SOLOPOS 28 Mei 2009

Page 26

JAGAD

Suplemen Harian Umum SOLOPOS

Kalawarti III/No 103/Mei/2009

Purwaka Transformasi budaya Jawa

awa J

Kemis Legi

Gegaran ndayakake budaya Jawa

Dening: Manaf Maulana, panganggit lan sutresna budaya Jawa ing Purwodadi, Grobogan. udaya Jawa kondhang asipat momot kamot. Budaya Jawa bisa urip sesandhingan, kepara nyawiji kalawan budaya liya. Kasunyatan iki bisa kadulu ing maneka perangan uripe wong Jawa. Ing jagad seni cetha wela-wela dumadine transformasi budaya sing merdekake babagan momot kamot kuwi. Mangkono uga ing bab kaperIst cayan. Wong Jawa sing wus ngrasuk agama Islam akeh sing tetep ngugemi oyot kabudayan Jawa. Suwalike, ora sithik anane wong Islam sing sadurunge durung tepung marang kabudayan Jawa, nalika wus tepung ya banjur adreng nggilut budaya Jawa. Saiki arang banget ana santri sing madhakake seni budaya Jawa karo tumindak maksiat. Akehe piranti musik rebana kanggo ngiringi tembang-tembang campursari sajake bisa dadi paseksen yen transformasi budaya Jawa wus lumaku kanthi banter. Transformasi budaya kasebut pancen jumbuh karo owah-owahan jaman. Kepara budaya lan agama bisa nyawiji amarga pancen siji lan sijine padha-padha butuhe. Ing babagan ngugemi budaya lan ngrembakane seni, antarane kaum santri lan kaum abangan saiki wis ora ana bedane maneh. Malah saiki wis akeh mubalig sing wasis banget nembang Jawa (macapat), nembang ndhangdhut apadene nembang campursari nalika ngudhar gagasan lan wicara ana ing acara-acara pengajian, ing mesjid-mesjid utawa ing panggonan-panggonan liyane. Yen mubalig wis fasih banget nembang ndhangdhut, mesthine sadurunge wis gladhen kanthi temen-temen. Lan cethane, mubalig-mubalig sing wis pinter nembang ndhangdhut lan macapat cetha wis ora mathuk maneh marang rerasan yen seni iku padha utawa cedhak karo tumindak maksiat. Kaya mangkono iku bisa diarani transformasi budaya ing kalangan Islam lan budaya Jawa sajake pancen lumaku kanthi lancar. Kepara antarane siji lan sijine padha-padha butuhe lan padha-padha nguwati. Nalika jaman Walisanga, bedane santri lan abangan pancen cetha wela-wela. Sunan Kalijaga kasil ngilangi wates antarane santri lan abangan kuwi mau lumantar budaya Jawa, yakuwi nyawijekake seni tradhisi Jawa lan dakwah Islam. Wusana transformasi budaya lumaku kanthi lancar. Lamun ana mangsane yen bedane santri lan abangan diributake maneh, banjur ana sing kandha yen seni kuwi padha karo maksiat, jan-jane amarga pancen luwih akeh ”wong abangan” sing nggilut jagad seni tinimbang wong-wong sing katelah kelas santri. Contone seni tayub, wayang, ludruk, ketoprak, ana sing nganggep kenthel werna maksiate, jalaran akeh senimane sing karem ngombe minuman keras, toh-tohan lan madon. Ing titi wanci pungkasan iki transformasi lan sesrawungan budaya antarane Islam lan Jawa sansaya ngrembaka. Kayadene pepanthan musik Kyai Kanjeng sing ditindhihi budayawan Emha Ainun Nadjib, kasil nyawijekake sholawat Nabi lan gendhing-gendhing Jawa sing dipepaki musik modheren. Saiki Kyai Kanjeng akeh sing nyebut minangka tetenger kasile transformasi lan sesrawungan budaya antarane budaya Jawa lan Islam. Budaya Jawa dhewe wose pancen asipat religius. Wiwit ja majuja nganti saprene, budaya Jawa yekti tansah momot kamot lan nut jaman kelakone. o

B

KRiiiNG JAGAD JAWA &

Soeyono (Pajang, HP 081329960XXX) Katur pengasuh rubrik Jagad Jawa, kaya-kaya tembung ”wis” kuwi wis ilang saka kamus basa Jawa lan pocapan basa Jawa. Nyatane ing Jagad Jawa koran iki anane tembung-tembung wis kabeh migunakake ”wus”. Nyuwun diparingi katrangan babagan iki. Maturnuwun. l Tembung wis tuwin wus ngandhut teges ingkang sami, inggih punika sampun, telas, rampung. Kalih tembung punika saget dipunprangguli ing Bausastra Jawa-Indonesia anggitanipun S Prawiroatmojo. o

Kawruh Laku gawe keris (I) awijining wong sing pengin duwe keris kudu nekani utawa ngundang sawijining empu. Yen pawongan kuwi drajat lan pangkate luwih dhuwur tinimbang empu, upamane raja utawa pangeran, dheweke ngundang empu sing kabiji pinunjul. Nanging yen drajat lan pangkate luwih asor utawa padha karo empu, umume wong sing pengin duwe keris tumeka ing papan dununge empu. Nalika wus sapatemon karo empu, sing pengin duwe keris banjur ngandharake karepe sinartan katrangan bab keris sing dadi pepenginane. istimewa Upamane njaluk supaya digawekake keris sing ngandhut perbawa nambah kawibawane sing duwe. Empu banjur ngandharake sawetara pilihan lan uga pamrayoga babagan dhapur lan pamore. Upamane tumrap keris sing kaya ngono kuwi apike digawe dhapur Kalamisani lan pamor Teja Kinurung. Sing pengin duwe keris bisa wae ora sarujuk marang pamrayogane empu. Upamane dheweke wus duwe keris loro sing dhapure Kalamisani. Kanthi mangkono dheweke pengin dhapur keris sing liyane. Sawise tawa-tinawa, antarane empu lan sing pengin duwe keris sarujuk milih keris adhapur Pasopati kanthi pamor Teja Kinurung. o

S

Kapethik saka buku Ensiklopedi Budaya Nasional, Keris dan Senjata Tradisional Indonesia Lainnya, karyane Bambang Harsrinuksmo lan S Lumintu, weton Cipta Adi Pustaka, 1988.

3 Jumadil Akir 1942 28 Mei 2009

Espos/Burhan Aris Nugraha

BUSANA JAWA––Upacara pengetan 264 taun hadege Kutha Solo sawetara wektu kapungkur dadi sarana kanggo ndayakake budaya Jawa lumantar busana kejawen. Busana Jawa dhewe ngemot wulang babagan nyawijine pikir, rasa lan tumindak sing kudune dadi gegebengan uripe wong Jawa. l

Dening: Ichwan Prasetyo

i Hajar Dewantara nate nelakake yen kabudayan nasional kuwi gumantung marang urip lan matine budaya dhaerah. Yen kabeh budaya dhaerah antuk kalodhangan mirunggan kanggo ngrembaka ing bebrayan papan uripe, samengkone bakal ndadekake santosane budaya nasional. Pengetan dina Kebangkitan Nasional saben tanggal 20 Mei, merdekake prelunya ngleluri budaya lokal murih bangkit lan jayane budaya nasional. Tumrap budaya Jawa, miturut KP Wirastodupuro kang nate dadi parampara lan pangarsa ing Komite Basa Jawi Pusat Surakarta, yektine tansah antuk kalodhangan mirunggan kanggo nyrambah ing wewengkon nasional. Budaya Jawa ora mung urip lan ngrembaka ing wewengkon papan dununge bebrayan agung Jawa. ”Kudu diakoni yen budaya Jawa kuwi kuwawa mernani sakehing perangan uripe bangsa Indonesia. Bab iki bisa kadulu

K

nalika jaman Presiden Soeharto kang tansah lelandhesan budaya Jawa nalika nemtokake samubarang putusan lan kawicaksanan. Kacihna pancen ora sethithik babbab kang nalisir saka tapsirane, kang wusana mahanani rusake saperangan urip lan panguripane bangsa Indonesia,” pratelane Wirasto, nalika wawangunem kalawan Espos ing griyane sawetara dina kapungkur. Nanging ing kanyatan kang mangkono mau, uga dumadi kaanan kang dadi kosok balene. Miturut Wirasto, saiki sansaya akeh generasi mudha Jawa sing wus ora tepung lan dunung maneh marang budaya Jawa minangka oyot kabudayane. Sansaya akeh wong Jawa sing ilang Jawane. Hamula kuwi, ing titi wanci pungkasan iki banjur tuwuh krenteg ing sakehing pehak, kalebu pamarentah, kanggo ndayakake budaya Jawa. Kayadene kawicaksanan Pamarentah Propinsi Jawa Tengah babagan kuwajiban mulangake basa Jawa ing sekolahan, wiwit SD nganti SMA. Uga ing pamarentahan kabupaten lan kutha ing tlatah Soloraya sing ngracik kawicaksanan

kang wose kanggo ngleluri lan ndayakake maneh budaya Jawa. Upaya ndayakake budaya Jawa, miturut guru besar Antropologi Budaya Fakultas Ilmu Budaya Universitas Gadjah Mada (UGM) Yogyakarta, Heddy Shri Ahimsa Putra, dudu perkara sing gampang. Ndayakake kang tembung liyane reaktualisasi kuwi ateges mbangkitake maneh bab sing wus ditinggalake, dikiwakake, kepara dilirwakake. Pepalang Amarga wus suwe dilirwakake, ateges wus ora dikenal maneh, kepara malah wus dilalekake. Saliyane kuwi, miturut Heddy, nalika medhar andharan ing Fakultas Sastra dan Seni Rupa UNS Solo, durung let suwe iki, laku ndayakake budaya Jawa tansah ngadhepi pepalang. Lan upaya ndayakake bakal kasil yen luwih dhisik bisa ngawekani pepalang mau. Lan sing ora kalah wigatine, upaya ngawekani pepalang kuwi gumantung marang pangerten lan ilmu kanggo negesi pepa-

lang-pepalang kuwi lan uga pangerten babagan tapsiran luhur sing gegayutan karo budaya sing bakal didayakake. Jalaran saka kuwi, mangerteni sejatining tapsiran luhur sing kakandhut ing budaya Jawa kang bakal didayakake lan uga mangerteni tantangan-tantangan lan pepalangpepalang kanggo ndayakake, mujudake gegaran baku. Kepara uga mujudake saka guru murih kasile upaya ndayakake budaya Jawa sing kaanggep luhur kuwi mau. Sansaya kuwate alun globalisasi sing nerak urip lan panguripane wong Jawa, kasil mbangkitake krenteg, kanggo noleh maneh marang budayane dhewe, budaya Jawa. Lan eloke, greget lan krenteg kanggo noleh maneh marang budaya Jawa kuwi tuwuh lan ngrembaka ing kalangane pawongan sing dhuwur pendhidhikane, utawa katelah kelas menengah. Dene kang dadi pepalang nalika ngetrapake gegaran kanggo ndayakake maneh budaya Jawa ing jaman global iki arupa ora cethane apa lan sing endi tapsiran-tapsiran asumber budaya Jawa kasebut kang arep didayakake maneh. Kanyatan iki ditambah kaanane wong Jawa saiki sing racake ora ngerti kudu ngetrapake tapsiran-tapsiran asumber budaya Jawa kuwi ing perangan urip lan panguripan sing kaya ngapa. Lan sing ora kalah wigatine, gegaran kasebut angel ditrapake jalaran wong Jawa saiki, mligine para generasi mudha, ora ngerti ana ngendi dununge tapsiran-tapsiran luhur sing arep didayakake maneh kuwi. Kanggo ngawiti ngetrapake gegaran kasebut, mesthi wae kudu kanthi pawitan mangerteni luwih dhisik apa sing dikarepake tapsiran-tapsiran luhur asumber budaya Jawa kuwi mau. ”Sing dikarepake tapsiran luhur asumber budaya Jawa, utawa katelah budaya Jawa ngono wae, sing arep didayakake kuwi ora liya pandom kang kabiji penting, utama lan diurmati dening bebrayan agung. Pandom mau digunakake kanggo nemtokake apik alane kabeh bab ing sajroning urip lan panguripane bebrayan agung,” tandhese Heddy. Pandom kang awujud tapsiran-tapsiran luhur iki saperangan mujudake warisan generasi sadurunge. Kanthi mangkono bisa kabiji minangka pandom sing wus kabukten gunane ing madyaning bebrayan agung. Dene saperangan liya asale saka wewengkon bebrayan agung liya, saka wewengkon budaya liya, sing sesambungan karo budaya Jawa lan wusana bisa manjing ajur ajer. Lan ana uga pandom sing mujudake asil karya anyar ing sajroning owah-owahan jaman sing dilakoni dening bebrayan agung kasebut. o

Sipat lan sikep religius wus dilirwakake udaya Jawa kuwi asipat religius, nanging ing titi wanci pungkasan iki wus kaperbawan dening sipat materialis. Sansaya suwe sipat religius sansaya nipis, kepara ing saperangan wus bisa dikandhakake ilang. Mangkono pratelane Laura Romano, dwijawara filsafat sing asale saka Italia lan wus 30 taun pungkasan iki kapilut marang budaya Jawa ing Kutha Solo. Miturut Laura, jati dhirine budaya Jawa kuwi dumunung ing rasa kang sabanjure manjing ing tumindak lan sikep padinan. ”Ya rasa, sikep lan tumindake wong Jawa kuwi sing miturutku tansah lelandhesan mring tasiran religius. Biyen, aku kapilut budaya Jawa ing Kutha Solo nalika kerep krungu wongwong ing tlatah kampung ing Kutha Solo sing padha nembang macapat ing wanci wengi,” pratelane Laura nalika medhar andharan ing sawijining wicarana ing Kutha Solo, dina Kemis (21/5). Nalika kuwi, jarene Laura, dheweke pancen durung wasis micara basa Jawa. Kanthi mangkono uga durung bisa mangerteni werdine tembang-tembang macapat sing kaprungu kuwi. Nanging ing suwalike swara tembang macapat kuwi Laura ngrasakake perbawa religiusitas-e wong Jawa. Wiwit kuwi, Laura banjur kapilut marang budaya Jawa punjer Kutha Solo, nganti saiki. Emane, perbawa religius mau wus sansaya nipis, kepara pancen akeh wong Jawa sing sengaja ngiwakake, sengaja nglirwakake. Lire, sikep lan tumindake saperangan wong Jawa ing titi wanci pungkasan iki wus sansaya kaperbawan dening sikep lan tumindak sing sarwa materialis. Apa-apa dipetung kanthi pituwas dhuwit utawa bayaran. Sikep lan tumindak lung-tinulung sansaya suwe sansaya nipis. Kamangka, miturut Laura, sikep religius iki kang dadi galih aseme utawa sari pathine budaya Jawa minangka gegebengan ing urip lan panguripan. Nalika galih aseme utawa sari pathine wus sansaya dikiwakake, sansaya dilirwakake, mesthi wae merbawani marang sikep lan tumindake wong Jawa sing sabanjure nuwuha-

B

ke pambiji yen wong Jawa saiki wus kelangan Jawane. Kanyatan iki uga nyrambah ing babagan pranataning kutha. Kutha Solo sing jarene duwe jati dhiri minangka kutha budaya, sing ora liya budaya Jawa, miturut Laura, saiki kudu adu daya kalawan budaya materialis sing asale saka ngrembakane industri lan dedagangan global. Noleh Kanggo ngawekani kaanan mangkono mau, miturut Laura, wong Jawa pancen kudu bali ngugemi tapsiran budaya Jawane. Noleh maneh marang budaya Jawane, ora ateges kudu nyandhang Jawa jangkep saben dina, ora kudu kabeh wasis maca lan nulis aksara Jawa lan sapiturute. Noleh maneh lan ngugemi maneh oyot kabudayane ateges nggujengi kanthi kenceng sikep lan tapsiran religius mau ing samubarang sikep lan tumindak. Kacihna saiki saben wong pancen ora bisa uwal saka perbawane kapentingan ekonomi, nanging tumrap wong Jawa kudune tansah lelandhesan tapsiran religius mau. Samubarang pitutur luhur Jawa, miturut KRT Soemarso Pontjo Soetirto, nalika medhar andharan ing kalodhangan padha, tansah ngemot wulang babagan sikep lan rasa religius kuwi mau. ”Jaman nom-nomanku biyen ora ana wong wedi mlaku bengi dhewekan ing tlatah Kutha Solo kene jalaran saben wong mesthi ngugemi sikep ngajeni lan ngurmati liyan. Dene yen saiki, sok-sok aku dhewe minggrang-minggring angger arep liwat prapatan sing ing kono aken nomnoman padha nglumpuk cangkruk utawa nongkrong. Piye ora minggrang-minggring yen racake klumpukan nom-noman ngono kuwi mesthi dipepaki inuman keras,” pratelane Soemarso. Kaanan sing wus mratah ing ngendi-endi papan kuwi, miturut Soemarso, pancen bisa dadi titikan babagan sansaya nipis lan ilange oyot kabudayan Jawa. Oyot kabudayan Jawa ing kene sing dikarepake ora liya gegebengan urip lan panguripan kang jaman biyen dadi sari pathi utawa galih aseme saben sikep lan tumindake wong Jawa. o pra

Espos/Ichwan Prasetyo

AKSARA JAWA––Siswa sawijining SD ing Kutha Solo nalika gladhen nulis lan maca aksara Jawa. Aksara Jawa ngemot filosofi luhur babagan urip lan panguripane wong Jawa.

Laku lan uripe wong Jawa cinakup ing aksara Jawa udaya Jawa yektine dudu sing apik dhewe yen katandhingake budaya-budaya liya ing Nusantara. Nanging, miturut Imam Sutardjo, Pangarsa Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, budaya Jawa mundhi kuwajiban abot kanggo nyengkuyung nyawijine bangsa Indonesia ing dina iki lan ing dina-dina kang bakal teka. Jawa dhewe kabiji wus dadi pusere Indonesia. Lelandhesan kanyatan historis, budaya Jawa wiwit biyen wus ngemot budaya sing dhuwur pangajine kanthi bukti anane tinggalan lan asil karya luhur sing ngandhut tapsiran luhur ing jaman krajan ing tanah Jawa. Tapsiran luhur jroning budaya Jawa ateges perkara sing dianggep penting lan utama dening bebrayan agung Jawa. Perkara sing dianggep penting kuwi arupa panganggep sing diyakini benere lan mupangate tumrap urip lan panguripan. Tapsiran luhur budaya Jawa sing nyrambah lan bisa kadulu ing bebrayan agung, lan mujudake kawicaksanan sosial kuwi, prelu diwarisake marang generasi sing luwih enom supaya bisa ditrapake ing urip lan panguripan. Dene tapsiran luhur budaya Jawa sing kaanggep lan kabiji isih unggul lan jumbuh jaman kelakone ing kaanan globalisasi iki saengga kudu dileluri lan dikrembakakake, an-

B

tarane, sipat religius utawa transendental, rukun lan gotong royong. Uga sopan santun, tepa tuladha lan kapangarsan, musyawarah, momot kamot, ngregani lan ngajeni liyan (toleransi), ngudi imbange lair lan batin, kreatif, sabar lan temen-temen katambah ngati-ati lan tansah njaga kamardikan lan bedhamen. Tapsiran luhur budaya Jawa mujudake sari pathine budaya lokal yang jumbuh temen-temen karo ideologi negara Indonesia, kebak tapsiran kawicaksanan sosial, wulang kautaman lan kawicaksanan kang bisa digunakake minangka sarana kanggo nggegulang jiwane manungsa. Lumantar tapsiran luhur budaya Jawa bisa nuwuhake lan ngrembakakake manungsa kang awatak satriya pinandhita, sarjana sujening budi, asih mring sasami, karyenak tyasing sasami, berbudi bawa laksanan, adil paramarta, waskitha lan wicaksana. Sinuwuh Pakubuwana IX kaya sing kapethik ing bukune Maryono Harjodipura asesirah Kawruh Basa Jawi Kawedhar ngendikakake, mungguh laku miwah hurip iki / wus cinakup ing aksara Jawa / Jawa Jawi Jiwine / Jawa pikajengipun / prahasaja walaka yekti / Jawi basa kramanya / subasitanipun / Jiwaning budyanira / Jiwi iku sawiji lawan Hyang Widhi / purneng haksara Jawa .o


Issuu converts static files into: digital portfolios, online yearbooks, online catalogs, digital photo albums and more. Sign up and create your flipbook.