Solopos edisi Kamis, 12 Mei 2011

Page 21

SOLOPOS

Jagad Sastra

8 Jumadil Awal 1944 Kemis Kliwon 12 Mei 2011

IX

Upacara adat kangge formalitas ? (II)

Tatacara Jawi kedah runtut l Dening: B Suseno SH MSi

S

asampunipun panglamaripun dipuntampi, tiyang sepuhipun lare jaler nglampahaken tatacara paningset ingkang teges haningseti rembagipun tiyang sepuhipun la-

re estri. Pramila sawatawis ubarampe ingkang kapasrahaken dhateng tiyang sepuhipun lare estri. Sedaya ngemu pasemon suraos pangajab sae badhe jejodhoanipun anak. Bakuning paningset ingkang wujudipun setagen utawi paningset pinangka pasemon haningseti rembag sasampunipun ing sami badhe bebesanan gambuh ing pemanggih hanjodhoaken anak. Sesupe utawi ali-ali ingkang lus tanpa barleyan teges raos tulus tanpa tidha-tidha. Sindur utawi slindur pasemon manunggalipun jaler lan estri teges jodho, Semekan utawi kemben (sapunika kagatos kotang) pangajab sae rumeksa kasuburaning wadhah bayi inggih saening turun, sinjang truntum gegambaranipun jagad ingkang padhang lan peteng ingkang dados pasemon pangajab kuwawi ngadhepi kawontenan ingkang warni-warni, inggih padhang lan peteng. Kajawi punika ugi kajangkepan abon-abon paningset, kadosta, pisang ayu satangkep (pi-

A

ku bablas arep mlebu ngomah. Nanging lawang ngarep dikunci. Aku ora ngrewes karo Marto sing ana kono. Kunci dakgoleki, padatan diseleh ing pot gantung cedhak cendhela. Pancen bener kunci kuwi ana. Lawang banjur dakbukak. Dakubengi omahku kabeh ruwangan dakleboni, nggoleki bojoku, Narni. Nanging ora ana. Ora ketemu. Atiku wiwit goreh. “Pur..., Purnomo!” Kang Marto njelih saka njaba. Aku enggal mlangkah metu saka ngomah. Ing njaba kang Marto malah nampa telpun karo sawijining pawongan. Aku unjal napas landhung banjur lungguh ing kursi sing ana teras ngarep kuwi. Weruh aku, kang Marto banjur rada ngadoh anggone telpun. Mbokmenawa wedi yen aku krungu anggone rembugan. Kang Marto anggone telpun rada suwe. Sawise rampung banjur mlaku nyedhak aku. “Manuke dakjupuk sesuk wae ya, Pur. Iki sing arep nuku malah ora ana ngomah. Kon ngeterke sesuk wae.” Kandhane Marto ndadekake atiku krasa luwih kepenak. Ateges aku isih duwe wektu sewengi maneh kanggo ngudhari reruwet iki. Ngono ing batinku. “Yawis sakarepmu, Kang. Lha iki dhuwite yen arep kogawa bali dhisik.” Aku ngelungake dhuwit sayuta marang Marto. “Wis gawanen wae. Mengko yen sing nggawa aku malah bisa entek, ora genah tumanjane. Wis ya, aku dakbali dhisik.” “Ya. Matur nuwun.” Wangsulanku rada lega. Aku enggal nyoba telpun Narni. Nanging cabar awit nalika daktelpun pranyata hape-ne muni ana kamar. Ateges lungane Narni ora nggawa hape. Aku dadi tambah bingung. Walah-walah..., gara-gara manuk pikiranku dadi salang tunjang. Aku menyang pawon, ngombe banyu putih. Kringetku dleweran. Aku dadi rumangsa luput marang Narni. Muga-muga wae Narni ora tumindak nekad utawa tumindak sing ora-ora. Aku dadi buneg nalika kelingan pawarta ing tivi ana wong wadon nganyut tuwuh awit disrengeni bojone. Atiku trataban.

sang raja) pangajab pikangadhah damel, kadosta uwos, tuka kaluhuran lan kamulyan bumbon lan sapanungalanipun. pindhaning nalendra, setangPangiring punika namung pikep teges sajodho. Suruh ayu nangka jejangkep, mila senajan (matemu rose) teges ketemu dipunbetahaken namung boten rasane, pasemon nunggil rakalebet baku kawawas saking suos ing antawisipun jaler lan raosing pralambang, pangajab. estri. Sekul golong pasemon Kanthi mekaten cetha bilih golonging manah anggenipun yektosipun tatacara jawi punibadhe jejodhoan. Jeram guka pinanggih nalar lan ugi runlung utawi glundhung tegestut. Namung emanipun dayaipun pasrah saenipun lare ingning jaman sarta melik tembung Dok kang badhe jejodhoan. Tebu ringkes sarta winatesing pangerB Suseno SH MSi wulung, wulung teges diwatosan kalanipun ndadosaken taGuru Sanggar sa, tebu teges bebakalaning tacara adat jawi hanjodhokaken Pasinaon Pambiwara memanis pasemon sasamanak ingkang yektosipun runKaraton Surakarta puna diwasa pikantuka metut sarta pinanggih nalar lajeng manising gesang, inggih eca ngalami ewah-ewahan. sakecaning lelampahan. MaUgi asring kalampahan, nalinawi boten dangu badhe kalampahanipun ijab ka malem midodareni nembe lumampah tapaningkah saged dipun jangkepi cengkir ga- tacara srah-srahan paningset, punika ugi ndadhing pasemon pangajab kasuburanipun wa- dosaken tatacara adat jawi lajeng karaos ugi dhah bayi, teges cepak anggadhahi turun. boten runtut sarta mboten nalar. Punapa maWonten ubarampe sanesipun ingkang bo- lih calon penganten kakung sonten saderengten kalebet baku, namung ing wekdal punika ipun sampun nglampahi tatacara siraman, kepara kados-kados dipunanggep wigatos, ing- ugi kasengker. Bibar srah-srahan paningset gih punika pangiring. Punika wujudipun bo- lajeng jonggolan kalajengaken tumedhakipun ten kapatok. Limrahipun wujud penganggen kembar mayang punika ingkang ndadosaken kangge lare estri ingkang badhe jejodhoan, re- tatacara boten runtut. dana sarta ubarampe kabetahanipun tiyang Tatacara paningset punika tegesipun ha-

Ah..., Narni kuwi wong wadon sing tabah. Ora bakal tumindak kaya mangkono. Batinku nyoba nglipur atiku. Nanging aku kelingan nalika aku srengen marang dheweke, katon banget yen dheweke ketaton, ora wangsulan apa-apa, amung ndhingkluk karo ngusapi luhe sing ndlewer ana pipine. Jan..., kok aku ya bisa srengen lan tega kaya mangkono. Narni kuwi cedhak banget karo bulike, jenenge Bulik Wiji. Mula aku enggal nyoba nelpun BulikWiji. Nanging ora diangkat. Dakcoba maneh, nanging uga ora diangkat. Tanpa mikir dawa aku enggal nyetarter motor, nggeblas menyang omahe BulikWiji. Adohe omahe BulikWiji karo omahku udakara sepuluh kilometer. Motor dakplayokake sakbanter-bantere. Ana ing enggok-enggokan aku isih numpaki motor kanthi banter, ora ngira sawise menggok aku ora ngerti ana sing nyabrang dalan, nyoba dakenggokake motorku, nanging amarga motorku banter angel dikendhaleni. Sidane motorku tetep nyrempet kurungan manuk sing dipikul pawongan sing nyabrang kuwi. Mesthi wae pawongan kuwi tiba sak sing dipikul sisan, yakuwi kurungan manuk cacah wolu tiba. Isih untung dene manuke ora padha ucul. Enggal wae aku mandheg lan menehi pitulungan marang bakul manuk kuwi. Tujune kahanan papan kuwi sepi, dadi ora ana sing ngerti, upama ana sing ngerti wis genah aku disalahake awit aku pancen ya salah. “Pripun, Pak? Menapa wonten ingkang tatu?” Aku maspadakake kahanan bakul manuk kuwi. “Boten, Mas. Boten napa-napa. Niki namung mlecet sekedhik.” Pawongan kuwi nuduhake kemirine sing mlecet. “Niki mangke kanggo tumbas

Manuk (II) obat merah, nggih. Nyuwun pangapunten, kula nyrempet njenengan wau boten kula jarag.” Aku ngulungake eketan ewu marang bakul manuk kuwi. “Nggih. Boten napa-napa. Sampun boten sisah repot-repot. Kula aturi ngasta kemawon artanipun. Kula boten menapa-menapa.” Kanthi alus bakul manuk kuwi nulak dhuwit pawehku. Aku gumun, dene ing kahanan kaya mangkono isih ana wong sing perwira. Aku dadi isin karo awakku dhewe. Apa wae sing daktindakake mesthi duwe pangarep-arep oleh dhuwit utawa oleh bathi. Nanging bakul manuk kuwi kesempret pit montorku, satemah tiba, tatu lan mbokmenawa uga lara, nanging ora gelem nampa pawehku. Pranyata ing donya iki isih ana wong sing apik bebudene. Aku enggal nerusake laku. Semono uga bakul manuk kuwi uga nerusake laku. Tekan omahe BulikWiji kirakira jam lima sore. Kahanan wis eyub. Pranyata BulikWiji ora ana ngomah. Omahe suwung. Mbokmenawa nembe menyang sawah. Daksusul menyang sawah, lan pancen BulikWiji ana sawah. Aku enggal crita sing ke-

ningseti rembag sasampunipun panglamaripun katampi, dene tatacara rerangkenipun punika liron kalpika, liron kalpika punika pinangka cihna resmining pepacangan. Bibar pasrah paningset punika nembe karembag dinten tempuking perlu anggenipun ngemahemahaken anak.

Piyambak-piyambak Manawi tatacara pasrah paningset punika kalampahan ing malem midodareni punika senajan ringkes namung teges sauger netepi lampah adat, nalaripun manawi sampun malem midodareni punika teges dinten tempuking perlu sampun gumathok, inggih punika dinten candhakipun. Kamangka pasrah paningset punika teges haningseti rembag, punapa malih manawi nembe lampah panembung utawi panglamar ing malem midodareni, punika nama boten runtut. Tatacara panembung utawi panglamar sarta tatacara pasrah paningset punika kalebet rerangkening tatacara hanjodhokaken anak, namung sanes rerangkening tatacara mantu mila manawi kadadosaken setunggal pinanggihipun boten runtut. Tatacara panglamar, srah-srahan paningset sarta mantu punika piyambak-piyambak. Pilahipun tatacara hanjodhokaken anak kaliyan mantu punika bilih tatacara hanjo-

nuk sing pating cruwet ocehe ora dakgagas babarpisan. Kamangka padatan ocehe manuk kuwi banget mranani ing atiku. Nanging wektu kuwi babarpisan ora rumasuk ing atiku, malah kepara nambahi kemrungsung pangrasaku. Hape-ne BulikWiji muni. Ana telpun sing mlebu. Bulik Wiji katon mesem. “Narni ana ngomahku, saiki ayo bali menyang ngomahku.” Kandhane BulikWiji bungah. Sing telpun mau tanggane BulikWiji. Ngandhani menawa ngomah ana dhayoh. Pranyata dhayohe kul Dening: Al Aris Purnomo wi ora liya ya Narni, bojoku. Aku unjal napas landadeyan dina kuwi. Sawise krungu critaku, BulikWiji uga ka- dhung..., sadawa-dawane. Dhaton kuwatir. Mau dheweke ora dhaku krasa plong. Matur nuwun nampa telpunku awit hape-ne Gusti. Tekan omahe BulikWiji, Narditinggal ngomah. Bulik Wiji banjur ngajak aku ni banjur dakrangkul kenceng menyang poliklinik “Sahabat Ibu” banget. Dheweke nangis mingsing padatan Narni priksa ing seg-mingseg. Rambute dakusap kono. Petugas crita yen mau du- kebak katresnan. Sawise rada rung suwe pancen Narni saka ko- aring, dheweke banjur crita, meno, nanging jare wis bali. Petu- nawa mau saka ngomah ngojek gas kuwi uga crita yen Narni ka- menyang poliklinik. Saka politon sedhih lan katon bubar na- klinik njujug omahe BulikWiji ngis. Malah mau uga isih katon nanging suwung. Narni banjur mbrebes mripate. Adhuh...Nar- mubeng menyang mburi omah. Ing kono ana kali cilik sing bani..., apuranen aku. Aku nyoba telpun hape-ne nyune mili bening. Narni banjur Narni, mbokmenawa Narni wis ngleremke pikir ana kono. Sawise leren sedhela, Narni tekan ngomah. Nanging ora diangkat. Ateges Narni durung dakajak bali mulih. Aku kandha tekan ngomah, utawa Narni ora yen aku wis ora nesu. Lan pragelem ngangkat telpunku jalar- janji, wektu teruse mbudidaya an nesu karo aku. Ah..., aku da- ora bakal mbaleni nesu kaya di tambah rumangsa luput. Bu- mangkono maneh. Tekan ngomah swasana wis lik Wiji uga banjur nelpun kabeh sedulure. Nanging ora ana peteng. Aku rada cingak awit sing ngerti Narni ana ngendi. ing kursi teras ngarep ana boMaratuwaku ya wong tuwane cah cilik lungguh. Aku ora pangNarni uga ora ngerti. Bapak sim- ling menawa kuwi Arif, anake bokku uga ora ngerti Narni ana lik Mijan, tanggaku. Sing mangendi. Aku mesthi wae tam- rakake aku luwih cingak yakuwi bareng ngerti yen Arif lungbah goreh. Bulik Wiji ngajak aku bali wae, guh kursi karo ngelus-elus jambokmenawa Narni wis ana ngo- lak putihku. Manuk sing mau mah. Aku manut. Nalika tekan ucul saka kandhange. Matur nungomah, omah isih suwung. Ma- wun Gusti. o Cuthel

dhokaken anak kawiwitan saking tatacara panembung ngantos ngundhuh penganten, dene tatacara mantu punika mligi ing lampah kuwajibanipun tiyang sepuhipun lare estri ingkang ngemah-emahaken anak, inggih wiwit sowan leluhur, pasang tarub ngantos tempuking perlu inggih ing tatacara panggihing penganten sarta sepasaran penganten. Runtuting lampah, tatacara hanjodhokaken anak punika wiwit tatacara panglamar kanthi dipun saranani serat panglamar, dening tiyang sepuhipun lare estri sasampunipun sarembag nampi panglamar lajeng suka wangsulan bilih panglamaripun dipun tampi, sasampunipun nampi wangsulan lajeng lampah tatacara srah-srahan paningset, lare jaler-estri ingkang badhe jejodhoan lumebet ing mangsa pepacangan. Salajengipun ingkang sami badhe bebesanan sarembag namtokaken dinten tempuking perlu anggenipun badhe dhaupaken anak. Ing dinten tempuking perlu lumampah tatacara adat mantu. Dene sepasar dinten sabibaripun lampah tatacara nyukani nama sepuh dhateng penganten sarta lumampah penganten kahundhuh mantuk dhateng tiyang sepuhipun lare jaler. Kanthi mekaten kaleksananing tatacara adat jawi penganten punika runtut sarta pinanggih nalar. Nuwun. o

Macapat p Serat Walisana pupuh pupuh Dhandhanggula pada 7 dumugi 8. 7. Adoh kadohan tingale pangling, Aparek pan mangke kaparekan, Tan wikan panji rupane, Den sidhep iku dudu, Lamun reke panji angringgit, Baloloken ing warna, Sakeh kang andulu, Lir Wisnu kalawan Kresna, Nora Wisnu nanging Kresna Dwarawati, Kang mumpuni Negara. 8. Wisesa Kresna jati siniwi, Kang pinudyeng jagad pramudita, Tan ana wruh ing polahe, Mung Kresna jati Wisnu, Kang amanggih datan kapanggih, Pan iya iku tunggal, Ing kajatenipun, Prakarane ana jagad, Ametokken kawignyan Sang Wisnu murti, Nyata kang aran Kresna. Kapethik saking buku Serat Walisana ingkang dipun tedhak dening Hardjawidjaja, ing Batavia, 1848-1918, kawedalaken dening Boekhandel Tan Khoen Swie, 1938

Geguri Geguritan l Dening: Pembrayun Miji Lestari SS MHum

Ing kekeban pati Banyu kang kimplah-kimplah ing tengahing segara agawe ati bungah banyu katon mlayu-mlayu kaya-kaya lagi dolanan kaya bocah cilik kang lagi gojegan Sumilir angin andadekake kapal isa mlaku tumuju tengahing segara banyu segara uga bisa dadi petaka agawe ati susah, kelarah-larah Dumadakan… gedhening ombak ngantem kapal wuss… wuss… wuss… byuuurrr… Ati kroncalan sakojur awak gemetaran munggah-mudhun, ngiwa nengen kapal diuyek-uyek banyu uga angin suara pating jlerit tetangisan, dzikir tumplek bleg kaya-kaya malaikat pepati ndhekep bakal anyabut nyawa-nyawa ing tengahing segara Lombok, 2010

Endah kang ngapusi

Dhudah Buku Babad Tanah Jawa (XXXVII)

Raden Lembupeteng kadhawuhan tapa brata l Dening: Damar Sri Prakoso

K

ocapanipun Raden Lembupeteng sampun antawis dangu wonten Tarub, sanget kinasihan marang Ki Ageng, anggenipun mucal muruk panganggepipun inggih kados putranipun piyambak. Punapa malih Ki Ageng sampun pirsa ing saderengipun bakal kedadosan lelakon, ubenging jagad, mila tansah pinardi marang kautaman, saha kawruh ingkang rungsit-rungsit. Dhasaripun Sang Binagus pancen bocah mursid, punapa ingkang dipunwucalaken sampun kaserat sajroning batos. Dene dhedhasaring panggayuh supados kasembadaning sedya, Raden

Lembupeteng kadhawuhan tapa brata, ananging kasasabana sarana tegal sawah nandur gaga, supados boten ketingal melok ing kathah. Raden Lembupeteng ugi datan lenggana, namung mituhu punapa ingkang sampun dipundhawuhaken dening Ki Ageng. Saben dinten Raden Lembupeteng tansah wonten sawah kemawon, nenandur werni-werni, ketingal asri tanduranipun. Menawi wanci surup nembe kondur dhahar, enjingipun budhal malih dhateng sawah. Kados makaten saben dintenipun, dene wanci siyang boten nate kinirim punapa-punapa. Dhek semanten

Raden Lembupeteng nembe dhemen wonten ing wana, ngantos kesupen pinten-pinten dinten boten kondur, menawi dalu sare wonten gubug ngiras nengga sawahipun. Kacariyos nirara Nawangsih, wancinipun ndungkap birahi sekar, sansaya wimbuh ayunipun, lelewanipun merakati, pakulitanipun kados pradha binabar, menawi cinandra kirang papan tirah werni, satuhu ratuning ayu, kadya jambe singar lawan ingkang ibu. Nuju sawijining dinten Ki Ageng ngandika: Nini iki wis wancine surup, lah dandana nuli ngirima kakangira, dene wis pi-

rang-pirang dina ora mulih, mula becik kirimen wae menyang pagagan. Rara Nawangsih lajeng dandan, sarampunipun nuli nggendhong sumbul isi sekul lan lelawuhan, asta kiwa nyangking kendi, ingkang tengen woh-wohan, lajeng budhal dhateng pagagan. Yata Raden Lembupeteng ingkang wonten pagagan sampun mirsa menawi ingkang rayi ngirim, lajeng gupuh-gupuh nyandhak kirimanipun. Dene ingkang dipuncandhak wowohanipun, saking kesesanipun wowohan wau runtuh, arsa cinandhak klentu astanipun ingkang rayi ingkang dipuncepeng, menggah panyepengipun wau mawi raos ndudut manah, dados boten bares. o

Sejatine wong ngaurip iku mung wang sinawang sesawangan ijo royo-royo katon cetha wela-wela gumebyar endahing donya cemlorong ketok mata endah kang sarwa sinawang Bandha bandhu, kamulyan arupa pangkat drajat lan berkat njalari jalma manungsa nekad marga iku mau marahi donya kiyamat Sukete liyan katon byaarr … padhang jingglang katon edi peni apik, nyenengake nyengsemake marang sapa wae kang seneng nyawang sesawangan Ananging sesawangan iku ngapusi sesawangan iku kaya bleduk katiup angin mabur, ngilang muksa muspra, ora ngerti tekan ngendi parane Klaten, 2010


Issuu converts static files into: digital portfolios, online yearbooks, online catalogs, digital photo albums and more. Sign up and create your flipbook.