Nugraha. eman, Mita ora duwe kewanen.

Saungkure Nugraha, Mita dheleg-dheleg neng kamar. Mripate abang diucek-ucek. Dheweke mung isa ngarep-arep tumetese rasa tresna saka priya sing gawe ora isa turu. ”Nug, muliha nggo aku ya, Nug!” Mita ngusapi luhe. ***

Nugraha lendhehan lawang sepur, nyawang Witri sing ngadeg neng sandhinge. arep omong ora kewetu. Mula mung nyekel tangane Witri kenceng banget. Kaya ora bakal diculke.

“Wit ... suk yen bayarku wis mlumpuk, kowe bakal tak boyong neng Jakarta. awake dhewe mesthi bakal urip mulya, tur asring njoged bareng. Ngajari anake isa njoged, ben nguri-uri budayane dhewe.” Nugraha kandha sakjroning batin.

Sepur mlaku alon, tangane Witri ndhadhahi Nugraha. Dheweke rumangsa kelangan pasangane njoged, kanca apikan, lan enthengan.

Witri mampir nggone Mita. arep takon geneya ora ngeterke Nugraha. Witri ora nggagas yen Nugraha tresna marang dheweke. Sak ngertine, Nugraha karo Mita. Nugraha lunga nggawa pengarep-arep bakal methuk Witri, neng Witri ora mudheng. Mita bakal nunggu tekane Nugraha, ora ngerti jebul Nugraha tresna marang Witri.

Bale asri, 2009

antI dw mantan pegiat studi linguistik di Jurusan sastra Indonesia FIb Ugm.

This article is from: