7 minute read

Herry Santoso, Sri Rejeki Wahyuningsih, Leni NN., de Laras

Next Article
Kyla Gabka

Kyla Gabka

BASUNANDA

SRI REJEKI WAHYUNINGSIH

Advertisement

Den dhaup klawan lurung Kang katutup maneka bebendu Lir paring cecala Yen roga nembe agawe prahara Manungsa tanpa daya Harsana Malih sungkawa Gusti paring pacoban Mugi iman tansah jenjem ing dada Lelara kajuwara, enggalo lunga Basunanda Aku ngenteni udan, kang nuwuhake sih katresnan Awit sakmenika, makarya mung bisa sedhela Nanging kendhil kudu mlumah Manah kudu tabah, awit Ratri bakalane awan Pandemi bakalane sirna Pandemi paring piwulang Supaya manungsa golek pepadhang

( Sanggar Kangen, 22 Agustus 2021)

Sri rejeki Wahyuningsih, merupakan guru di MTs YAPPI dengok dan MST DQ. Karya 2 tahun terakhir antara lain: Antologi Geguritan Kala Rinonce (2020), Antologi Puisi Repertoar Perempuan, Antologi Cerita Rakyat Geger Bumi Pati (2020), Antologo Cermis Tintrim (2020), Antologi Pentigraf Anglaras Driyaswara (2021), Antologi Artikel berbahasa Jawa Miji Hutama.

PENGGALIHKU ING

Leni NN.

Sore tansah katon praupane ketawang ora biru Angin kang nglerepake jiwa Namung sengkuyung lungkrahe raga Angen-angen kang dadi labuhing penggalih Kok, yo tebih ing Wakatobi Penggalih rasa dibeta raga kang Mas Joko Sang abdi negara nderek siaga numpas bebaya Wakatobi Kapang ketawang saya gumintang Intan berlian ing penggalih kang panjenengan titipaken Tetep dakjaga, amrih samekta Sanajan dipisahke samodra namung tresnaku ra bakalan sirna Wakatobi, Sulawesi Entenono tresnaku methukke penggalih Sang tresna nggoleki penggalihe ing puncak Tomia Wakatobi

Leni N.N., sebagai penulis pemula diawali dengan sebuah penghargaan sejajar dengan 10 penulis Budaya Jawa Timur pada even Telaah Budaya lokal Jawa Timur. Judul buku solonya mampu berjajar dan dijadikan salah satu koleksi buku budaya lokal Jawa Timur dengan penulis lainnya. “Melintasi Budaya Kesenian Dongkrek” telah membawanya ke dunia menulis yang sebenarnya.

de Laras

Kelangan panjenengan anggawe atiku sedhih Kula ngurung piyambakan, sedhih sing pungkasane nandhang sangsara Amargi mlampah, ngalamun tanpa arah

Ing gerimis ingkang deres, eling suryanipun panjenengan Ingkang tansah ngasta tembung bingah Ugi nglelebke manah Dhuwur pangarep-arep mboten telas-telas

Babagan kangen, babagan katresnan Kula taksih nyebat asma panjenengan Ing ndalem kegelisahan lan eluh

Kula taksih kaparing nyekseni esemanipun panjenengan Ing watesan ngenteni lan kesabaranipun kula bilih taksih wonten raos wonten manah panjenengan Ngendika dhumateng kula, saengga kasusahan menika rampung

Kula taksih nggadhahi pangarep-arep, menyatke kasusahan Ing pandonga sing dakaturake marang Gusti Allah Kula mboten pengin katresnan sejati dipungkasi pupus sareng wekdal

Alam ingkang manggihaken kita Gusti Allah mesthi kagungan rencana ingkang sae

GURITAN PUNGK A S AN K AGEM JENG ANIK…

HERRY SANTOSO

SUWASANA ing njaban omah wis sepi, senajan pandome arlojiku isih ana angka 8. Jeng Anik isih gojegan karo Lina, adhiku. Cah loro kuwi yen guyon sok keladuk. Kaya wingi kae, ya mung jalaran Lina ndudohne ulo ijo saka karet silikon, Jeng Anik nganti munggah meja karo jelih-jelih histeris. Adhiku ragil kuwi yen guyon sok aleman. Ulo saka silikon kuwi disawatake cah ayu, putrine Pakde Sumadi tangga mepet pager kuwi. Ya gene meh saben dina, yen lagi liburan sekolah, Jeng Anik ajeg mara menyang omahku. Kala-kala uga ngancani aku nglaras gitar ing taman ngarepan karo melu nyanyi. "Aku tak nyanyi ya, Mas?" Dheweke njejeri lungguhku. "Nyanyi apa?" "Mas Narno ngersakne lagu apa?" "Sing nyes, pokoke." "Weee ..., panjenengan lagi kasmaran, tha?" "Iya, iki," Aku mesem sepa. "Karo sapa tha, Mas?" "Cah ayu tangga mepet gedheg!"

"Weee ..., ngaco!" clathune karo meleti aku. Ing langit wengi ana rembulan bunder sak tampah gedhene. Uga mega kapas liwat nutupi rembulan sing andadari kuwi. Suwasana dadi rada surem. "Age, tha. Jare arep nyanyi!" "Sing nyes?" pitakone karo mleroki aku.

Aku ngguyu. "Kok, nggujeng?"

"Yen ora kudu ngguyu piye jal? Nyawang slirane arep nyanyi wae kok kaya pitik arep ngendhog, memeti. Hehe ...!" jareku kekel. "Emoh aku." Jeng Anik menyat, ning age-age tanganku nyaut tangane. "Kok arep ngalih?" "Lha panjenengan mbeda aku wae, je !" Praupane sajak sengol, jalaran atine kagol. "Ora-ora. Kene, lungguh jejer kene sayang, mesem, tha. Aja suntrut ngono kuwi. Mundhak ilang manise lho!" clathuku. Jeng Anik njegugi lengenku. "Mesem sik, age ..." bacutku karo nyawang lambe sing nyuplik kuwi. Jeng Anik mlerok karo mesem ngujiwat. Jangkrik. Jantungku rasane kaya arep ambrol sanalika. Dakpandeng sauntara dheweke krasa. "Lek nyawang aja kaya ngono, tha, Mas ...." "Lho, ngapa, tha ?" "Socane panjenengan kaya mripate manuk wulung. Medeni," guneme rada serak. "Apa tekan atimu?" jareku karo nyawang dheweke. Jeng Anik manthuk blaka. Atiku goreh sakala.

Ing langit ana mega klawu ngregemeng ngalingi rembulan nalika drijine cah ayu kuwi tak regem. Nanging, aku njingkat nalika dumadakan Lina wis njedhus ana mburiku. "Ayo nyanyia, Dhik!" aku nylimur ngemu kisinan. Embuh, adhiku kuwi mau weruh apa ora. "Ho'oh. Lagune Separuhku, ya, Mas?" "Emoh!" "Lho, ngapa, tha?" "Kudu kabeh. Aja mung separo!" bacutku isih mbeda dheweke. "Judhule, judhule, lagu kuwi Separuhku, Masku sing gantheng ....!" Jeng Anik njiwit lengenku. "Sip," jareku. Lina wis mlebu ngomah wiwit mau. "Kae, lho, Dhik. Delengen rembulane arep dipangan buto!" "Endi, Mas?" Jeng Anik ndhangak. Kesit kaya thathit aku tak aras pipine.

"Hiiih...akal, iki," jarene karo ngelus pipine sing mentas tak sun. "Kae lho rembulane padhang maneh. He he ...," gunemku nylimur karo ngempet guyu. Jeng Anik nutupi praupane karo tangane. Ing langit wengi katon mega. Kaya bathik kaligrafi. Nggambar tresnaku ing telenge ati.

Bubur ayam sing ana tanganku meh kutah. Aku gragapan tangi saka lamunan sing ngayawara kuwi. Jeng Anik njawil lengenku. Saiki sisihanku kuwi wis katon tuwa. Rambute sing biyen ngandhanngandhan meles sabokong, saiki gundhul prul. Gilap pindha diampelas. Isuk kuwi Jeng Anik tak dulang bubur ayam olehku tuku saka lor pasar. Ya, gene mung oleh limang sendhok anggonku ndulang, dheweke wis emoh. Aku ora meksa mergane kesehatane durung pulih tenan sawise kemotherapy. Kanker payudara sing nyusuh ana awake bojoku sing jebul wis taunan suwine. Sasuwine kuwi uga aku mung nganggep lara biasa. Bubar tak dulang bubur ayam, age-age aku banjur nyeka tutuk lan awake nganggo banyu anget kanthi welas asih, banjur dakwedhaki, tak ginconi. Katon ana banyu bening sing ketes saka mripate bojoku ngliwati pipine sing wis katon kendho. "Ora usah muwun, Jeng. Musibah iki sejatine minangka barokahing Gusti Allah sing tansah welas asih marang slirane. Mula panjenengan kudu sareh, tansah sumendhe marang panguwasaning kodrat. Lelara sing panjenengan sandhang, mujudake pertandha yen Gusti Pengeran isih sayang lan asih. Mula aja wedi. Tansah semangat, ya, Jeng ...." Ngono anggonku nuturi Jeng Anik kanthi kalem, alus, lan ulem. Dheweke kala-kala mung manthuk karo ngusapi luhe sing dleweran nelesi pipi. Tak aras alus sirahe sing plonthos kuwi. Dheweke banjur ngruket awaku. Ing njaban omah katon udan riwis-riwis ndadekake swasana krasa atis.

Dokter Januarta nimbali aku supaya ngadhep panjenengane. Atiku krasa ngedhap nalika dokter spesialis kuwi dhawuh yen penyakite bojoku wis nyebar sadhengah panggon ing awake. "Lajeng kadospundi, Dokter?" pitakonku ngrontak. "Kedah ndonga, Pak. Mbok bilih taksih wonten mukjizating Gusti," dhawuhe. Mung kuwi. Aku banjur mlebu kamar rawat inap VVIP rumah sakit.

Aneh. Pasuryane bojoku katon sumringah. "Mas ...," suarane lirih. "Ana apa, Jeng?" "Panjenengan priya sing hebat. Aku bombong duwe bojo panjenengan," tembunge ulem karo mesem. Drijine sing mucuk eri kuwi ngregem tanganku. Dheweke banjur nerusake guneme, "Aku nyuwun pangapura saka sakabehe luput lan dosaku, ya, Mas ...," bacute lirih banget. "Sliramu ora dosa. Aku sing salah, Jeng. Kabeh kaluputanmu wis tak ngapura," jareku.

Jeng Anik mesem. Alon-alon cahyane ing praupane bojoku bali surem, pucet. Aku kaget. Ambegane uga saya cekak. Aku mlayu menyang ruang jururawat menehi informasi yen kondhisine Jeng Anik bali mlorot maneh. Tak kekep dheweke, tak bisiki tembung tayyibah : Laa ilaha ilallah.

Napase terus munggah ing gorokane, cekak, lan pungkasane banjur angles.

"Innalillahi wa inna ilaihi roji'un …." Mung iku sing kawetu saja lambeku mbarengi uncate sukma saka ragane Jeng Anik. ***

Chadhikala katon maya-maya ana sisih kulon nalika aku mungkasi maca Surat Yasin ana makame almarhumah. Udan grimis riwis-riwis ora dakrasa. Guritan sing mentas dakrakit lan daktulis ana sadhuwure mika laminatingan banjur tak lem ing maesane bojoku.

Megatruh ing Wayah Esuk ( Kagem Jeng Anik Swargi )

Udan wayah isuk nggawa hawa atis Nyiram kembang megatruh klebus luh Ya gene kowe lunga ninggal suwung tumlawung Ning esemu isih keri ing mega lan mendhungmendhung Aku iklas kowe budhal tanpa tilas Tak regem critamu nganti pamugkas Campur kembang gurit linungit "Wilujeng tindak, Jeng Anik" Mung ana megatruh lan luh sing dadi prasastri… (CUTHEL) 

Kediri, 23 Agustus 2021

Herry Santoso, (aktif nulis cerpen, novel, puisi dan artikel novel terakhir 'Cerita tentang Rani', Diva Press, Jogjakarta, 2019. Kini juga mulai menulis cerita berbahasa Jawa).

SUNDANESE LUCIFER

This article is from: