Page 1

APRIL 2018

EDISI 01

Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta

TABLOID BASA JAWA

GRATIS

Ria Papermoon

4

Cerkak : Rahwana gugat

6

Praja Cihna

8

9

Kuliner: krenyos

Dhemit biyung tulung

10

Wong kalang Kotagede

15


Editorial

02

Negarakertagama, pupuh 2 sloka 1

Sekapur Sirih

dening Aditya Bayu

SYUKUR Alhamdulillah, Tabloid Jawacana edisi siji bisa kababar. Kabeh mau awit panyengkuyung, panjurung donga, lan pambiyantune masyarakat DIY. Dinas Kebudayaan DIY tansah terus angudi amrih lestari lan ngrembakane kabudayan Jawa, mligine ing babagan basa lan susastra. Kanggo nyengkuyung Keistimewaan DIY, Dinas Kebudayaan DIY duwe kagiyatan Pembinaan, Pengembangan Bahasa dan Sastra. Salah sijine cara kanggo mujudake kagiyatan kuwi mau, Dinas Kebudayaan DIY nerbitke Tabloid Jawacana kang duwe pangajab bisa nggugah para nom-noman supaya seneng marang basa, susastra, lan kabudayan Jawa. Mula anggone bebasa ing sajroning nulis artikel, ora ana aturan baku. Babagan iki bisa dadi salah sijining gambaran menawa Basa Jawa ing satengahe masyarakat iku panci wis megar-mulur. Sakliyane kuwi, panerbitan tabloid iki uga kanggo ngraketke masarakat modern supaya ora adoh seka kabudayan Jawa.

Edisi siji kang terbit ing wulan April iki ngrembug babagan wanita kanggo mengeti pahlawan R.A. Kartini. Wanita tansah nyengkuyung mbangun kabudayan Jawa kang adiluhung. Wanita uga sabar lan telaten ngajari anak kang dadi panerus pangarsane bangsa Indonesia. Mekaten kanthi rasa bombonging manah, lan nyuwun pangestu dhateng warga DIY, muga-muga Tabloid Jawacana iki bisa katampa utamane kanggo para nom-noman lan kabeh wae kang isih seneng nguri-uri budaya Jawa, mligine babagan basa lan susastra. Memuji marang Gusti, muga-muga Tabloid Jawacana bisa terbit terus kanthi langgeng. Tan ana panjangka kang bisa katampa tanpa jumangkah. Matur nuwun. Drs. Umar Priyono, M.Pd. Kepala Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta

SEJARAH

Langenkusuma, korps prajurit Srikandhi Kasultanan Ngayogyakarta ..............................................kaca 3 TOKOH

Ria Papermoon lan sejarah dawa Papermoon ........................................kaca 4 PARIWISATA

Papan-papan wisata anyar Gunungkidul .....................................................kaca 5 RAMALAN

Pranata mangsa Mangsa kasepuluh (Srawana) ............................................................kaca 8

kanggo sapa wae kanca-kanca sing arep ngirim tulisan, artikel, foto, gambar ilustrasi, lan liya-liyane bisa diemail ing: jawacana@gmail.com

NGUDA RASA

Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta

tim redaksi.

Hoax sajrone Bharatayuda ..................................................kaca 12

EDITOR Fajar Wijanarko Y. Novi Marginingrum Agib Tanjung Rony Agung

PENANGGUNG JAWAB Drs. Umar Priyono, M.Pd. REDAKTUR Erlina Hidayati Sumardi, S.I.P., M.M. Drihardono, S.Sos. Paksi Raras Alit Iwan Pribadi

LAYOUT Idan Rusdini Novindra Dhiratara Anung Srihadi

JURU GAMBAR Aditya Wijang Antomatis SEKRETARIAT YAL. Vishnu Satyagraha Dian Korprianing Nugraha Siti Nurhilmi Nihayati Daru Sukendro


03

Gambar Prajurit padha prang, seka naskah Serat Gandhakusuma (SK 80) Koleksi Museum Sonobudoyo

Langenkusuma, korps prajurit Srikandhi Kasultanan Ngayogyakarta Aja ngremehke wong wadon! Ukara kuwi kaya-kayane trep menawa para pria jaman saiki wanuh bab sejarah. Sejatine ora ana istilah ‘emansipasi’ kanggo wanita jaman mbiyen. Apa meneh ukara patriarki sing bakale dadi bumerang dhewe kanggo para pria. Aja gumun menawa nusantara nyathet sejarah wanita perkasa wiwit jamane Sultan Agung. Abad XVII, Sultan Agung (jumeneng taun 1613-1646) nduweni prajurit estri senajan durung dadi korps kaya prajurit-prajurit kakung. Ananging, aja ngremehke marang wanita jaman kuwi. Anggone olah gandhewa, kerbin, tekaning keris uga wis wasis. Apa meneh cacahe prajurit estri iki ora sithik, nganti 150 wong. Sejarah prajurit estri bajur winaris neng Kasultanan Ngayogyakarta. Wiwitane Pangeran Mangkubumi, putra Amangkurat IV milih campuh yudha nglawan Landa, wiwit kuwi para wanita sing melu gerilya padha wasis perang. GKR. Ageng, prameswari Pangeran Mangkubumi, nalika mbobot calon putra makhuta, RM. Sundoro kudu ditinggal neng pereng Gunung Sindoro. Kabeh kudu dikemonah dhewe. Mangsa prihatin sing ndadekke Ratu Ageng ora kaya ratu, uga putra makutha, RM Sundoro ora kaya sentana raja. Ratu Ageng ora mung njaga putra lan awake dhewe seka mungsuh wong Landa, nanging uga njaga seka kewan wengis ning tengah alas. Para emban sing ditinggal prajurit perang ya uga wasis anggone njaga awake dhewe-dhewe. Nganti pungkasaning perang, taun 1755, Pangeran Mangkubumi lumantar prajanjen Giyanti banjur jumeneng nata. Sesebutan misuwure Sri Sultan Hamengku Buwana I. Para sentana lan pendherek Sultan HB I padha pindah seka panggonan alas tumuju ning Pesanggrahan Ambarketawang. Setaun sakwise prajanjen Giyanti, taun 1756, Sultan HB I ngedhaton lan tekan saiki tinandha sinengkalan memet Dwi Naga Rasa Tunggal sing isa ditemoni ning regol Gadhung Mlathi utawa regol Kemandungan Kidul. Jumenenging Sultan ing Kasultanan Ngayogyakarta nadhakke menawa negara wis isa nemoni ayem tentrem, gemah ripah, loh jinawi. Kahanan kuwi ora banjur dadi lenane Sultan. Kekuwatan militer keraton tetep dikuwati. Gene ya prajurit estri, calon korps Langenkusuma banjur digawe. Salah sijining tugas pokok korps Langenkusuma dadi prajurit kawal ‘njaga’ pribadi Sultan. Saben dina Setu, miturut sejarawan Inggris, Peter Carey, korps prajurit estri iki padha gladhi tumbak ning Alun-alun pungkuran karo nunggang jaran. Tangane katon wasis antarane dolanan tumbak ning tangan kiwa, lan ngendhaleni lakune jaran seka tangan tengen. Menawa dibayangke jaman saiki, mesthine ora bakal ana sing wani nggodha putri-putri kaya mengkono.

Sakwise Sultan HB I surud taun 1792, Raden Mas Sundoro, putra makutha banjur jumeneng nata. Dene sesebutane kaya ramane, Sri Sultan Hamengku Buwana, jumeneng kaloro. Ing paprentahan Sultan HB II, korps srikandhi kraton tambah gencar ‘terus-terusan’ dhaftari para bangsawan putri sing ayu lan jalma limpad supaya dadi anggota seka korps prajurit estri. Ora arang, putri-putri pejabat bupati utawa putri bangsawan, penggedhe ning desa-desa pada ditarik dari anggota prajurit keparak estri. Nalika taun 1790an, Sultan HB II wis nduweni 16 korps resimen keraton. Cacahe prajurit punjul saka 1000, kurang luwih penere 1765. Durung meneh prajurit estri sing cacahe ana 300an dhewe. Mula jaman kuwi, Sultan II ora geter menawa kudu prang yudha Geger Sepehi, lawan Inggris. Crita bab korps Langenkusuma banjur bali nyeret meneh Ratu Ageng. Ing jamane Sultan HB II, Ratu Ageng, prameswari Sultan HB I, sing uga ibune Sri Sultan HB II dadi panglima prajurit keparak estri. Heman Willem Daendels nalika olehe mertamu ning kraton, Juli 1809 kaget ngewaske para srikandhi-srikandhi kang wasis padha olah tumbak. Keris sing semlempit ning bangkekan kiwane, gene ana kerbin ning bangkekan tengene nuwuhke rasa wah tur ya was-was. Srikandhi-srikandhi iki sing bakale dadi bebaya marang Landa sesuke. Meksa isih wasis nalika olah senjata, Ratu Ageng sing wis ngunduri enom banjur mesanggrah ning Tegalrejo. Pesanggrahan sing dadi panggonan nggulawentah Pangeran Diponegoro, pangeran sing bakal dadi ontraning Landa nalika Perang Jawa taun 1825-1830. Ora mung Ratu Ageng, ana meneh Ratu Kencana Wulan. Prameswari ketelune Sultan HB II sing uga diwedeni karo Daendels. Peter Carey nulis menawa Ratu Kencana Wulan yaiku wanita seka golongan biyasa nanging ayu, kendel, uga pinter. Bekas komandhan prajurit srikandhi dadi sijisijining estri sing wineden marang marsekal. Ratu Kencana Wulan nalika bedhahing Ngayogyakarta taun 1812, bakale dadi inceran prajurit Sepoy merga nduweni barleyan gedhene sak jempol sikil, sing disimpen neng njero sumur. Crita Langenkusuma durung mandheg ning kono. Nalika Geger Sepehi wis kelakon dadi, prajurit estri iki sing malah dadi tameng kanggo Sultan. Para pangeran utawa bupati nayaka malah milih golek slamete dhewe. Ana pangeran sing ndelik ning mburi regol-regol kedhaton, mlayu ning kampung-kampung sakiwa-tengene kraton, utawa ngidul ning Imogiri, papan pesareyan para leluhur. Raden Ayu Wandan, prameswari putra makutha (calon Sultan HB III), putri Raden Tumenggung Yudokusumo (Bupati Grobogan, Wonosari) dadi crita sejarah nalika nyuduk Letnan Hector Maclean. Pimpinan resimen Buckinghamshires sing nemen tatune kuwi banjur ora isa dislametake lan kudu dikubur ning Yogyakarta nalika 25 Juni 1812. Prastawa kuwi kedadeyan nalika Raden Ayu dipeksa bakal diboyong marang Letnan Maclean seka keputren. Ana kabar sing nyebutke menawa raden ayu kuwi ora diboyong, nanging arep diculik kaya nalika prastawa Geger Pecinan ning Kasunanan Surakarta. Mulane ora gumun nalika raden ayu sing wasis anggone olah senjata banjur milih ‘campuh jurit’ mbela awake dhewe tinimbang kudu melu Inggris. Tekaning pungkasan taun 1812, uga dadi pungkasane Geger Sepehi, para prajurit estri banjur ‘dilereni’ anggone

olah senjata. Sultan HB III, sing dijumenengke marang Inggris uga kudu manut menawa korps resimen kraton diilangi. Prajanjen antarane Inggris lan Sultan iku tembe mburine bakal ndhesuk langgenging korps srikandhi. Prajurit winasis tur sangar iki dipeksa bubar, senajan saknyatane ora prung bubar. Korps srikandhi bangsawan sing kendel bakal ditemoni nalika bedhahing Perang Jawa. Tokoh Raden Ayu Yudokusumo lan Nyi Ageng Serang bakal dadi crita dhewe nalika Perang Jawa. Raden Ayu Yudokusumo, putri Sultan HB I sing ora gelem dipindah seka kabupaten nalika pungkasan Geger Sepehi. Pribadine raden ayu sing teges meksa ora bakal lunga menawa ora Sultan HB III dhewe sing dhawuh. Ora suwe, ‘aneksasi’ Raffles marang Sultan banjur kasil ‘ngusir’ raden ayu. Kabeh urusan sing ana gayutane marang kaluwargane dirantasi dhewe. Raden Ayu Yudokusuma jebul ora isa dianggep remeh. Rasa ora senenge marang Bangsa Cina sing dadi antekantek Inggris nalika Geger Sepehi banjur diwujudake dadi perang. Apa meneh, utang bojone, Bupati GroboganWonosari sing akeh marang cukong-cukong Cina ning Jawa Timur nambahi rasa ora senenge. Cukong Cina sing senengane nindhes sewenang-wenang marang rakyat disengiti banget karo raden ayu. Mula tanggal 17 September 1825, raden ayu ngatur siyasat perang kanggo ‘mbantai’ cukong Cina ning Ngawi. Prastawa kuwi bener kadadeyan, raden ayu sing pinter tur ganas ora ana sing isa ngendheg. Gempuran marang Cina neng Ngawi dadi crita dhewe bab srikandhi kraton sing ora tau ilang. Buktine nalika Perang Jawa, Raden Ayu Yudokusumo dadi panglima kavaleri senior pasukan Diponegoro. Papan tugase ana ing mancanegara sisih kidul, banjur gabung marang Raden Tumenggung Sosrodilogo, neng Jipang-Rejegwesi nalika perang nglawan Landa antarane 28 November 1827 tekaning 9 Maret 1828. Ana meneh crita bab srikandhi kraton seka Semarang. Garwa seka pensiyunan bupati, Kyai Adipati Suroadimenggolo IV, wanita keturunan Arab sing orang mung pinter tur nduwe pendhidhikan apik. Wanita iki sing dadi cikal bakal anake, Raden Mas Sukur melu gabung marang Diponegoro lumantar dadi prajurit seka Pasukan Pangeran Serang II neng Demak. Wanita sing banjur dingerteni jenenge Basah Joyosundargo ora gelem melu nyerah bareng anak lan mantune. Mula kepeksane wanita iki banjur ditembak mati nalika digrebeg ning desa Pangiran, Gunung Persodo. Antaraning taun 1825-1827, wanita iki sing dadi ‘andhelan’ para srikandhi kanggo nyedhiyani mesiyu kanggo desa ning sisih kulon Yogya iku. Lantaran kuwi, wanita iki isa nekakke dhuwit kontan lan ‘barang berharga’ jaman semono iku emas lan beras kanggo dhukung Perang Jawa. Pungkasaning crita bab Langenkusuma, srikandhi kraton sing ora tau mati. Para raden ayu sing ora isa diremehke, sing ora mung ayu tur ya pinter. Raden ayu iki ora kaya sastra pungsananing abad XIX sing nulis menawa bangsawan putri iku kaya boneka, nengsemke nanging ora nduwe daya. Takdir raden ayu iki kaya ta Srikandhi neng crita Bratayudha. Gandhewane ora tau mingkup, panahe ora tau mandheg nganti Bisma ambruk ing satengahe medan laga. (ark)

Keris sing semlempit ning bangkekan kiwane, gene ana kerbin ning bangkekan tengene nuwuhke rasa wah tur ya was-was. Srikandhi-srikandhi iki sing bakale dadi bebaya marang Landa sesuke.


TOKOH

04

Ria Papermoon: Basa Jawa kuwi intim Owahing jaman, lakuning kala, mesthi nggawa lan duwe konsekwensi. Kaya ta ing babagan Basa Jawa, sapisan meneh Basa Jawa kudu luwes ngadhepi majuning jaman, supaya Basa Jawa tetep bisa langgeng ing kahanan sing sarwa modern iki.

Ria Papermoon ngakoni nek ora isa Basa Krama mlithis, mung ngerti sithik-sithik, nanging nek Basa Jawa Ngoko dhewekke faseh.

RIA Papermoon ngakoni nek ora isa Basa Krama mlithis, mung ngerti sithik-sithik, nanging nek Basa Jawa Ngoko dhewekke faseh. Lair tekan sekolah SMA neng Jakarta, mbasan kuliah tekan seprene manggon Jogja. Ria ajar Basa Jawa wiwitane seka ngrungokke ibu lan simbahe sing nek ngendikan mesthi nganggo Basa Jawa. “Dadi neng ngomah kuwi jaman cilikanku wis kulina krungu Basa Jawa,” jarene durung suwi iki pas ketemu karo Jawacana. Ria uga crita nek suwargi bapake kerep ndongengi wayang lan ngrungokke uyon-uyon neng radio nek arep ngeloni turu saben wengi. Ing atase dudu wong kelairan Jogja, nanging Ria wis akrab marang ukara-ukara Jawa. Sakploke kuliah, Ria manggon Jogja lan srawung karo kanca-kanca sing ‘native’ Basa Jawa. Banjur gelem ora gelem, Ria ajar lan lancar ngomong Basa Jawa. Arep kuwi kanca dolan apa kanca nyambut gawene, kabeh ngomong nganggo Basa Jawa. Seka kono Ria niteni nek posisi lan fungsi Basa Jawa kuwi isa dibedakke marang basa liya, kaya Basa Indonesia lan Basa Inggris. “Basa Jawa ngoko kuwi duwe fungsi khusus kanggo komunikasi, mligine komunikasi sing luwih akrab lan intim marang kanca utawa

sapa wae sing dianggep ‘cedhak’. Ana swasana sing beda antarane ngobrol karo uwong nganggo Basa Inggris, Basa Indonesia, utawa Basa Jawa. Olehku gojek, ece-ecenan, garap-garapan karo kanca, kuwi sajak luwih luwes nek nganggo Basa Jawa,” ngono jarene seniwati iki. Ewadene Teater Boneka Papermoon kuwi wis pentas ing pirang-pirang negara, lan Ria uga faseh ngomong nganggo Basa Inggris, nanging tetep isa ngetrapke Basa Jawa miturut fungsine. Yaiku basa srawung sing intim lan akrab. “Aku nek workshop neng manca, utawa nek ngisi seminar teater boneka mesthi basane Inggris utawa Basa Indonesia. Lan saktenane nggenahke konsep produk seniku Papermoon kuwi luwih penak nganggo Basa Inggris, merga universal. Nanging aku tetep trilingual lah dadine, telung basa kuwi mau dicakke miturut papan lan fungsine. Dadi nganggo basa kuwi empan papan,” miturut Ria. Ngajari anak trilingual, telung basa Ria lan Iwan sing lagi duwe anak siji umur rong taun, uga duwe kongsep dhewe bab ngajari komunikasi marang anake. Ora isa dipaido nek jaman saiki wis arang banget

wong tuwa ngajari anake Basa jawa, apa meneh Basa Jawa Krama. Ria uga ngamini kahanan kuwi. Ria lan bojone nyarujuki nek media komunikasi utama ing kaluargane yaiku Basa Indonesia. Merga Basa Indonesia pancen paling gampang dingerteni karo bocah. Dadi ‘basa ibu’ neng keluarga Ria yaiku Basa Indonesia. Basa Inggris uga diajarke seka buku cerita, internet, merga pancen keluarga kuwi ameh saben taun lunga manca negara kanggo pentas, dadi sangune Basa Inggris uga kudu disiapke. Nanging ing atase keluarga seni lan keluarga modern, Ria uga sithik-sithik ngajari anake Basa Jawa. Paling gampang seka lagu-lagu tembang dolanan anak. Seka lagu-lagu kuwi, mboko sithik diajari nilai-nilai budaya Jawa kaya ta salim, pamit nek arep lunga, lan liyane. Kaya carane Ki Hadjar Dewantara, ngajari bocah bab kabudayan nganggo tembang-tembang. Basa Jawa ngoko kuwi miturute Ria basa sing paling gampang disinaoni. Apa meneh manggon lan srawung neng Jogja. Dadi Ria yakin lan ora kuwatir, mengko anake cilik bakal isa dhewe komunikasi nganggo Basa Jawa. Amarga lingkungane ‘native’ Basa Jawa. (pal)

Sejarah dawa Papermoon SALAH sawijining kelompok lan produk seni sing dadi kebanggaane Jogja, lan wis kondhang misuwur nganti negara manca, yaiku Teater Boneka Papermoon. Buktine wis ajeg diundang pentas neng negara-negara benua Amerika, Asia, Eropa, Australia, lan sak liyane. Papermoon wis madeg seka taun 2006, dadi saiki wis rolas taun. Maria Tri Sulistyani (36), utawa kondhang diudang Ria Papermoon, seka mbiyen pancen wis nduwe cita-cita dadi seniman. Kejaba uga seneng seni rupa, Ria uga duwe bakat neng seni pertunjukan, kuwi kabeh dikolaborasekke dadi wujud Teater Boneka Papermoon bareng karo Iwan Effendi (38), bojone. Ria kuliah neng Ilmu Komunikasi Universitas Gadjah Mada (UGM), nanging Iwan sing mandhegani babagan artistik lan visual Papermoon mbiyen kuliah neng Institut Seni Indonesia (ISI) jurusan Seni Lukis. Antarane seni teater lan seni rupa kuwi mau dadi alesan kenangapa kok boneka sing dadi objek seni kelompok Papermoon. Boneka ora bisa diuculke seka donyaning bocah cilik. Wis identik menawa boneka kuwi mesthi srana kanggo tontonane bocah cilik. Papermoon uga mentasake naskah-naskah kanggo penonton bocah. Nanging kejaba kuwi, uga akeh naskahe Papermoon sing temane dewasa, kaya ta tema revolusi, cinta, sing uga ora cocok kanggo bocah. Dadi saktenane segmen pasare jembar

lan luwes banget, kanggo bocah ana, kanggo dewasa ya ana. Taun iki rencanane arep gawe pentas naskah anyar neng Jogja. Adate nek arep nonton pentas Papermoon kuwi kudu antri utawa pesen tiket adoh dina sakdurunge. Merga Papermoon kuwi nek gawe pentas ora tau massal, dadine penontone terbatas, paling akeh dibatesi 200 penonton. Jumlah penggemar Papermoon tambah akeh sakploke Papermoon muncul neng film Ada Apa Dengan Cinta (AADC) 2. Ana cerita sing lucu, sakploke AADC 2, studio Papermoon banjur dadi jujugan wong-wong sing arep padha

selfie, kamangka studio Papermoon kuwi saktenane ora dibuka reguler kanggo umum sing bisa dileboni saben dina. Ria lan sakanca dadi repot nampiki wongwong sing rumangsane isa sakwayah-wayah mara neng studio banjur nonton pentase utawa latiane Papermoon. Papermoon uga duwe agenda pagelaran ‘Pesta Boneka’ sing dianakke neng Jogja saben rong taun pisan. Acara iki ngundang lan nglumpukke seniman-seniman teater boneka sakdonya. Taun ngarep gelaran iki bakal ana maneh. (pal)

Kesetaraan lan emansipasi wanita wiwit seka ngomah NENG satengahing kaluwarga iki (Ria-Iwan), kongsep emansipasi wanita ditrapke temenan kanthi komitmen sing disarujuki bebarengan. Tugas lan gawean ngomah ora didum miturut gender, sing wedok kudu ngapa sing lanang kudu ngapa. Kabeh dicekel sapa wae sing sela. “Aku ki ya ndilalah beja entuk bojo kaya Iwan. Ingatase dheweke kuwi seniman seni rupa sing pemikirane modern, lan kanca-kancane ‘manly’ banget. Dheweke kuwi wis sarujuk lan sepakat bab kesetaraan gender. Dadi gawean ngomah kuwi dheweke apa-apa isa, ya momong anak, ya apa-apa isa dilakoni. Sing ora isa kuwi mung nyusoni anak kok, hehehe.” Manteb Ria olehe nggenahke bab iki. Pancen isu-isu bab kesetaraan gender kuwi bola-bali diswarakke lan diwacanakke neng satengahe masyarakat. Nanging Ria duwe kongsep sing luwih modern bab kuwi. Miturute Ria, emansipasi wanita kudu wis luwih adoh seka simbol ‘wong wedok dadi direktur, apa wong wedok dadi sopir truk’, ngono. “Kartini modern sing nyata kuwi yaiku wong wedok sing isa dirungokke idene, gagasane, karyane, lan disarujuki masyarakat sekitare. Dadine ora mung simbol gerakan-gerakan emansipasi sing ndokok wong wedok dadi semacam korban. Nek wong lanang wis isa nganggep wong wedok kuwi mung beda masalah jinis kelamin thok, lan isa ngregani lan ngormati wong wedok ‘as a human’ sing setara neng sakabehe, nah kuwi lagi arti kesetaraan wanita.” Tambahe Ria. Kongsep kuwi wis dipraktekke neng kaluwargane Ria. Wiwit seka ngomah Ria lan bojone wis nyebal seka kongsep patriarki sing wis dadi tradisi neng budaya Jawa. Anggepan wong wedok kuwi ‘swarga nunut, neraka katut’ wis ora kanggo neng sajrone kaluwargane Ria. Kabeh rata ‘setara’, adil. Mulai seka gawean ngomah nganti gawean seni pangupajiwa, kabeh ditandangi kanthi kongsep setara antarane Ria lan Iwan. “Bojoku kuwi tipe wong Jawa asli nanging pikirane wis modern. Dheweke ngormati aku minangka manungsa, sing mung beda fisik. Dadi dheweke ya ora isin ngumbahi klambi, ngasahi piring, setrika, momong anakku nek pas aku lagi lunga pentas neng manca negara. Ora akeh lho wong lanang Jawa sing gelem ngono kuwi. Diawali seka kongsep kuwi aku dadi wanita rumangsa luwih diregani lan dihormati. Salah sijine kunci suksese Papermoon kuwi ya seka kongsep kesetaraan wiwit seka ngomah kuwi. Dadi aku lan Iwan isa berkolaborasi tanpa batesan gender lan kasile apik.” Ngono panutupe Ria. (pal)


05

PARIWISATA

Papan wisata papan-papan wisata anyar neng wilayah kabupaten Gunungkidul sing mulai populer neng instagram

jembatan kaca pantai Nguluran

1. Tol Buntung Puncak 4G PAPAN wisata iki jenenge Puncak 4G. Sing kerep krungu tapi durung ngerti, 4G iku singkatan seka ukara Gunung Genthong Gedangsari Gunungkidul, bukit sing jarake limang kilo seka kota kecamatan Gedangsari, yaiku kurang luwih sakjam seka kutha Jogja. Mlebune isih gratis. Nek dolan mrene, mung mbayar dhuwit parkir rongewu rupiyah kanggo sepedha montor, limangewu rupiah kanggo mobil. Panggonan iki apik tenan kanggo nyawang srengenge angslup (sunset) bareng kanca-kanca. 2. Watu Ireng Pengkok ISIH neng wilayah Gunungkidul, ana neng wilayah Dusun Srumbung, Desa Pengkok, Kecamatan Pathuk. Sing kondhang seka papan wisata iki yaiku pemandhangan srengenge muncul (sunrise) ing wayah isuk. Gunung Ireng iki papan sing paling dhuwur ing wilayah Srumbung. Watu-watu sing ana neng kana padha karo watu sing neng Gunung Api Purba Nglanggeran lan Gunung Api Purba Batur. Nek kowe numpak sepedha montor, mlebu neng papan wisata iki mung dikon mbayar limangewu rupiah kanggo parkir lan tiket. Aja lali sangu jajan lho ya! 3. Jembatan Kaca Pantai Nguluran Ora ana enteke nek arep dolan ning Gunungkidul. Meh saben sasi mesthi ana panggonan anyar sing dibukak lan isa dinggo ngilangake rasa kesel awak lan ati. Contone objek wisata siji iki, sing diarani Jembatan Kaca Pantai Nguluran. Wong-wong sing padha dolan mrene iki ora arep dolanan pasir utawa renang, nanging arep foto-foto. Papan wisata iki pancen apik banget dinggo foto apa wae. Pre-wedding ya wangun. Jembatan kaca iki ana neng pinggir jurang, dadi nek awak dhewe ngadeg neng jembatan iki, bakal isa weruh dhasare jurang karo tebing sakkiwa tengene lan segara sing ana ing

sakngarepe. Nah, nek dolan mrene, kowe mung perlu cepak sepuluhewu rupiyah kanggo mlebu, lan rongewu rupiyah kanggo parkir sepedha montor. Mosok ya larang? Rak ya ora ta‌ 4. Pantai Kesirat Neng pantai iki kowe ora bakal weruh pasir putih sing biyasane ana ing pantai umume. Nanging kowe bakal weruh tebing sing curam sing kena kanggo mancing lan plataran suket sakkiwa tengene. Kowe uga bakal weruh siji-sijine wit sing ana ing pantai iki, sing diarani wit Gebangkoro. Ning pantai iki, kowe uga isa masang tendha kanggo kemah karo kanca-kanca. Nanging kudu eling, aja ninggalke sampah apa wae supaya papan iki tetep apik lan lestari. Nek kowe kemah ning Pantai Kesirat, aja lali nyawang srengenge angslup lan lintang ing wayah bengi. Joss banget pokoke! 5. Gunung Keruk Nglipar Seka kota Jogja, Gunung Keruk Nglipar iki jarake sekitar 40 km, utawa nek numpak kendharaan pribadi kira-kira 1,5 jam suwene. Pancen rada adoh, nanging kowe bakal weruh pemandhangan sing beda seka panggonan wisata sakliyane. Apa meneh nek kowe neng Puncak Gunung Keruk iki pas srengenge muncul utawa pas angslup. Seka puncak Gunung Keruk, kowe bakal weruh Gunung Sewu sing baris jejer lan Gunung Merapi seka kadohan merga saking dhuwure papan iki. Watu-watu ning Gunung Keruk iki beda karo watu ing sing ana ing pegunungan Gunugkidul umume. Nanging watu-watune malah padha karo watu ing Gunung Api Purba Nglanggeran lan Gunung Api Purba Batur. Nek arep mlebu panggon wisata iki isih gratis. Kowe mung perlu mbayar parkir wae. Ha piye? Wis siap pariwisata durung? Gek ndang, dijamin marai bungah! Foto dan teks kiriman seka gundhissos

Watu Ireng Pengkok

Tol Buntung

Gunung Keruk


Sastra Jawa

06

Cerkak:

Rahwana gugat

jawaban:

kathok dawa Pemenang: FAIZAL NOOR SINGGIH  Jl Kaliurang km 4,5 nomer 39, Kocoran, Caturtunggal, Depok, Sleman, Yogyakarta  08562876864 / 08987075166 noor_singgih@yahoo.com STELLA MARIA SMA Negeri 2 Yogyakarta Perumahan Bale Asri P15, Gamping, Sleman, Yogyakarta 081946845773 dstellamaria15@gmail.com

Macapat DHANDHANGGULA -

Tarjamah Al- Quran Surat An-Nisaa[4]: 59 Dening : Lutfianto, SS (Ki Lutfi Caritagama)* He wong mukmin sira kabeh iki Sira padha ngestokna mring Allah Lan ngestokna utusane Sarta Panguwasamu saka sira kabeh Lamun sira padha berdondi Utawa pasulayan Perkarane mau Balekna perkara mring Allah lan Nabi Kuwasa ing kiyamat *Guru Bahasa Jawa SMAN1 Pajangan Bantul Yogyakarta Alumni Sastra Jawa UGM

POCUNG – kancil

Dening : Paksi Raras Alit – Mantradisi Kocap kacariyos risang bapa pocung Owah aweh jaman Tegal sawah tanpa tani Sato kancil wuwus kelangan sasana Bapa pocung kancil nora nyolong timun Owah aweh donya Jalaran mati lan mukti Sato kancil ngalap bandhaning manungsa

KINANTHI – love song

Dening : Paksi Raras Alit – Mantradisi Menawi diajeng purun Samudra sat saguh mami Nggayuhi lintang sepindah Datan ajrih anglakoni Jalaran saking katresnan Lair batos dugi pati Aduh yayi kenya nghulun Mangertosa jroning galih Kaimpi-impi kawangan Atiningsun angresepi Kuwatos menawa cidra Jur mumur supenaneki

NGLAKONI urip dadi dhalang kuwi pancen gampang-gampang angel. Gampange yen lagi pas musim hajatan akeh wong sing nanggap pagelaran ringgit wacucal utawa wayang kulit sedalu natas. Kadhangkadhang sedina sing nanggap ora mung siji nanging punjul seka loro cacahe, njalari padha rebutan anggone golek dhalang sing apik kanggo wayangan, kalebu aku, ya ora sombong nanging aku iki kalebu dhalang sing lumayan moncer neng daerah kene. Kuwi kepenake, nanging rekasane ya mesthi ana, ya kuwi yen pinuju lagi sepi ya kudu prihatin. Prihatin tenan, amarga dhalang kuwi biasane ora dhewekan. Dheweke kudu tanggungjawab marang rombongane yaiku para niyaga, sindhen, lan liya-liyane. Dadi yen dhalange ora kepayon, otomatis wong sak rombongan ya ora entuk hasil. Wengi kuwi aku lagi nyelehake sirah neng bantal sakwise padu karo ibune bocah-bocah. Apa maneh sebabe yen ora uba rampe neng pawon. Bojoku wadul lan nesu-nesu amarga wis rong minggu iki aku ora isa “njurung srakah.” Wong lanang sapa sing ora kemritik atine yen kudu nampa swara-swara sing ngabangke kuping. Wiwitane ya isih isa sabar ning suwe-suwe ya kudu ditanggapi tinimbang kedawa-dawa. Aku dudu Puntadewa, Sang Nata neng Ngamarta sing sabare ngedab-edabi. Aku iki dhalang sing biasane entuk keplok lan sorak penonton, digumuni suluk lan sabetane, diguyu yen lagi nglucu, pokoke dadi lelanange jagad sak madyaning yuda aran pagelaran ringgit wacucal. Ee…lha kok diunek-unekke bojone. Tangan iki kudu kumlawe nggo gawe mingkeme lambene bojoku sing wiwit mau ora leren-leren anggone guneman. Saiki dheweke turu neng kamare bocah-bocah, purik. Ya wis ben, sesuk mesthi ya wis bali normal maneh. Lagi wae nyoba ngeremke mripat iki, nalika dumadakan ana swara lawang dithothok. Thok..thok..thok! “Kula nuwun, kula nuwun pak Gito.” Kanthi liyep-liyep aku ngurupke lampu ruang tamu. Sapa ya kira-kira wengi-wengi ngene mertamu? Apa ora prayoga yen sesuk wae? “Sinten nggih?” “Kula, Sumpeno saking Giriwungu!” panyaute suwara neng njaba. Jeneng kuwi durung nate dakrungu sakdurunge, Sumpeno sing endi ya? Wah, mesthi pawongan iki kongkonan sing duwe gawe. Atiku kebak pangarep-arep. Hmm, rejeki teka tan kena kinira. Ora apa-apa arepa kudu meh tengah wengi aku nemoni tamu iki. Kanthi gita-gita aku mbukak kunci lawang. Bareng dakbukak lawang kuwi, ndaheba kagete yen neng njaba peteng dhedhet, aku ora bisa nyawang apa-apa. Kabeh peteng lelimengan. Dakcoba melekke mripat iki ning rumangsaku padha wae, melek apa merem kabeh mung peteng lan peteng! Ora watara suwe, rumangsaku ana cahya sing cumlorot saya suwe saya gedhe lan bareng aku sadhar rasane awakku wis lungguh neng kursi kayu. Nanging kena apa iki? Tangan lan sikilku ditaleni karo kursi persis kaya durjana sing kecekel lan siap kena paukuman. Babar pisan aku ora isa obah, ambeganku sesek, sirahku rasane abot banget, bisaku mung kelapkelip, iki aku ana ngendi? Dumadakan ana pawongan nyeraki aku. Pawakane gedhe dhuwur kanthi cahya netrane sing abang mbranang. Rambute ireng kaku. Brengose kandel lan rada brewok gawe praupane ketok saya serem lan angker. Ndhuwurane nglegena tanpa nganggo klambi. Awakke gagah pideksa. Otot-otote metu nuduhake yen asring olah kanuragan. Ning kenapa aku ora ngerti, rumangsaku pawongan kuwi nduwe pangaribawa sing kuwat. Ana aura sing gawe sapa wae bakal nggregeli yen adhep-adhepan karo dheweke. “Gito, kowe isih kelingan aku?” pitakone sora. Ambegane seru lan abot. Swarane gedhe lan merbawani. Ana rasa sing jero lan kaya nahan nesu nalika dheweke guneman. Durung nganti dakjawab dheweke nerusake tembung. “Iki aku, kowe tansah ngelek-elek aku. Ya dakakoni, aku sing nyolong Sinta lan dakgawa bali neng Ngalengka,” sambunge. Pikiranku nyandhak nalika dheweke nyebut jeneng Ngalengka, kuwi rak kratone Dasamuka, ya Rahwana sing jumeneng nata. Rahwana sing gawe ontran-ontran amarga nyolong Dewi Sinta seka guru lakine ya Sri Ramawijaya. Cekaking crita, Sri Rama njaluk tulung Subali lan Sugriwa sing nguwasani wadya bala wanara supaya nggrudug Ngalengka sing kabeh isine para raseksa. Akeh lakon sing dijupuk seka crita kuwi mau, ana Rama Tambak, Gugure Kumbakarna, lan ora lali Anoman Obong sing moncer dadi judul lagu kae. Wah, jebul pawongan sing gagah gedhe dhuwur kuwi Rahwana? Banjur apa karepe nyekel aku kaya ngene? Rahwana ya Dasamuka kuwi rak gur ana neng crita wayang, lha iki kok nitis dadi manungsa? Durung nganti bisa mikir sareh pawongan kuwi nerusake tembunge kanthi sora. “Iya, Aaa…aku ngerti, terus iki kena ngapa aku dibanda kaya ngene?,” pitakonku karo nggregeli. “Iki amarga pokal gawemu, aku njaluk keadilan,” semaure sora. “Keadilan apa? Aku kuwi gur dhalang sing menehi panglipur marang para sutresna wayang,” jawabku. “Ya amarga kowe dhalang aku njaluk keadilan, kowe tansah daksiya marang aku, kowe kudu ngerti Gito…kudu ngerti lan gelem ngrungoke aku,” kandhane kanthi mandeng. Aku tansaya kamigilanen, ora bisa njawab apa-apa. “Mangertiya Gito, aku wis ngumpulake kabeh punggawa lan wadya bala Ngalengka. Wus dakandharake kabeh mula bukane aku nyolong Sinta. Kabeh kuwi mau dudu amarga nepsu birahi sing kaya mbok sebut-sebut, ora!” “Yen amarga nepsuku, ora kangelan aku ngrudapeksa Sinta jer dheweke wis ana neng tanganku. Aku mung njaluk Sinta supaya gelem dadi garwa prameswari. Garwa sing dakarep-arep bakal nurunake putra-putra Ngalengka sing bisa gawe kuncarane negari. Kuwi amarga aku ngerti sapa saktenane Sinta, para Dewa wis ngandharake menawa Sinta kuwi saktenane titisane Dewi Sri, ya Dewi sing nyekel raharjane donya. Kanthi lumantaran Sinta, negara Ngalengka iki bisa rahayu, gemah ripah loh jinawi lan tata titi tentrem karta raharja kaya kandhamu nalika antawecana kae. Dadi niyatku apik, Gito, apik!” “Ya, apik. Nanging…nanging…caramu ku..kuwi ora bener?” kandhaku kanti nggregeli. “Ora bener kepiya ha?,” semaure karo nggetak. “Kabeh kuwi amarga aku tresna marang negaraku, aku pengen negaraku

bisa mukti. Mukti negarane amarga mukti kawulane. Mukti kawulane kuwi kudu diwiwiti seka ratune sing jejeg lan adil, ambeg palamarta, lan nduweni sikap satriya luhur. Mula kuwi aku ngendharat Sinta. Nanging kowe kudu ngerti, babar pisan aku ora nate meksa marang Sinta. Kanthi satriya aku njaluk dheweke supaya gelem dadi garwaku. Ya, pancen sakdurunge dheweke ora gelem minangkani panjalukku, nanging bareng ngerti sikap lan tindak-tanduke Sri Rama dheweke malih pikire. Sri Rama, priya sing jare tresna marang Sinta, nyatane ora nduweni sikap satriya. Dheweke ora gelem mapag Sinta neng Ngalengka malah njaluk tulung para wanara. Rama milih perang, adu-adu kekuwatan kanthi golek bala. Dheweke njanjeni Sugriwa lan Subali menawa unggul yuda bakal bisa nguwasani Ngalengka sakisine. Apa kuwi sing jenenge sikap satriya?” “Kowe ngerti, nalika Anoman sowan neng Ngalengka, karepe arep ngajak Sinta bali, lunga seka tamansari Ngalengka, nanging Sinta ora gelem amarga Sinta kuwi putri sing luhur, berbudi bawa leksana, ora kulina tinggal glanggang colong playu. Nalika semana Sinta weling marang Anoman supaya Rama dhewe sing methuk slirane.” “Kabeh wadyabala lan punggawa Kraton Ngalengka padha sarujuk marang aku lan sikapku kuwi. Kabeh sumadya labuh negari bela pati. Bebasan sedumuk bathuk senyari bumi Ngalengka bakal dilabuh labeti. Nanging siji sing rada dadi kuciwaning ati iki. Adhiku dhewe ya Wibisana, slirane malah mlayu lan melu mbelani Rama. Mesthi kowe wis ngerti apa karepe to? Amarga dheweke pingin kuwasa, pingin sinengkakake neng ngaluhur dadi jumeneng nata neng Ngalengka nanging kanthi cara-cara sing nista. Ah...saben manungsa nduweni lakon dhewe-dhewe lan kudu siyap nampa apa sing mbiyen tinandur.” “Adhiku sing liyane, Kumbakarna lan Sarpakenaka, arepa dheweke kuwi raseksa, rupane ala nggegirisi, nanging nduweni ati kang jujur tur luhur. Kumbakarna bekti marang negarane, sumadya lan ikhlas maju neng yuda lan tiwas dadi kusumaning negara. Aja disawang seka rupa lan busana! Aja nyawang seka netramu, Gito! Sawangen kanthi ati sing permati lan sliramu bakal ngerti apa kuwi bener kang sejati!” “Dadi menungsa aja emban cindhe emban siladan, tansah nyawang iki bener kae luput, aku mesthi bener lan kowe mesthi luput! Ora bisa! Neng bener kuwi ana lupute lan neng luput kuwi ana benere!” “Dadi dhalang kuwi kudu adil lan waskita, ora gampang gawe lakon amarga kabeh gumantung lathi, tangan lan pikirmu. Kowe kudu bisa milah lan milih. Kowe kudu isa ngonceki perkara. Ora mung seka bener lan luput, nanging uga becik lan ora becik, wangun lan ora wangun!” “Kowe kudu diukum Gito, kowe durung isa dadi dhalang sing luhur. Dhalang sing isa nuduhake tuntunan ora mung tontonan. Dhalang sing sejatine dhalang!” Aku nggregeli, ndrodhog ora karuwan krungu suwara pawongan gedhe dhuwur kuwi mau. Kabeh ukara lan tembunge rasane kaya ewon dom sing mlebu lewat kuping lan tumancep jroning sirah njalari rasane sirahku tansaya abot. Keringetku sakgrontol-grontol dleweran nelesi awakku kabeh. Aku ora isa suwala nalika pawongan kuwi mau nglolos pulanggeni ligan seka bangkekane. Keris kuwi mau cahyane cumlorot abang semu kuning. Kanthi alon dheweke nyeraki aku, netrane mandeng, sorote jero lan kebak rasa nesu sing ora bisa diampet maneh. Nalika tangan kuwi kumlawe, aku njerit sakrosane.... Tuluuuung!! Tanganku isih krasa dijagal dening wong pirang-pirang. Dakbukak mata iki, daksawang bojoku nangis ngaru-ara, anak-anakku kabeh uga padha nangis lan ngrangkul aku, “Bapak...bapaak...ampun seda riyin pak...ampun ninggalake kula pak....bapaak...!” Aku unjal ambegan landhung, kabeh padha lega amarga ngerti aku wis sadhar. Anakku sing mbarep age-age njupuk banyu putih sak gelas, diulungake, lan nyawang aku kanthi sorot sing kebak pitakon. Kabeh wong padha nyawang aku. Aku mung dheleg-dheleg. Penulis:

Ari Sulistyo, lair neng Gunungkidul lan seneng nulis wiwit isih kuliah. Geguritan lan cerkak anggitane kamot neng buku antologi kampus lan Majalah Djaka Lodhang. Presenter Bahasa Jawa neng JogjaTV iki ngaku yen isih sinau nulis mligine basa Jawa. Saiki isih ngangsu kawruh neng Universitas Gadjah Mada jurusan S3 Studi Kebijakan.


07 Sinau basa Jawa nganggo aksara Jawa apa tumon? PERKARA pasinaon basa Jawa saiki wis akeh owah gingsire, salah sawijine ya kuwi bab perkara murcane dayaning sastra Jawa, sastra neng kene kang mengku surasa teges tulisan, budaya Jawa kuwi gumantung banget seka prebawaning basa Jawa, semana uga basa Jawa ya ora isa pengkuh, bakoh tanpa aksarane. Akeh ing antarane awake dhewe kang ngungun, nyawang kahanan para kadang taruna, wiranem kang katon anggone wis wiwit padha ninggalke budaya Jawa, kalebu basa apadene aksara Jawa. Bab kahanan kang kaya mangkono isa disawang, mula seka kuwi kenangapa kok wacana bab aksara Jawa kuwi wigati banget, awit aksara Jawa kuwi wadhahing basa, basa kuwi wadhahing budaya. Sakwise dakcoba ngonceki neng pasinaon, saktenane sing isa gawe sekabehane kuwi isa lumaku, ya awit wis ucul uwale basa Jawa seka wadhahe, kang sabanjure kahanan kaya mangkono kuwi satemah mahanani kurang gregete putra siswa anggone padha nyinau basa Jawa lan budaya Jawa, awit ngrumangsani yen nyinau basa Jawa kuwi kuna, jadul, ora gaul lan sapanunggalane. Sekabehe pakarti sing ana gayute karo tata pasinaon basa Jawa, kang mawa aksara Jawa iki isa lumaku kanthi becik, awit sarana kapurba anane font utawa aksara Jawa, kang isa kagunakake sajroning ngetik neng piranti komputer, uga wis akeh cumawis kanthi maneka warna cakrik, mbuh kuwi kang isih mawa Ansi, apadene kang wis Unicode. Bali maneh kaya sing dadi ancasing rembug, yen jlentrehe laku cak – cakane pasinaon basa Jawa mawa aksara Jawa, supayane para siswa isa kapilut, lan ora wegah sarta nandhang susah nalika winulang, paling ora isa karantam mawa urut-urutaning laku kaya mangkene, iki saupama ana neng tataran SMA kang wus lumaku : Kawiwitana seka kelas X semester gasal, neng perangan iki siswa kawanuhake bab-bab apa wae kang ana gayute karo aksara Jawa, mbuh kuwi bab wujuding aksara, piwulang sajroning aksara Jawa (filosofi), sujarahe, sarta tata panulisan aksara Jawa, kanthi wahana film, video tembang, dolanan kang mawa jarwan (subtitle) aksara Jawa. Guru ngulinakake nulis sekabehe tembung, utawa ukara kang dadi sarining piwulangan mawa aksara Jawa, mbuh kuwi ana papan tulis apadene power point. Guru ngulinakae nulis pitakon-pitakon gladhen mawa aksara Jawa, lan ngajak supayane putra siswa mangsuli pitakone ugi mawa aksara Jawa. Menawa bab ndhuwur kuwi isa lumaku kanthi becik, mula sithik baka sithik neng samengkone putra siswa banjur dadi lan kulinane, sarta tuwuh rasa greget anggone maca apadene nulis mawa aksara Jawa, bab kuwi satemene gumantung karo greget. Mula bener apa kang dadi pangandikane para pepundhen luhur, jer kabeh mau kuwi mung gumantung ana neng niyat binarengan kas, ana niyat nanging greget kanggo ngepyakake ora ana ya ora bakal dumadi. Kaya pepethan endog kuwi, tata gelaring aksara Jawa kuwi katone sepele, nanging bab kang denanggep sepele kuwi, malah kepara kang isa handayani ucule tata paramasastra sajroning basa Jawa, neng jaman saiki wis katon, kaya ngapa para wiranem anggone nulis basa Jawa neng aksara Latin, mawut

KODE FOTO

Mlebune isih gratis. Nek dolan mrene, mung mbayar dhuwit parkir rongewu rupiyah kanggo sepedha montor, limangewu rupiah kanggo mobil. Panggonan

amburadul ora karuwan, awit kenangapa, ya merga wis akeh kang wis ora isa maca, lan nulis tembung-tembung Jawa sajroning aksara Jawane maneh. Ucule basa Jawa kang kaya mangkono, mahanani budaya-budaya Jawa kang sinengkuyung dening prabawaning basa uga saya kelangan pandhemen, ketoprak, wayang kulit, lan sapanunggalane. Upama basa Jawa kuwi isih lestari ora mung disinau kanggo pacelathon, nanging uga kasinau tata paramasastrane, sokur bage uga kasinau basa rinenggane (kasusastrane), neng mbok menawa wayang minangka tontonan isih isa lestari minangka tuntunan, kasunyatan neng madyaning bebrayan anggone padha seneng limbukan lan gara-gara, awit amarga kapurba kurange kawruh bab basa Jawa, mligi basa Jawa krama lan kang rinengga susastra. Mula seka kuwi, neng pasinaon basa Jawa neng pawiyatan SMA Negeri 2 Bantul, tata gelaring pasinaon basa Jawa kakulinakake mawa aksara Jawa, kalebu neng sekabehe tulisan neng gladhen lan ulangan-ulangan padinan, tumekane neng ujian semesterane, lire kabeh mau katulis sajroning aksara Jawa, wondene tata panulise aksara Jawa kalarasake karo tata panulisan paugeran Sriwedari, kaya kang wis dadi pasarujukan neng MGMP Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Perkara kuwi minangka sarana nggladhi putra siswa, supayane neng samengkone isa, paling ora mangreteni tata cara kang bener mungguhing panulising tembung Jawa sajroning aksara Latin, awit nalika wis kulina nulis tetembungan Jawa sajroning aksara Jawa, mila banjur isa mbedakake neng antarane endi kang awujud aksara swara [a] jejeg, [a] miring, [i] jejeg, [i] miring, [u] jejeg, [u] miring, [e] pepet, [e] lan [e] taling, sartanipun [o] jejeg, lan [o] miring. Neng madyaning putra siswa jaman saiki, nalikane kaajak sinau kang ana gayute karo aksara Jawa, akeh – akehe lan kang wis dadi padatan mesti padha pating brengok, sambat yen kangelan, bab kang mangkene iki banjur coba kaudhar lumantar pitakon-pitakon kang gayut dadi dhasare bocah padha sambat mangkono kuwi, asiling pitakon ing purwaning pamulangan kapantha saperangan sababe,

neng antarane : Putra siswa akeh kang aweh wangsulan yen arang-arang kagladhi aksara Jawa, adate aksara Jawa mung kanggo jejangkep, sauger mung disinau wandaning aksara, pasangan, sandhangan lan sapanunggalane, tanpa kinanthen wacan-wacan kang kadhapur tulisan Jawa, lumantar buku, apadene sarana liyane. Panganggepe putra siswa yen aksara Jawa kuwi kuna, wis ora ana prabawane neng jagad kang wis maju iki. Ana maneh saperangan kang duwe panemu yen nyinau aksara Jawa kuwi ora ana gunane. Lumantar saperangan bab prekara ndhuwur kuwi mau, banjur tuwuh rasa kepiye carane narik kawigatene putra siswa, supaya isa sengkut anggone padha sinau aksara Jawa maneh, mula kang coba kakepyakake, mumpung saiki wis mlebu jaman kang sarwa digital, mula anggone ngereh uga saisa-isane lumantar cara digital, kayadene: Menehi pangerten tumraping putra siswa yen basa Jawa kuwi wiwit kuna – makuna wis lestari, lan ngasilake susastra kang tanpa wilangan, lan kabeh kuwi mau katulis sajroning aksara Kawi, apadene aksara Jawa, dudu neng tulisan aksara Latin. Menehi pangerten tumraping putra siswa yen basa Jawa kuwi udakara taun 2005, wiwit wis isa kanggo nulis sajroning piranti komputer, sinaosa isih nganggo font aksara Jawa modhel Ansi, lan cakrike durung akeh, nanging awit seka krentege para sutresna aksara Jawa, wiwit surya kaping 1 sasi Oktober 2009, aksara Jawa wis kasil mlebu neng standar Unicode, bab iki andadekake aksara Jawa isa tansaya adoh tebane neng jagading teknologi informatika, dayaning aksara Jawa Unicode kuwi wusanane bakal nuwuhake cakrik aksara Jawa kang maneka warna wandane, seka wanda kang kaanggep baku minangka aksara Jawa cithak, nganti wanda aksara Jawa kang katedhak seka sakathahing cakrik sajroning serat – serat lawasan. Menehi pangerten tumraping putra siswa yen basa Jawa kuwi uga isa kagunakake sajroning piranti HP kang mawa sistem Android, dadi wis ora jeneng mokal maneh yen saiki isa sms, bbm, wa, lan sapanunggalane migunakake aksara Jawa.

Saupama kabeh laku siji tumekane telu wis lumaku, banjur : Nyamektakake website / blog kanggo nggampangake laku sabanjure, kaya dene kanggo ngundhuh materi, apadene gladhen lan ulangan. Tata laku kang luwih tumanja, ora ana liya kejaba mung seka prigel, gregete guru anggone ngulinakake nulis sekabehing tetembungan Jawa mawa aksara Jawa neng papan tulis, tan prabeda kaya nyawang pasinaon basa manca liyane kang mawa aksarane. Saisa-isane ora ketang sepisan, utawa pindho siswa kaajak neng laboratorium komputer (TIK), saperlu kaparingan kawruh bab tata gelar wujuding aksara Jawa kang wis Unicode, lan sokur bage tatacara panulisane lumantar piranti komputer/laptop, mbuh kuwi lumantar MS. Office utawa Open Office. Neng pungkasaning atur, sawise ngawuningani bab tata lampah, saperangan pasinaon basa Jawa mawa aksara Jawa, kaya kang kajlentrehake neng ndhuwur kuwi, pramila isa kacaosake dudutane, neng antarane: Upama ana wacana, greget ngulinakake pasinaon basa Jawa lumantar aksarane, kuwi sejatine isa nganggo banget, kacihna seka apa kang wis nate lumaku neng SMA Negeri 1 Sanden, lan saiki isih lumaku neng SMA Negeri 2 Bantul, nanging kabeh mau pancen kudu mawa sarana pakulinan dhisik, utamane seka gurune. Putra siswa saiki wis padha melek teknologi informatika, mula sarana piranti iki tansaya isa dadi nambahi gregete bocah anggone sinau basa Jawa mawa aksara Jawa. Pangaribawaning Unicode aksara Jawa kang wis resmi wiwit 1 Oktober 2009, wis katon tebanine neng madyaning kanca, kadang wiranem kang padha nggegulang kagunan teknologi informatika, sinaosa durung kabeh brayat ageng uninga, lan pirsa apa ta kuwi Unicode lan kaya ngapa mungguh mangpangate tumrap bebrayan Jawa. Sawatara neng jagading pamulangan bab sinau basa Jawa mawa aksara Jawa, ora mrangguli pepalang kang abot. Seka saperangan dudutan neng ndhuwur kuwi, banjur tuwuh pangajab, lan pangangkah amrih apa kang kacoba neng madyaning pamulangan-pamulangan iki isa gumreget, ora liya ya mung ana neng antarane: Sarehning aksara Jawa wis ana kang modhel Unicode, sumannga font utawa cakrik aksara Jawa kang kagunakake Unicode iki, prayoga isaa kaanggep minangka cakrik baku tata panulisan neng saben dinane (neng aksara Latin kayadene Time New romane). Bab neng sajawining pamulangan, prayogane instansi pamarentah apadene swasta isa dadi patuladhan, satemah isa mrebawani aksara Jawa isa adoh tebane. Sabanjure yen kabeh wis lumaku, mula pangangkah anggone nyinau basa Jawa lumantar aksarane isa kasil. Setya Amrih Prasaja Mas Bekel Dwijasetyaprasaja, abdi dalem reh kaprajan. Ketua MGMP Bahasa Jawa SMA DIY Guru Bahasa Jawa SMAN 2 Bantul Filolog Alumni Sastra Jawa UGM

Geguritan Mampir satengahing wengi Menenga sedela Aja nggresula Rungakna unine banyu Rungakna unine angin Rungakna unine lemah Menenga sedela Buwangen samubarang ala lan angkara Weningna lathi Rungakna unine ati lan nyawiji dadi geni.

Gareng: “Truk, mau neng ndalan aku nemu dhuwit... Kok ya pas tanggal nyaur utang ya truk!” Petruk: “Wohlaaaa, ngepasi to Reng! Ya kuwi jenenge rejeki.” Gareng: “Ha ning ora tak jupuk Truk, tak buwang meneh dhuwite neng pinggir ndalan.” Petruk: “Pitikih... Nemu rejeki kok malah dibuwang?!!”

Solo - Yogja 23 - 24 Maret 2018 Eswe (Andy Sri Wahyudi) Seniman Teater, Pantomimer, Sutradara, Penulis

Gareng: “Lha duwite 100 ewu, kan mangka butuhku nggo nyaur utang 150 ewu. Ha teneh aku kon tombok 50 ewu.. Ha ra sudi!” Petruk: “Wooo, kenthir!!”


08 Pranata Mangsa, mangsa kasepuluh (Srawana)

Praja Cihna, lambang Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat Praja Cihna miturut kamus Poerwadarminta tegese, ‘praja’ iku kraton, krajan, negara, utawa kedhaton, dene ‘cihna’ yaiku tandha, tenger, utawa pratandha. Mulane tembung praja cihna banjur diarani tandha utawa lambang negara. Negara sing dikarepke neng kene yaiku Negaragung, Ngayogyakarta Hadiningrat kang pinarentah dening Sultan Hamengku Buwana sakdurunge nglebur dadi siji, dadi negara Republik Indonesia. MICARA bab praja cihna, becike diturut manut sejarahe. Anane praja cihna kuwi mbiyene nduweni gegayutan karo kongsep Hindu sing dadi mula-bukane tradisi neng kraton. Kongsep kuwi ana ing pepetane Sultan Hamengku Buwana I minangka avatara utawa wujuding manungsa Dewa Wisnu. Prekara sing banjur disebut wisnuisme marang Sultan katon seka: (1) gelar abhisekane, yaiku Hamengku Buwana, sing nduweni teges ‘kang angreksani donya’, (2) tumbak pusakane kang dijenengi Cakra [Hardacakra], (3) karatone diarani Ngayogyakarta Hadiningrat, sing tegese ‘Ayodya’ makmur lan kaendahan neng donya”, (4) menawa Sultan mirsani pagelaran wayang wong, Ngarsa Dalem lenggah ana ing tengah Bangsal Kencana madhep ngetan minangka pakurmatan kanggo Srengenge. Tumindak iku wujuding pakurmatan kanggo tekaning Dewa Wisnu. Ing mangsane Sultan Hamengku Buwana VI, kreta kencanane dijenengi Garudha-yeksa, lan Sultan Hamengku Buwana VIII migunakake lar ing garuda sepasang kang ngapit makutha kanggo lambanging negara. Sakdurunge ngrembug babagan pralambang negara neng mangsane HB VIII, becik nek nyetitekke cihna neng mangsane HB VII. Mula-bukane praja cihna wis kanggo pepakane piranti negara, uga kanggo tetenger raja sing jumeneng. Prekara iku dibuktekke saka artefak sejarah tinggalane raja nalika marentah, kayata gedhong, regol, utawa piranti dhahar lan unjukan dalem. Ing Karaton Yogyakarta Hadiningrat, pratandha luhuring raja wis tinemu seka mangsane Hamengku Buwana VII. Sabagean pratandha kaluhuran ing mangsane Sultan Sugih, utawa simbol HB VII bisa ditemoni aneng gapura kraton wetan (saiki dadi perpustakaan Widyabudaya), prasasti sisih kidul Tugu Yogyakarta, lan ing salah sijining rampadan Sultan. Ing mangsane HB VIII, praja cihna sing resmi tekan saiki isa diweruhi karo warga masyarakat kabeh sejatine digawe karo KRT Jayadipura salah sawijining mantu dalem (mantu raja). Jayadipura pikantuk pakurmatan sakperlu ngreka saben simbol sing ana ing praja cihna. Gambar wiwitan saka pralambang karaton ana ing Bangsal Manis. Bagean makutha kang ana ing sisih nduwure pralambang HB VIII ora beda karo kang diagem HB VII kanggo mratandhani pamugaraning tugu. Sabanjure wujude diganti saperlu didandani nganti kaya saiki iki. Gantine wujud praja cihna pisanan isa disekseni ana ing nduwure Regol Manikantaya, banjur ana ing nduwure panutup Bangsal Manis. Sawise digonta-ganti kaping pirang-pirang, praja cihna dadi kaya saiki, kang resmi mratandhani Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. Bagean-bagean kang mujudke Praja Cihna Saben bagean kang mujudake praja cihna nduweni mangsud lan teges miturut kawruh kawicaksanan.

Ing ngisor iki ana bagean-bagean kang mujudake praja cihna, yaiku: Songkok / Makutha Ageman irah-irahan prajurit. Minangka pralambang sipat satriya sarta cihnaning Nata. Sumping  Ageman tancep talingan. Ceplik, lambange urip, kayadene kembang srengenge. Godhong kluwih, saka tembung “luwih”, duwe kaluwihan. Makara, rasa dayane kanggo hanjaga rubeda, awit kuncarane kraton Praba  Gegambaraning paraga ingkang kinormatan sayekti tumrap kapitayan Jawa Mataram. Lar / Swiwi swiwi Peksi, lambange gegayuhan inggil kayadene sumundhul angkasa. Tameng  Sanjata kanggo handanggulangi salira ing palagan. Warni abrit, pralambang niat wanton jalaran hambela gegayuhan leres tumrap bebrayan, ananging mboya nilarake sipat waspada. Seratan Ha Ba / Tulisan Ha Ba Cihnaning Nata, bilih ingkang jumeneng enggeh sesilih Hamengku Buwana. Asma puniku kebak wucalan hadi luhung kacihna hamengku, hamangku, sarta hamengkoni. Warna jene pralambang Agung Binathara. Sekar Padma / Kembang Padma Sekar padma sesambetan kaliyan panggesangan bilih samangke sedaya puniku ugi linambaran dhateng gelare donya akhirat. Sulur / Tanduran Sulur  Pralambang bilih panggesangan puniku lumampah kalajengan kados gesange sulur mrambat  Pranatan migunakake Praja Cihna Ing mangsane Sultan Hamengku Buwana VIII, kajaba praja cihna uga ana cihnaning pribadi. Kabeh kuwi wujude padha, nanging yen cihnaning pribadi iku ana tambahan angka jawa kanggo tandha Sultan kang jumeneng. Ing mangsane Sultan Hamengku Buwana IX, sultan kang jumeneng ora nduweni cihnaning pribadi. Ananging ana lelironan akehe lar utawa swiwi kang wiwite cacahe ana wolu ganti dadi sanga. Lelironan iki pinangka tandha nek Sultan kang jumeneng iku raja kang kaping sanga. Ing mangsane Sultan Hamengku Bawana X, uga ana cihnaning pribadi. Simbol iku tau rineka aneng kertas undangan kanggo pawiwahaning putri-putrine Ngarsa Dalem. Miturut pranatan Ngarsa Dalem ing tanggal 7 maret 1989, nerangake menawa panganggone praja cihna kang warna abang mung kanggo institusi keraton. Kalebu ing njerone ana pralambang kop palayangan, bangunan, lan piranti rumah tangga. Ananging, yen iku arep digunakake minangka bros kang dipasang ing ageman peranakan (klambi kanggo abdi dalem kang warnane biru) ana aturan warna liya kang kudu dinut. Kango abdi dalem kang kalebu kalenggahan jajar tekan wedana pikantuk nganggo pralambang Haba werna putih utawa silver. Dene abdi dalem kang kalebu riya bupati warnane kuning utawa emas. Babagan praja cihna iki uga isa diwaca meneh ing sajroning website kratonjogja.id. Website resmi Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat kang dikemonah dening Tepas Tandha Yekti. Ing website kuwi, masyarakat isa nyocokke bab praja cihna seka sumber asline. Supaya isa mbuktekke sakabehe kang tinulis, aja lali dolan menyang kraton. Kowe kudu weruh dhewe apa bener ana tandha kraton sadurunge tandha sik saiki. (ark)

TANGGAL 26 Maret tekan 18 April kalebu ing Mangsa Kasepuluh neng penanggalan Jawa. Sistem pranata mangsa iki ditemtokke seka panggone srengege lan rembulan uga lintang-lintang. Neng mangsa kasepuluh iki, nduweni ciri-ciri, angin gedhe mara seka tenggara (kidul wetan). Angin kang kuat lan ajeg iku, nggawa banyu udan sethithik, mretandhakke tekaning mangsa udan wis mlebu pungkasane. Neng mangsa iki uga, iso dititeni manuk-manuk padha angrem neng petarangan, anak-anak manuk uga ana sing wis netes. Kewan-kewan uga akeh sing meteng. Pari-pari nguning mentes, pratandha siap panen. Candraning mangsa iki yaiku gedhong mineb jroning kalbu, sing ngemu teges ana jiwa-jiwa anyar sing kakendhut neng garbane para babon. Kanggo manungsa sing lair neng mangsa iki, umume nduweni watak ati kang teteg lan wani. Nora gampang ngalah amerga nduweni watak kaya dene prajurit, sing dhisiplin lan teges. Rasa tanggungjawabe dhuwur marang kaluwarga lan marang lingkungane. Sanadyan watake atos, nanging manungsa kang lahir neng mangsa iki uga duwe watak welas asih lan ora wegah mbelani wong kang tinindhas. Mangsa iki uga kasebut mangsa Mareng, mangsa sing akeh gegayutane karo watak-watak Resi Bisma. Mula gambaran wong kang lahir neng mangsa iki patrep karo cirine Resi Bisma, kang teges lan tatag atine, ora gampang miyur.

sepuluh. Petungan jodho iki didhasarake seka watak-watak sing sakora-orane cocok lan ora bakal nuwuhake masalah ing tembe mburine, sanadyan kabeh kuwi sejatine bali neng awake dhewe-dhewe. Mangsa sing pas dinggo mancing Kanggo nelayan lan sapa wae sing arep golek iwak, mangsa kasepuluh iku mangsane akeh-akehe iwak Bawal Ireng. Sak liyane iku, iwak kang uga bakal akeh tinemu neng mangsa iki yaiku tuna, tongkol, kakap, cakalang, pari, lan manyung. Senajan ora akeh kayata bawal ireng, nanging iwak-iwak kuwi mau uga isih kalebu gampang ditemokne neng mangsa iki. (lantip)

Bab jodho Miturut penanggalan Jawa, manungsa kang lahir neng mangsa kasepuluh nduweni jodho wong kang lahir ing mangsa Karo (3 Agustus - 25 Agustus), Kanem (10 November - 22 Desember) utawa karo sing sapadha-padha Ka-

foto dening: Arya Suksma

toko-toko padha tutup, pkl padha prei, trotoar dadi katon resik lan jembar

Reresik Malioboro Selasa Wage SABEN 35 dina pisan bakal ana fenomena lan penampakan sing beda neng sakdawane dalan Malioboro. Saben dina kuwi ora ana PKL (Pedagang Kaki Lima) sing dodolan kaya dina biyasane. Para PKL sing kalebu ana ing Komunitas Paguyuban Pedagang Lesehan Malioboro (KPPLM) padha sarujuk dinggo ‘prei’ lan ‘mrei’. ‘Prei’ dipilih adhedhasar kasepakatan lan dipilih saben dina Selasa Wage. Pamilihing dina kuwi manut pasaran Jawa iya ora tanpa alesan, dina kasebut yaiku dina kang padha karo dina Miyosipun Sultan Hamengkubuwana X. Saengga bakal tambah cedhak antarane panguwasa karo rakyate. Kagiyatan sing dilakokake saben dina Selasa Wage uga diwiwiti seka dina Senen bengi kang padha rondha, lan dilanjutake resik-resik bareng utawa massal saben esuke. Kagiyatan resik-resik iki uga disengkuyung karo pengelola kebersihan daerah Malioboro sing tentu wae nggampangake pagaweane, kang utama pengelolaan saluran banyu kang dadi kawigaten sing utama, apa wae kang gayut karo sampah, papan wisata saha kondhisi cuaca. Nganti artikel iki ditulis, uwis kasil dilakokake prei Selasa Wage kaping loro. Kagiyatan preinan kaping loro iki diisi kanthi ngecet dalan saha tembok sadawane dalan Malioboro. Ketua paguyuban KPPLM, Sukidi mantep tenan amarga kanca-kanca PKL ikhlas, ewadene ngalami rugi omzet, sedina kurang luwih Rp 1.000.000,- juta nganti Rp 1.500.000,- juta

amarga pancen uwis diputuske lan ditetapke seka dhasar musyawarah bareng-bareng. Kaputusan iki digawe amarga para pedagang uga kepingin Malioboro leren saha ketok beda seka adat biyasane. Wali kota Yogyakarta, Haryadi Suyuti paring apresiasi marang para pedagang kang legawa prei anggone bebakulan, saengga pengelola kabersihan duwe wektu saha kasempatan kang luwih seka biyasane. Miturute, para pengunjung uga bisa ngrasakake swasana anyar saha beda nalika dina Selasa Wage. Para pengunjung utawa wisatawan bisa penak saha luwes anggone foto tanpa ana gangguan pedagang utawa wong bakul sliwar sliwer. Citra Malioboro saiki tambah kuwat nalika Malioboro dadi cermin ibukota provinsi DIY. Ananging, temtu preinan Selasa Wage diharapke bakal tambah regeng karo anane kagiyatan masyarakat utawa komunitas kesenian kang ngregengake Malioboro. Preinan iki uga dipangajabke bakal terus lanjut tekane Selasa Wage kang badhe dhateng. Menika perlune ndadekake Malioboro kanggo inspirator mlligine papan-papan pariwisata kang notabene duwe penggemar kang bakal mesthi setya mara ing Malioboro. Dening: Berty Istijabah Putri

Mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa) UNY


09

Kuliner Krenyos, menu rahasia sate klathak sing enake kebangeten

sate klathak Mak Adi wetan pom bensin jalan imogiri sakdurunge prapatan Jejeran nek seka lor

“AWALE niku wonten cah-cah enom langganan dha nongkrong ten riki mas, dugi dalu, sok dhong punjul jam 12. Rombongan niku bar klathake, kicike pun dha telas dimaem, nanging taksih dha pingin ngobrol-ngobrol lan nongkrong. Lajeng wonten sing iseng ngengken ngirisi lan nggorengke gajih, ajeng digadho ngge tambul ngobrol,” ngono jare bakule sate sinambi ngepeti anglo. Nek ngomongke sate klathak, wis meh kabeh uwong ngerti. Saya meneh ing jaman media sosial iki, kuliner Jogja, mligine sate klathak ‘naik daun’, dadi salah sijining andalan wisata. Ing sakubenge Pasar Jejeran, dalan Imogiri wetan, akeh banget madeg warung sate, lan wilayah kono kondhang jejuluk ‘ibu kota sate kambing’. Sebut wae warung sing wis kondhang kaya ta Pak Bari, Pak Pong, Pak Jupaeni lan sakpanunggale. Nanging sakliyane sate klathak, ana menu idola anyar. ‘Hidden menu’ iki jenenge krenyos. Nek neng liyan papan kadhang diarani krengseng utawa grabyas. Gajih wedhus (sing adate dadi ‘limbah’ sate) dibumboni bawang uyah banjur digoreng garing. Nek isih panas dicokot kemrenyos, amarga njabane garing nanging njerone nggajih. Warung sing adol menu krenyos iki mung warung Mak Adi. Prenahe sakwetane pom bensin dalan Imogiri, lor prapatan Jejeran. Mak Adi iki wis bukak warung sate wedhus wiwit taun 1993. Akeh sing padha ngira nek Mak Adi kuwi wanita, amarga jenenge nganggo ‘mak’. Nanging jebulane ukara ‘mak’ kuwi jebul seka Basa Madura

‘ramak’ sing artine bapak. Ramak Adi, utawa bapak Adi. Kamangka Pak Adi dudu asli Madura, nanging jeneng Mak Adi kuwi jeneng parabane Pak Adi. Saiki sing ngurusi warunge putrane, Mas Hendy (23). Warunge Mak Adi sedina isa ngentekne wedhus cacahe telu. Nek kulakan wedhus enom umuran limang sasinan nganti tekan Magelang, banjur dibeleh bareng-bareng karo para bakul klathak ing Jejeran, sing jebule isih pada ketalen paseduluran, utawa sakgotrah.

Sing dodolan krenyos mung Mak Adi

Wiwitane menu krenyos, jarene lagi enem sasinan iki akeh sing padha pesen krenyos. Nanging warung sate klathak liyane durung padha dodol menu iki. Mbok menawa durung ngerti utawa wegah gawe, mergane proses masak krenyos kuwi suwe. Gajih kudu digoreng nganti garing tenan, dadi rada boros lenga. Nanging warung Mak Adi wis mulai kulina ngladeni pesenan krenyos iki. Cah-cah enom saiki akeh sing padha pesen krenyos, banjur difoto lan diupload neng sosmed. Nanging kudu ati-ati kanggo sapa wae sing duwe alergi lan pantangan kolesterol, amarga krenyos iki bahan baku utamane yaiku gajih, kolesterole dhuwur banget! Mangga, nek pingin menu alternatip liyane sate klathak, tongseng, thengkleng, gule, isa njajal menu anyar favorit iki. Dijamin mak nyos! (pal)

Warung wedangan mruput Pak Pur

Wis ana kit jaman agresi militer TAU ngalami durung, esuk-esuk jam 4an dumadakan pengin thethek sinambi wedangan? Biasane pas jamjam sakmono kuwi wis rada angel nemu warung wedangan sing isih bukak tur pepak. Arep neng lesehan, bakule wis tata-tata nggulung klasa lesehan, siyap-siyap arep tutup. Mangkat angkringan, biyasane ya wis meh tutup nek ra malah gerobake wis disurung digawa bali. Arep mampir warung burjo sing 24 jam bukak, biyasane wedang tehe kurang mantep. Nek disruput kurang marakke kemepyar neng sirah. Eh ndilalah 3-4 sasi kepungkur, sawijining kanca ngandhani nek neng daerah kidul Pojok Beteng Kulon ana warung wedangan sing mulai bukak jam 3 isuk. Papan persise neng Jalan Bantul, wetan dalan, persis neng kidule gapura greja Pugeran, tutupan tenda terpal biru. Karo sing nduwe, warung iki ora dijenengi. Nanging wong-wong sing sok mampir kene weneh jeneng dhewe-dhewe. Ana sing njenengi Warung Teh Dekok, ana sing Wedangan Pak Pur, ana uga sing wenehi jeneng Angkringan Pak Pur ra ketang nek disawang seka tampilane, blas ora memper angkringan mergane ra ana gerobage lan ra ana ceret telu nangkring neng meja. Nek misale tetep ana sing ngeyel nek iki kaya angkringan, paling-paling merga tenda terpal sing dadi tutup warung iku. Wedang teh sing disuguhke ing warung iki ya beda karo teh sing disuguhke neng warung angkringan biyasa. Nek neng warung angkringan, biasane teh sing kenthel banget wis disiapke neng ceret blirik ukuran tanggung. Nek ana sing pesen wedang teh, bakule bakal ngilingke teh kenthel seka ceret blirik kuwi sithik, bar kuwi dicuri nganggo jarang nganti kebak. Nah nek neng warung wedangan Pak Pur iki, rada beda. Mergane gelase ora gelas dhuwur ning gelas blimbing sing luwih cendhek, tur isih ditambahi cangkir blirik cilik sing isine teh godhong sak gagange terus digrujuk banyu panas mongah-mongah, komplit karo saringane. Gunane cangkir blirik cilik iki nggo ngejogi teh neng gelas blimbing. Miturut Mas Warsono lan Mbak Ranti sing isuk-isuk wis tata-tata mbukak warung wedangan iki, biasane jam telu isuk warunge iki wis bukak, nek arep ngeteh apa ngopi wis siyap. Nanging umpamane pengin ngicipi sega wungkus lan jajanan liyane, kudu sabar ngenteni sedhilit mergane sega lan jajanan nembe teka

JAMU WATUK ING SERAT CENTHINI Tulisane neng naskah: Jampi watuk datan medal riyakipun Sunthi lawan ayot gondarosa kresna Toyaning jram lilang pinipis uyupna

jam setengah papat isuk. Ing atase le bukak jam semana, nanging wong-wong sing jajan ya wis akeh lan sansaya rame bebarengan karo njedule srengenge. “Meh kabeh wong sing wedangan neng warung iki podho kenal lan guyub. Yen ngobrol, bab sing dibahas wong-wong sing wedangan ya maneka warna, wiwit sing abot-abot nganti bab gojegan ndagel. Sing penting ora SARA.” Pak Suryono, salah sijining pelanggan nerangke. Arang banget nemu pengunjung warung iki sing mung meneng wae uthak-uthek handphone kaya ning panggon wedangan umume jaman saiki. Kabeh ngobrol srawung karo kanca-kanca lan bakule. Mas Warsono njelaske kit mbiyen warung wedangan iki mulai bukake ya jam semono kuwi, persis sakdurunge jam-jam bakul-bakul menyang pasar. Dadi biasane bakul-bakul kuwi mampir sedhilit nggo wedangan sakdurunge tekan pasar. Sing marakke kaget, warung iki mulai dodolan wedangan nggo bakul-bakul kuwi ora kit 10 opo 20 taun kepungkur, nanging luwih suwi seka kuwi. Pak Pur, sing pertama mbukak warung wedangan iki, jebul le miwiti wis kawit suwi banget. “Pokmen pas agresi militer, Bapak sampun sadeyan

wedangan ten riki. Yuswane jaman semana kira-kira 15 taunan.” jare Mas Warsono. “Jaman kuwi dalan aspal ngarep iki isih pasir, kulone isih ana ril sepur arah Palbapang.” sambunge. Awal bukak mbiyen, jelas bentuke durung kaya saiki. Jaman semono Pak Pur le dodolan isih nganggo pikulan seka ngomahe daerah Jalan Wates, terus mbukak dagangane neng papan sing padha karo warung sing saiki. Sansaya tambah taun, usaha Pak Pur saiki diteruske karo keturunane. Pikulan wis diganti meja lan bangku antarane taun 70-an. Wong-wong sing wedangan neng kene luwih nyaman tur le ngobrol luwih penak. Ora mung bakule sing turun-tinurun, sing tuku ya ana sing turun-tinurun. Warung wedangan sing bukak tekan jam 5 sore utawa nganti sakentekke dagangane iki, para pelanggane sesasi pisan sok-sok iguh dhewe nggawe acara musik elektunan neng kene. Biasane le mulai bar jam 12 awan nganti sak kesele. Piye, kapan arep nyoba warung wedangan teh mruput iki? (iwn)

Jamu kanggo watuk sing ora metu riyake Bahan : Sunthi (jae sing ukurane luwih cilik, luwih pedhes tinimbang jae adate) Oyot Gandarosa ireng Banyu jeruk linglang (jeruk purut) Kabeh kuwi mau didheplok alus banjur diunjuk

JAMU OBAT MUMET ING SERAT CENTHINI Tulisane neng naskah: Jampi puyeng pulasari kapulaga Myang kemukus tuwin bawang sawatara Pinipisa lajeng inguyup kewala Jamu tamba mumet Bahan : Pulasari, kapulaga, kemukus, bawang Kabeh bahan didheplok banjur diunjuk


10 Dhemit biyung tulung

Seloka

Wong Jawa, utamane wong Jogja, paling seneng nggawe ukara kang kebak pasemon. Yen tinemu ana kalimat Basa Jawa, kerep-kerepe ora bisa dimaknani kanthi lugu mbluju, kudu digoleki makna nang sewaliking ukara. Salah siji bentuke yaiku seloka, tetembungan utawa unen-unen kang nduweni makna kang jeru ananging diwujudake ana ing kalimat kang singkat lan padhet. “Jaman iku owah gingsir” Seloka iki ngemu makna sing uga ngelingake menawa ora ana kang abadi ing ndonya iki. Owah-owahan kuwi mesthi ana. Sing tuwa mati, sing enom bakal dadi tuwa, lan sak piturute. Semono uga ana ing babagan bandha, wis mesti wae ana owah gingsire. Mbuh kuwi sing barange dadi elek, utawa regane sing malah bakale malih. Wektu uga tansah mlayu, ora tau mandheg. Mangsa uga gonta-ganti sakbendinane. Semana uga laku lampahe manungsa, ora ana sing isa ngerti apa kang bakalan tinemu ing tembe mburi. Sing sugih magrong-magrong, bola-bali mlebu tv, nang ndi wae numpak mobil, eh lha kok kecokot KPK, banjur bubar kabeh bandhane. Jabatan utawa kuwasa uga ora abadi, sing saiki jabatane dhuwur isa wae mak bedunduk dilorod, apa malah dicuthat. Sing saiki kondhang kawentar, isa wae dadi ilang ra krungu meneh kabare. Saloka iki intine dadi pasinaon kanggo kabeh supaya luwih ngati-ati, sadhar dhiri lan waspada. “Yitna yuwana, lena kena” Seloka iki saka tembung yitna (prayitna) kang ateges eling lan ngati-ati, yuwana tegese menang utawa slamet. Dadi artine yaiku ngati-ati (bakal) slamet, lena (bakale) kena. Intine yaiku nek kepingin uripe slamet, kudu nduweni sikap kang eling, waspada lan ngati-ati ing solahe. Sikap ngati-ati iki maknane jembar banget. Saka babagan sedherhana kayata mateni lampu yen arep lunga, niliki kompor sakdurunge ninggal omah, tekan babagan ngati-ati anggone ngemonah layang kabar. Nek dhewe oleh informasi sing sipate ngrugekne liyan, utawa kang sajak mbanget-mbangetke, aja langsung gampang percaya, apa maneh malah nyebar nang ndi-ndi karo ditambahi “ndak ho oh?”, mergo yen kabar iku jebule hoax, dhewe isa kalebu wong kang nyebarake, lan saiki isa kena undang-undang. Mula sing ngati-ati, golek informasi pembanding saka ngendi wae; isa takon marang sing ahli, isa uga golek informasi seka googling. Kabeh iki murih beciking uripe dhewe, uga murih tentreming atine sedulur-sedulure dhewe kabeh. (lantip)

NGOMONGKE babagan urban legend sing nyritakke dhemit utawa jagat lelembut, Yogya nduwe pirang-pirang. Kaya ta drumband setan saben subuh sing mung krungu swarane thok tanpa ana wujude; Mbak Yayuk lelembut Fakultas Ekonomi UGM sing gawene njedul neng ruang kelas; lan sing keri dewe nganti dadi trending topik kaskus, Keluarga Tak Kasat Mata. Nanging iki ana tambahan crita urban legend lawas sing mbok menawa durung patiya populer. Jenenge Dhemit Biyung Tulung. Kocap kacarita, Dhemit Biyung Tulung iki manggon neng bekas plengkung Madyasura. Jaman semana ana lima plengkung ing sakubenge beteng kraton Yogya, saiki sing isih wutuh mung kari loro plengkung Nirbaya (Gading) lan plengkung Tarunasura (Wijilan). Plengkung sing wis dimbrukke yaiku plengkung Jagabaya (prapatan Tamansari), plengkung Jagasura (prapatan Kauman / Gerjen), lan plengkung Madyasura (Kulon Purawisata). Plengkung sing kasebut keri dhewe kuwi papan asale ana crita Dhemit Biyung Tulung. Wiwit tanggal 23 Juni 1812 sakwise serangan Inggris ing Kraton Yogya utawa Geger Sepei, plengkung Madyasura ditutup lan diarani Plengkung Buntet. Nalika jaman Hamengkubuwana VIII, plengkung kuwi dibongkar lan diganti gapura biyasa. Miturut legenda utawa mitos sing ngrembaka ing masyarakat kiwa tengene, saben wayah surup krungu swara wong nanging ora wujud, mbengok “...aduh...biyung...tulung.” Sakbanjur kuwi lair ukara ‘Biyung Tulung’ kanggo ngarani swara dhemit kuwi. Salah sijining sumber nyritakke nek fenomena Dhemit Biyung Tulung iki ana nalika Tentara Pelajar lagi perang gerilya mungsuh Landa, tahun 1948-1949. Diturut seka sejarah, jare jaman mbiyen kuwi ana bocah enom jenenge Kartipeya. Bocah kuwi pancen nggantheng rupane nanging senengane nggodhani para wanita ing kampung kono. Pancen ndrawasi polahe bocah kuwi lan gawe kuwatir warga merga meh saben dina ana prawan sing digodhani. Para warga sing wis padha ora jenak karo solah bawane Kartipeya banjur golek cara ben bocah kuwi ora kurang

foto: unikarea.blogspot.com

ajar nghodhani para wanita meneh. Nanging para warga uga ngerti nek Kartipeya kuwi duwe kaluwihan kasekten. Banjur ana sing ngonangi nek saben malem jemuwah Kartipeya nenepi ing alas laku semedi marang prewangane, yaiku Batari Durga. Sakliyane aji katosan, Kartipeya uga duwe aji pengasih sing marai wanodya gandrung paringane Batari Durga wujude jimat pengasih ‘wulu kelek’ sing dibungkus kain putih. Lan uga paring sarat nek ora kena tumindak asusila neng sakngisore plengkung Madyasura. Nek sarat kuwi dilanggar, Kartipeya bakal cilaka malah isa uga mati. Para warga sing wis ngerti kaluwihane lan pengapesane aji prewangane Kertipeya banjur sowan marang wong ampuh, wong pinter, supaya bisa nulak kasektene Kertipeya lan supaya piye carane gawe bocah kuwi wirang banjur kapok nglakoni tumindake sing ala. Dhukun kuwi mau banjur menehi biting cacahe telu sing kudu diselehke neng ngisor plengkung. Biting kuwi ampuh pokoke bisa gawe Kertipeya lena lan marani biting kuwi. Nanging dhukun iku uga kandha nek Kertipeya cukup digawe wirang lan kapok wae, aja dilarani apa meneh dipateni. Nalika kuwi Kertipeya lagi gandrung marang prawan ayu kembang kampung kono sing jenenge

Sukresthi. Para mudha lan para warga banjur duwe niat kanggo njebak Kertipeya. Wis dadi adate nek wayah bakda maghrib Kertipeya mesthi nggodhani prawan. Bengi kuwi kaya sing wis dikarepke warga, Kertipeya kepancing ngglandhang Sukresthi neng ngisor plengkung (sing wis diwenehi biting seka dhukun) tumindak asusila. Mbasan tekan ngisor plengkung biting telu kuwi mau rumangsane Kertipeya dadi ula, bocahe kaget lan kasektene ilang sakkal. Merga nglanggar sarat ora kena tumindak asusila ing ngisor plengkung. Para mudha sing wis pancen adhang-adhang banjur ngroyok Kertipeya. Ndilalah ana salah sijining bocah enom sing panas ati merga cemburu marang Kertipeya lan Sukresthi banjur gawe ada-ada marang warga supaya Kertipeya dipateni. Wayah kuwi Kertipeya bengok-bengok “biyuuuung....tuluuuuung...biyuuuung tuluuung...”. Swara jeriting Kartipeya kuwi sing banjur kadhang krungu ing sakubenge plengkung utawa gapura Madyasura jaman mbiyen. Bejane saiki kahanan neng sakiwa tengene plengkung Madyasura wis rame kendaraan lan padhet warga, dadi swara dhemit biyung tulung kuwi wis ora tau krungu meneh. (pal)

Cerita Serem

Gara-gara kuburan angker

“HALO. Le, iki ana kabar lelayu. Pakdhe Sugi seda. Disarekke sesuk jam 1 awan.” Bapak ngendika mau liwat telpon bengi, jam 11 seprapat. “Innalillahi. Aduh, pak. Benjang menika kula sedinten mboten saged lunga pundi-pundi, wonten tamu penting rawuh kantor.” “Woalah. Ya wis ra papa, tapi nek isa saiki budhala layat sakdurunge bali omah, ngaruhke budhemu lan sedulur-sedulurmu.” “Inggih, pak. Kula tak budhal sakniki.” Daleme pakdhe Sugiyono sakjane ora patiya adoh seka omahku, tapi kudu ngeliwati siji-sijine dalan sing ana kuburanne. Kuburan iki wis kondhang singupe. Saben sasi mesti ana kedadeyan wong sing lewat diweruhi neng cedhak kuburan kui. Lewat ngarepe wae wis mak sreng mambu menyan sing disumet karo wong-wong sing ngalap berkah opo njaluk slamet neng wit randhu alas gedhe ngarep gapura kuburan. Ambune marai mrinding. “Nderek langkung mbah, putune ajeng liwat.” Omongku bisik-bisik karo mejet klakson motor ping 3. Let sedhela aku wis tekan ndaleme pakdhe Sugiyono. Rada ayem, tenda wis kepasang sak lampu penerangane marai padhang njingglang. Lumayan kanggo ngilangi pikiran ora penak amarga liwat kuburan mau. Bapak-bapak tangga teparo sing lagi ewuh nata kursi mung tak aruh-aruhi seka kadohan amarga aku pengen langsung mlebu omah nggoleki budhe Sugi. Mlebu omah wis ana pethi jenazah putih neng ndhuwur meja cendhik. Fotone pakdhe ya wis kepasang neng pigura disendhekke pethi. Aku thingak-thinguk nggoleki budhe tapi ora ketemu. Pikirku budhe lagi neng kamar leren merga sayah, wong ya kelangan garwa mesti rak ya ora kuat, butuh istirahat. Aku mutusi tak sholat jenazah ndhisik wae, bar kui lagi nggoleki budhe meneh. Rampung wudhu aku langsung ngadek neng ngarep pethine pakdhe, sholat jenazah dhewe. Lagi mulai niat awakku wis ngerasa mrinding meneh, tapi sing saiki ora patiya tak pikirke. Neng ngarepe pakdhene dhewe mosok wedi, batinku.

Lagi wae takbir pisan, aku ngerasa dijawil pundakku. Duh, apa iki. Wong lagi sholat kok ya ana sing ngganggu. Pikiranku saya ora penak tapi tetep neruske sholat karo merem. Pas takbir kepindho lha njawile kok malah sansaya ndadi. Aku mulai keweden. Apa aku kenunutan dhemit kuburan sing tak liwati mau? Pikiranku wis ora jenak. Kringetku mulai metu sak jagung-jagung tapi tetep tak niati neruske sholat. Wis mulai maca Al Fatihah, wis ora ana sing ngganggu meneh nganti aku rampung sholat jenazah. Pas salam trakhir aku mengo kiwa, aku weruh bapak-bapak sing mau nata kursi ngematke aku seka njaba pintu. Rampungan sholat aku banjur marani bapak-bapak kuwi. “Nyuwun sewu, mas menika sinten nggih?” Salah sijining bapak-bapak sing do ngumpul nakoni aku. “Nderek nepangaken kula Yadi, putranipun pak Prayoto.” “Pak Prayoto dusun Kendhangan sedherekipun almarhum?” “Inggih pak.” Jawabku karo rada ayem amarga ana sing tepung karo bapak. “Anu, dhik. Sepindhah malih kula nyuwun ngapunten. Kula wau nggih njawil panjenengan pas sholat.” Oalah, jebul sing njawil mau dudu lelembut, tapi uwong tenan. Saya ayem, batinku. “Kula jawil bola-bali panjenengan mboten mandheg le sholat, nggih kula entosi mawon bibar sholat.” “Wah, nyuwun ngapunten sanget, pak. Kula menawi urusane sholat angel diganggu.” Omongku anggak. “Lha niku, mboten napa-napa. Sakjane wau menika badhe matur menawi panjenengan badhe sholat jenazah katuran nengga kirang langkung sakjam malih, amargi jenazahipun taksih wonten rumah sakit, dereng dugi griya.” Mak tratap atiku. Jebul aku sholat jenazah neng ngarep pethi kosong, lha wong jenazahe pakdhe durung ana. Pantes omahe isih sepi. Aku mung isa mesam-mesem ngampet isin digeguyu karo bapak-bapak mau. (vin)


11 Medsos utawa medprok? MEDIA sosial utawa uga siningkat medsos ing dina-dina kang mutakhir iki wus dadi kalumrahan kang ora bisa pinisahake saka urip lan kegiatane kabeh wong. Nalika kabar globalisasi kesebar ing laladan jagad, para winasis percaya yen iki bakal dadi pratanda becik kanggo sesrawungane para manungsa ing alam donya. Kanthi pengarep-arep becik globalisasi bisa ‘nyempitke jagad saengga karengkuh ing kepelan tangan’. Apa bisa mawujud karep sing mokal ngono kuwi? Ing antarane perkara piranti globalisasi kuwi mau banjur ana pawongan aing jenenge Mark Zuckerberg, Jan Koum, utawa para pawongan liyane kang bisa mujudake impen ‘rinengkuhe jagad ing pucuk ing driji’. Kekarone bisa mujudake media komunikasi sosial kang sinebut Facebook lan WhatsApp (ing sajabaning conto loro kuwi mau para maos bisa nambahi dhewe). Wong ora perlu ketemu yen ta arep ngobrol. Akeh fasilitas media sosial sing bisa nyranani. Apa perkara iki tememen bisa mujudake semangat ‘connecting with people’s?’. Kanggone saperangan masyarakat maju mbok menawa mangkono, ananging ana ing Indonesia perkara kuwi nuwuhake perkara anyar liane. Perkara apa? Media sosial utawa kasebut medsos pranyata ora kaya sebutane. Medsos kanyatane nuwuhake watak ‘anti-sosial’. Kekudhung ukara ‘connecting with people’s’ ngeruh-ruhi kanca adoh ananging sing cedhak wae ditilapke. Ora gumun yen ana wong lima kumpul ananging

meneng-menengan jalaran kabeh pada ‘nggenggem jagad’ ing drijine dewe. Apa nyambi sapa, utawa sapa nyambi apa dadi ora cetha. Emane maneh, perkara kang digelar digulung ing drijine dhewe-dhewe kuwi mau ya mbok menawa durung karuwan temanja. Ora kok lagi maca informasi kang wigati, malah kepara ngikik dhewe jalaran gojek beregu utawa chat group. Durung maneh pranyata medsos uga dadi undering perkara kang nuwuhake padudon rame ora sembada. Medsos ora ateges ‘otomatis’ bisa njembarke sesrawungan sosial. Kepara malah dadi medprok ‘alias’ media ndeprok. Kaya-kaya tekan ngendi-endi ning sakjane ya pancen ora nang ngendi-endi. Pancen bener kandane para pendekar buntas ing kawruh kae, yen barang kuwi gumantung sapa sing nyekel. Pisau komando bisa kanggo ngonceki brambang, nanging lading pawon isa uga munthes uripe wong. Dibutuhke wong kang mangerti cara kanggo ngemonah sawijining piranti supaya maedahi ing liyan lan kapribadene dhewe. Sumangga para maos. Iwak sepat jenang gula. Wonten lepat nyuwun ngapura. Rahayu! Whani Dharmawan Aktor, Sutradara, Penulis

Keris, barang kang mlungker, ora kena nggo ngiris Keris utawa dhuwung kuwi kalebu senjata asli seka nuswantara. Ana akeh teori sing mbahas babagan keris iki, akeh-akehe seka peneliti njaba, kayata G.B. Gardner, Griffith Wilkens, uga A.J. Barnet Kampers. Peneliti seka Indonesia uga ana, ananging jeneng-jeneng kae mau sing akeh disebut nek ngomongke babagan keris. Kena ngapa kok wong njaba iku sajak penasaran karo keris? Ya merga keris kuwi pancen istimewa. NENG sejarah Perang Salib disebutke ana pedang Damaskus. Pedang sing nduweni pamor kaya keris Jawa. Perangan sing njalari para ahli gegaman sakdonya kepingin banget arep ngerti apa kuwi keris. Tome Pires, penjelajah seka Portugis, nyathet antarane taun 1512 - 1515, bangsa India jebul ngimport keris seka Jawa. Kamangka peneliti Pedang Damaskus nyebutke menawa pedang kuwi digawe utawa paling ora teknologine njupuk seka India. Kan ya wajar ta nek peneliti asing dadi penasaran, lha wong Pedang Damaskus ki tekan saiki iseh dadi misteri asal-usule. Mbalik meneh ning bab keris. Para peneliti mau, rata-rata nyebutake cara-carane gawe keris Jawa iku teknologi seka njaba. Kamangka keris iku malah rata-rata seka pedhalaman. Wujude keris uga isa ditemokke neng relief-relief candi kayata Borobudur lan Sukuh. Dadi miturute penulis, teori kabeh kae baul. Prasasti neng Desa Dakuwu, Grabag, Magelang wae wis ana wujud gambar gaman kaya keris. Menawa ditutut taun prasastine, kecathet taun 500 Masehi. Apa ra gawe bingung? Ora masalah, sing penting para ahli kae mau padha sarujuk, menawa keris neng nuswantara iki kabeh sejarahe seka Jawa. Meneh-meneh, keris sing ana neng tangga negara kaya Malaysia, Brunei, Filipina lan sakpiturute kabeh saka Jawa. Mula ing taun 2005, badan PBB UNESCO netepake Keris Indonesia dadi salah sijining intangible heritage of humanity. Tegese keris lan teknologi kanggo nggawene diakoni dadi warisan budaya. Mula-bukane keris ing sejarah tanah Jawa Katulis ing serat lan babad, uga cathetan leluhur, keris neng Jawa ora mung dadi gaman, nanging kerep diarani Sipat Kandel. Sipat iki tegese keris iku barang aji nggawa kadigdayan kanggo sing nduwe. Sakliyane kuwi, keris uga isa dadi pralambang drajat sosiale wong sing nganggo. Miturut crita legenda Ajisaka, keris kuwi dadi inti utamaning crita. Ajisaka yaiku bangsawan sing nduweni abdi loro cacahe, jenenge Dora lan Sembada.

Nalika lunga, Ajisaka nitipke keris marang Sembada. Abdine Dora sing ndherekke neng tengah dalan dikon njupuk keris mau. Kamangka Ajisaka wis prentah marang Sembada aja wani-wani ngenehke keris marang wong liya, nek dudu Ajisaka dhewe sing njupuk. Cekaking crita, Dora lan Sembada banjur adu kasekten. Loro-lorone kepaten, ora ana sing menang utawa kalah. Ajisaka sedhih banjur ngrapal ‘hana caraka, data sawala, padha jayanya, maga bathanga’ sing tegese ana loro utusan, padha adu kasekten, padha digdayane, banjur padha matine. Crita keris uga ditemoni ning Kitab Pararaton, jeneng Keris Mpu Gandring. Critakke Ken Arok mesen gawe keris neng Mpu Gandring kanggo mateni Tunggul Ametung. Wilahe pancen wis dadi, nanging gagange durung. Ken Arok sing wis ora sranta milih ngrebut seka Mpu Gandring. Cilakane, mpu mau malah melu dipateni nganggo keris gaweane dhewe. Sakdurunge mati, Mpu Gandring nyupatani keris mau bakal dadi cilakane Ken Arok sak anak-putune. Cekaking crita, keris mau banjur njalari matine Tunggul Ametung, Kebo Ijo, Ken Arok, Anusapati, Tohjaya, tekan Ranggawuni. Obah lakune keris iki uga anyekseni lahire kraton Singasari. Dene ing jaman Majapahit, keris uga dadi gaman bebaya. Raja Jayanegara mati merga kerise Ra Tancha. Ra Tancha banjur dipateni dening Patih Gajahmada. Amarga kuwi Prabu Hayam Wuruk munggah dadi raja Majapahit. Mlebu neng pungkasane jaman Majapahit, akeh mpu keris kang ngrasuk Agama Islam, merga para wali, salah sijine Ki Supa. Ki Supa rabi karo Dewi Rasawulan, sedulur seka Sunan Kalijaga sakwise ngrasuk Islam. Ngerti sedulure mpu keris, Sunan Kalijaga banjur pesen keris marang Ki Supa lan diwenehi jeneng Kyai Sengkelat merga warnane abang. Dicritakke keris iku sakti, isa mabur lan ngrampungi pageblug. Keris Kyai Sengkelat saiki dadi pusaka sing sumare neng Kraton Jogja. Neng tlatah Melayu babagan keris ana ing sajroning crita Hikayat Hang Tuah. Dicritakake Raja Malaka kepingin rabi karo putri Majapahit, Raden Galuh. Raja kuwi banjur utusan marang Hang Tuah kanggo nglamar sang putri. Majapahit ora nglilakke Raden Galuh, banjur malah Hang Tuah arep dipateni. Hang Tuah sing sekti banjur nyamar dadi kewan, lan temtu ora isa dikalahake dening prajurit biasa. Dheweke banjur kuwalahan nalika adu arep karo prajurit sing nduweni pusaka keris Taming Sari. Hang Tuah bacute menang sakwise kasil ngapusi lan ngrebut keris Taming Sari. Nalika jaman Demak Islam crita keris beda meneh. Ing jaman iki, Pangeran Sekar Seda Lepen mati merga disuduk keris seka mburi sakwise dheweke sholat jumat. Sing nyuduk yaiku prajurit utusane Raden Mukmin (Sunan Prawata) anake Sultan Trenggana, putrane Raden Patah sik nomer loro. Putra Pangeran Sekar Seda Lepen, Arya Penangsang, ora trima. Adipati Jipang murid kinasihe Sunan Kudus banjur males dhendham. Rikala Sunan Prawata lagi lara, teturon ning pangkone permaisuri, prajurit

utusan Arya Penangsang mlebu banjur nyudhuk nganggo keris. Keris iku nembus dhadhane Sunan Prawata tekan geger prameswarine. Sunan Prawata sing sekarat, banjur nyaut kerise dhewe, Kyai Bethok, terus diuncalake marang prajurit loro sing wis nusuk dheweke. Prajurit kelaran iku banjur mati, semana uga Sunan Prawata lan prameswarine. Sakwise merjaya Sunan Prawata, Arya Penangsang banjur nyerang Sunan Hadiri, adike Sunan Prawata. Wektu kuwi, rombongan Sunan Hadiri lan garwane, Ratu Kalinyamat, lagi bali seka Kudus. Jebulane rombongan kuwi bali seka sowan Sunan Kudus sakperlu nglaporake menawa Arya Penangsang sing mateni Sunan Prawata. Ing tengah dalan, rombongan dicegat dening prajurit-prajurit Arya Penangsang. Sunan Hadiri mati ditusuk keris, nanging begjane Ratu Kalinyamat kasil mlayu. Sakwise mateni Sunan Hadiri, Arya Penangsang banjur nyerbu Sultan Hadiwijaya (Jaka Tingkir), mantune Sultan Trenggana, Adipati Pajang. Utusan Arya Penangsang ora kasil merjaya Sultan Hadiwijaya amarga Sultan Hadiwijaya kebal tapak paluning pandhe. Saking sektine Sultan Hadiwijaya, prajuritprajurit utusane Arya Penangsang malah kontal sakwise nusukake keris. Mesthine Arya Penangsang nesu merga prajurite kalah. Prajurit mau malah padha dipateni dhewe karo Arya Penangsang nganggo keris Kyai Brongot Setan Kober. Pungkase, Arya Penangsang mati sakwise tandhing karo Danang Sutawijaya, anake Ki Gede Pemanahan. Dicritakake kerise Danang Sutawijaya kasil nyuwek wetenge Arya Penangsang, masiya Arya Penangsang ora mati. Ususe sing mbrojol metu banjur ditalekake ning keris Kyai Brongot Setan Kober sing isih nyengkelit ning gegere. Saking sektine muride Sunan Kudus kuwi isa ndhesek Danang Sutawijaya. Cilakane dhewe, Arya Penangsang ora sranta selak ndudut kerise, lali nek ususe isih nggubet ning

rangkane. Pungkase, usus mau pedhot merga kerise dewe, Arya Penangsang mati. Danang Sutawijaya banjur diangkat dadi raja Mataram Islam lan entuk sesebutan Panembahan Senapati. Crita kang ngemu babagan keris iki terus ana tekan jaman Mataram Islam, malah tekan jaman Indonesia merdeka. Para penggedhe kayata Soekarno, Sudirman, lan sak piturute, nduweni Sipat Kandel awujud keris kang mesti digawa terus. Ananging jaman kajayan para mpu keris yaiku ing jamane Sultan Agung. Sultan Agung nduwe impen isa nyawijekne Jawa. Kabeh wargane kudu nduweni perangan kanggo perang, salah sijine keris. Ing mangsa iku, kabeh wong nyengkelit keris ning bangkekane. Ing jaman iki uga lair keris jinis anyar. Wiwitan karo pembrontakane Adipati Pragola II ing tlatah Pati, prajurit Mataram ora kasil naklukake pembrontak kuwi. Dicritakake yen prajurit Pati nduweni kasekten ora isa ditembus gaman, nanging isa tinembus menawa gaman kuwi ngemu emas. Mula banjur lair keris tinatah lan lapis emas. Keris iku uga dadi hadhiyah kanggo sapa sing isa ngalahake Pati. Keris sing paling kondhang kanggo hadhiyah wektu iku jenenge keris Gajah Singa. Nek diturut babagan keris bakalan dhawa banget. Ora liya merga keris wis nyawiji karo wong Jawa. Keris akeh ilang sakwise jaman Daendels ngetokake aturan babagan gaman. Ananging keris tetep isih ana tekan saiki. Salah siji turunane mpu Supa jaman Majapahit saiki dadi mpu kerise Kraton Jogja, yaiku Mpu Sungkowo Harumbraja. Semana ndhisik crita babagan keris. Tulisan candhake mengko bakal cinarita kepiye niteni jaman penggaweane keris seka tangguh lan pamore. Setei cun! (lantip)


12 Bias gender tembung ‘pelakor’ Durung suwe, ana pirembugan kang ndadekake rame neng masyarakat yaiku kanthi anane tembung ‘pelakor’ alias perebut laki-laki orang, yen dijawake dadi wong sing seneng ngrebut bojone wong liya. Tembung iki dadi rame banget dirembug neng satengahing masyarakat. Sejatine, kang dadi objek ‘pelakor’ neng kene dituduhake marang wong wadon liya sing seneng nggodha wong lanang kang wis duwe bojo. Amarga bojone sing lanang ora trima ana wedokan liya banjur nyebut wong wedok mau kanthi sebutan pelakor kaya mangkono.

Tembung pelakor kuwi ana merga saka kahanan kang wis sansaya ruwet neng masyarakat. Akeh wong sing padha tumindak sleweng. Wong lanang kang wis padha duwe bojo kepencut marang wong wedok liya neng njaba ngomah. Wong wadon sing ngrasa kurang digatekake karo bojone uga wis padha wani nyleweng. Wong lanang wadon sing wis padha bebojoan ora sithik sing padha nyleweng. Jalarane merga ngrasa kurang marem karo pasangane dhewedhewe. Kahanan kaya mangkene iki sing njalari tembung pelakor sansaya moncer neng ngendi wae papan. Saktemene, kurang trep yen sing disalahke njalari anane crah neng sawijine bale wisma kuwi mung wong wadon wae. Tembung pelakor sing ditujokake kanggo para wong wadon kuwi kaya-kaya njalari anane diskriminasi gender. Kudune yen ana ‘pelakor’ ana uga ‘pebinor’ (perebut bini orang), lanangan sing seneng ngrebut bojone wong liya. Nanging, stigma sing tumanjem neng masyarakat Indonesia kuwi yen sebutan pelaku kuwi asipat aktif, dadi wong wadon sing akeh disalahke. Dene, wong lanang katon dadi korban (pasif) dadi ora patiya akeh disalahke. Kudune, loro-lorone mau disalahke merga tumindak sleweng mau dilakoni wong loro sing padha-padha geleme, padha-padha duwe karep nyleweng. Dudu mung wong wadon sing salah, wong lanang sing duwe watek alami gampang kagodha wanita uga perlu ditanjehake kanggo dituturi supaya sadhar yen

tumindake mau luput. Sadurunge tembung pelakor dadi moncer neng masyarakat, sejatine neng masyarakat Jawa wis luwih dhisik dirembug babagan tumindak nyleweng iki. Akeh tembang-tembang Jawa (tembang campursari jaman modhern) kang ngrembug babagan kaya ngono mau. Tuladhane tembang ‘Bojo Ketikung’ kang wiwitane ditembangke grup NDX AKA lan saiki kerep ditembangke artis kang lagi wae kondhang yaiku Via Vallen. Mangkene pethikan cakepan tembang mau. Jangan apa, jangan kangkung, Tempe apa, tempe kara, Ngapa kok bingung, bojoku ditikung, Lapa kok bingung, ra lapa lapa Aku ra nyangka kowe tega karo kanca, Jarene kanca kenthel, bojoku tok sleding tekel, Apa ra ana lanang liya sing seneng kowe, Nganti kowe nikung bojone kanca dhewe, Heee kowe kancaku sing jarene cs-ku Nanging nyatane ning mburi kok kowe kaya pabu, Mbribik nikung nyiak bojone kanca dhewe, Ora mikir kancane tumindak sak karepe, Isi tembang iki nyritakake uneg-unege wong wadon sing bojone ditikung kancane dhewe. Atine kecuwa banget merga tali kekancan sing wis dilakoni jebul

ora tulus. Dheweke gelem kekancan merga duwe karep pengin ngrebut wong lanang sing wis duwe bojo liya. Wong wedok kaya ngene iki padha karo paribasan ‘estri candalem acukilem’. Tegese, wong wedok kang pagaweyane nyolong. Tembung nyolong neng kene bisa uga ditegesi nyolong bojone wong liya. Temtu iki dudu pagaweyan sing becik merga dheweke wis tumindak culika. Tanpa mikir apik orane tumindake mau, neng tembe mburi malah kepara bisa ngrugekake awake dhewe. Pancen wiwitane wong nyleweng kuwi ora ana sing ngerti. Kabeh ditindakake meneng-meneng neng samburine wong liya. Nanging sing jenenge bathang senajan disimpen rapet uga bakal mambu. Prakara iki kaya dene unen-unen ‘aling-alingan katon’ (senajan selak saka sawijining prakara, ananging konangan neng tembe mburi), utawa ‘durniti ganda rasa’ (wong sing lelaku ala mesthi bakal konangan dening wong liya). Kabeh tumindake manungsa, apik ala ora ana sing bisa didhelike rapet dhewekan. Samangsa-mangsa bakal konangan dening wong liya. Mula, yen wis mangkono, dhewe kudu ngadohi tumindak ala kaya dene sleweng karo wong liya sing wis duwe bojo. Yen nganti crah anggone omah-omah, sing dadi korban ora liya ya mung anake. Apa ya mentala?

Nur Hanifah Insani

Hoax sajrone Bharatayuda JAMAN saiki wong-wong lagi digawe umyek kanthi anane ‘hoax’ utawa warta dora. Pawarta sing ora bener iku sumebar lewat media sosial wiwit facebook, twitter, utawa instagram. Korban warta dora iku wis sepirang-pirang. Ana sing wis mlebu penjara amarga nyebarake hoax. Ana maneh sing kudu urusan karo polisi gara-gara hoax. Urip dadi ribet. Hawa panas ngebaki suwasana atine para bebrayan. Para winasis malah khawatir yen hoax bisa mbebayani awit bisa mecah kerukunan lan manunggale bangsa. Apa hoax iku mung ana jaman saiki? Nyatane ora. Yen gelem naliti jebul hoax iku wis tinemu sajrone lakon Bharatayuda Jaya Binangun. Mesthi wae ing lakon wayang Purwa iku ora disebut hoax. Sing nggumunake kang nyebarake hoax dudu Kurawa, nanging malah Pandhawa. Ing kamangka Pandhawa kang unggul ing yuda iku sinebut satriya utama. Perangan ngendi sing nuduhake yen hoax wis digunakake kanggo strategi perang Bharata Yuda? Saora-orane sumebare hoax bisa tinemu ing lakon Durna Gugur lan Jayajarata Lena. Ing lakon Durna Gugur, ing kono cinarita Dhahyang Durna kang ngadeg minangka senapati perang wus mandhegani wadyabala Kurawa. Pandhawa eram mungguh kadigdayane Maha Guru Sokalima kuwi. Kanggo ngalahake Senapati Kurawa iki, Pandhawa banjur nyebarake warta yen anake lanang Begawan Durna kang aran Aswatama mati. Krungu pawarta anake lanang mati, Begawan Durna dadi kodheng pikire. Dheweke enggal-enggal takon marang wongwong kang katon ing sakiwa tengene pesanggrahan kanggo nakyinake lamun Aswatama pancen wus tumekeng pati. Yen cara saiki kang ditindakake Begawan Durna iki lagi nindakake konfirmasi utawa nakyinake bener lan orane pawarta mau. Anehe sing ditakoni Begawan Durna malah para Pandhawa kang wektu iku dadi mungsuhe. Anehe maneh para Kurawa ora ngamping-ampingi Senapati Agung kuwi. Nakula, Sadewa, Arjuna, lan Werkudara kabeh ditakoni ngenani patine Aswatama. Nanging kabeh wangsulan pancen bener yen Aswatama wis tumekeng pati. Begawan Durna yakin yen Pandhawa ora nate cidra apamaneh kabeh iku mantan muride ing Padhepokan Sokalima. Begawan Durna setengah ora percaya awit wis lumrah yen para satriya iku gelem dora, cindra, lan apus-apus. Dheweke banjur ngupadi pawongan paling jujur sadonya yaiku Puntadewa, pambarepe Pandhawa sing kapanggonan rah seta pratandha wong kang ora nate cidra, dora, apadene apus krama. Temenan dilakoni. Begawan Durna kelakon ketemu Prabu Puntadewa ya Yudhistira kang kondhang sinebut satriya kang memper brahmana jalaran ora nate cidra. Bareng ditakoni apa bener Aswatama wus tumekeng tiwas, Prabu Puntadewa ngendika lamun Hestitama pancen wus prapteng lampus. Hestitama genah beda karo Aswatama awit Hesti-

ilustrasi dening Antomatis

tama iku satemene jeneng gajah kang tinitihan saweneh senapati pengamping wadya Kurawa. Dhasar wus keladuk yuswa karomaneh pikirane lagi kuwur tan mokal lamun ora cetha anggone miyarsakake pangandikane Prabu Puntadewa, rumangsane Aswatama ya anake lanang siji-sijine wis diperjaya dening para Pandhawa. Sanalika Begawan Durna entek atine. Ilang pangarep-arepe. Lemes otot bebayune. Sirna daya kekuwatane. Ing kahanan setengah kapidara kuwi, Begawan Durna kudu andon yuda mungsuh Senapati Pandhawa kang aran Trustha Jumena, mula bisa dipesthekake Begawan Durna asor ing yuda. Kanthi gampang wae Trustha Jumena merjaya Begawan Durna. Tinigas jangga, Begawan Durna sigra gugur ing pabaratan dadya banten Bharata Yuda Jaya Binangun. Kalahe sang Senapati amarga kena warta dora utawa hoax. Crita angka loro kang nuduhake anane hoax ing Bharatayuda yaiku gugure Jayajarata. Lakon iku dumadi sawise lakon Abimanyu ranjab. Dene Abimanyu kelakon diranjab gaman sewu iku mung saka sumpahe dhewe kaya dicritakake ing lakon Kala

Bendana Lena. Biyen Satriya bagus iki nate dora karo garwane Siti Sundari. Kanggo nutupi anggone mangun bale somah karo Utari, dheweke sumpah yen nyata dora muga-muga mbesuk matine dikrocok gaman sewu. Dikabulke dewa mula Abimanyu matine diranjab Kurawa kanthi gegaman cacah sewu. Gugure Abimanyu iku ora wurung mahanani dukane Raden Janaka. Dheweke sumpah yen sajrone sedina ora bisa merjaya Jayajarata luwih becik mati obong. Krungu sumpah sing kaya kuwi wadya Kurawa sorak-sorak rumangsa entuk cara kanggo merjaya Arjuna karana alus. Wiwit esuk umum-umun Raden Jayajarata wis disingidake aneng sajerone gedhong waja. Ana pakem sing nyritakake Jayajarata didhelikake kanthi dikupengi prajurit Kurawa. Wosing crita padha wae. Jayajarata disingidake supaya wektune entek lan raden Arjuna kelakon pati obong. Meh wae Raden Janaka mati obong, nanging Kresna wis duwe cara. Ing satengahe alun-alun sacedhake gedhong waja kang kanggo sesingidan Jayajaraya, para Pandhawa wus gawe tumpukan kayu kang bakal kanggo pati obong. Nyedhaki se-

rap surya Punakawan kabyantu prajurit Pandhawa nyebarake warta yen Janaka mati obong. Warta dora iku disebarake rame-rame. Kabeh padha pating brengok nyebut-nyebut Janaka mati obong. Janaka mati obong. Janaka mati obong. Suwara-suwara iku sesautan ngebaki papan kono. Krungu pambengoke wong sepirang-pirang, Jayajarata sing sesingidan aneng jero gedhong waja wis ora kuwat maneh. Atine goreh. Kupinge gatel. Mripate pendirangan selak nyumurupi gugure Janaka kang mati obong. Notol rasane ati pengin nyumurupi kahanane jaba, Jayajarata anguk-anguk jendhela gedhong waja. Raden Arjuna kan wus nginceng wiwit mau saka kadohan nyumurupi ana sirah kang angukanguk cendhela gedhong waja. Panah sigra dilepasake sakala tumama janggane Raden Jayajarata. Jangga tugel mustaka gumlundhung. Sakala iku uga Raden Jayajarata prapteng lampus. Nyumurupi Raden Jayajarata gugur marga layu, wong tuwane kang aran Resi Sepwani duka. Dhasare wong kang suci cinaket ing dewa tan mokal lamun kabeh pamintane disembadani. Resi Sepwani sigra amuja semedi nyuwun kamurahane dewa muga-muga Jayajarata bisa urip maneh. Kabul pamintane Resi Sepwani. Mustakane Raden Jayajarata sanalika bali urip. Sinandhangan keris pusaka mustaka tanpa gembung iku ngamuk punggung ing pabaratan. Wadya Pandhawa kocar kacir akeh kang ketaman gegaman. Prabu Kresna terus utusan Punakawan supaya nggegodha Resi Sepwani. Nalika lagi maca mantra kang nyebut urip-urip-uripurip-urip karo gedhek-gedhek mustakane sinambi ngetung tasbih wong jenitri, Petruk nyebarake warta yen Jayajarata mati-mati-mati-mati-mati. Saking pintere Petruk, Resi Sepwani ketrucut pangandikane nyebut tembung ‘mati’. Sakala iku uga mustakane Raden Jayajarata tumekeng pati. Lelakon kang cinarita ing peranganing Perang Bharatayuda iku wis dadi conto nyata yen hoax utawa warta dora mujudake saweneh strategi alus kanggo ngalahake mungsuh. Sing nyebarake hoax malah dudu Kurawa. Pandhawa kang asring sinebut jejere satriya tama wae uga nggunakake hoax kanggo ngalahake Kurawa. Kabukten yen Kurawa uga asor ing yuda sawise ketaman hoax. Piye yen jaman saiki? Hoax ora bisa diendhani minangka strategi ngalahake mungsuh. Ora perlu nyalahake liyan. Sing wigati kudu padha mawas dhiri. Wong perwira mesthine ora nggunakake warta dora kanggo ngrebut kemenangan. Ki Sudadi, Penulis Sastra & Budaya & guru SMP Negeri 1 Wadaslintang cumondhok ing Wadaslintang, Wonosobo, Jawa Tengah


13

Dolanan tradisional, gerat-gerit lancung KAMPUNG Kedondong (uwong-uwong ngarani Kampung Ndondong) klebu ana neng Padukuhan Sedono Desa Pundungsari Kecamatan Semin Kabupaten Gunungkidul. Kampung iku uga dikenal merga neng kampung iku ana Pesarean “Gedhong Pulungsari”, yaiku Pesarean Putra Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengkubuwono II. Putra Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengkubuwono II ingkang sumare ana neng papan kana yaiku GRM. Sumadi (putra kaping 53) lan GRAy. Sudarminah (putra kaping 59). Warga masyarakat Kampung Kedondong saben dinane urip saka asil tetanen. Ana pari organik, pari non-organik, jagung, kacang, tela lan sakpanunggalane. Merga neng Kampung Kedondong kuwi ana sumber banyu sing gedhe lan ora tau surut senajan mangsa ketiga, dadine sawah-sawahe kecukupan banyu, tuwuh subur lemu-lemu. Sakjrone setahun warga masyarakat bisa panen ping telu, mulane taun 2017 Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengkubuwono X rawuh ana neng Kampung Kedondong saperlu nyekseni anggone panen raya pari. Babagan kesenian lan kabudayan, warga masyarakat Kampung Kedondong uga ora nglalekake. Upacara adat lan tradisi kaya rasulan (Bersih Dusun), nyadran, wiwitan tandur, mitoni, sepasaran, matang puluh, nyewu lan sakpanunggalane isih urip kanthi lestari. Kesenian gejog lesung, hadroh/sholawat Jawa, seni karawitan lan dolanan tradisional uga isih ana, diuri-uri lan dikembangake dening warga masyarakat. Salah sijine dolanan tradisional sing isih ana neng Kampung Kedondong yaiku dolanan Gerit-Gerit Lancung. Miturut salah sijining warga, yaiku Mbah Tuminah sing saiki yuswane kurang luwih 80 taun, dolanan iku mbiyene tau dadi dolanan kang misuwur. Saben wayah sore utawa padang bulan bocah-bocah enom lan uwong tuwa padha dolanan Gerit-Gerit Lancung bebarengan. Dolanan iku ora bisa dilakokke dhewekan, kudu dilakokke wong telu utawa luwih. Tata carane kurang luwih kaya ngene: tuladhane ana wong sepuluh, salah siji kudu ana sing njaga karo nggawa watu cilik. Wong sanga liyane lungguh mubeng, lan wong siji sing njaga mau lungguh ana neng tengah-tengahe wong sanga mau. Karo nembang lelagon bebarengan, tangane wong sing njaga nylempitake watu neng salah siji tangane wong sanga mau. Lelagon sing ditembangake kaya ngene: Gerit-gerit lancung, sedalu dalu lancung Sudak krompyong, sudak krompyong Si krompyong tembe parane, parane mangetan kana Enggok sempal gerojogan, sapa nggawa iku mau Sing nggawa mesema ngguyu, ditakoni ora ngaku Melerok kaya satruku, sir-sir pong dele kopong Kocak-kacik sisil uwong Yen wis ngono, wong sing njaga, sing lungguh ana neng tengah ngenehi pitakonan karo salah sijining wong sanga sing lungguh mubeng mau: “Watu cilik sing dakcekel mau saiki sing nggawa sapa?” Karo ngenteni wangsulan seka wong sing ditakoni, liyane nembangake lelagon kaya mangkene: Mbok Tumi entuk sekenthung, takledung sakota kate wana Bayem raja donya, londer kelutana Seblakana kelutana ndomble, kacang kawak temu kene Rong-erong dudu sanak dudu kadhang, yen mati melu kelangan Cara nggantung gunung Wong sing ditakoni kudu wangsulan: “Sapa sing nggawa watu?” Saumpama wangsulane luput wong kuwi mau entuk paukuman. Ning saumpama wangsulane bener, wong sing nggawa watu sing entuk paukuman. Paukumane isa kanthi nembang, sesorah, macapat lan liya-liyane. Jaman saiki dolanan Gerit-Gerit Lancung kuwi isih tetep diuriuri lan didolanke karo warga masyarakat. Malah neng Gelar Potensi Desa Rintisan Budaya se-Kabupaten Gunungkidul, dolanan Gerit-Gerit Lancung dipentaske ana neng sakdhuwure panggung. Mesthinipun makili Desa Pundungsari sing kalebu dadi salah sijine Desa Rintisan Budaya saka 14 desa sing ana neng Kabupaten Gunungkidul. Seka dolanan tradisional sing isih dilestarekake warga masyarakat Kampung Kedondong, bola-bali ana mahasiswa uga warga masyarakat liyane gawe penelitian lan liputan bab dolanan GeritGerit Lancung. Ana seka mahasiswa Etnomusikologi ISI Yogyakarta, mahasiswa AKINDO Yogyakarta lan liya-liyane. Malah kepara seka UPT Taman Budaya Yogyakarta mbesuk tanggal 9 Mei 2018 gawe acara Rekonstruksi dan Revitalisasi Budaya kanggo dolanan Gerit-Gerit Lancung. Muga-muga anggone pemerintah lan warga masyarakat njaga lan nguri-uri kabudayan ana ngendi wae isa langgeng lan ngrembaka nganti anak putu mbesuke. Dedy Susilo, S. Sn. Pengurus Desa Rintisan Budaya Desa Pundungsari, Semin, Gunungkidul.

foto saking buku:

Busana Adat dan Tata Rias Tradisional Gaya Yogyakarta. Yogyakarta: Dinas

Kebudayaan DIY

Salah kaprah busana Kartinian kanggo bocah busana sabukwala Saben tanggal 21 April, sekolah-sekolah neng Yogyakarta bakal mengeti laire Raden Ajeng Kartini. Acara sing diarani ‘kartinian’ iki mesti ngudokke para siswa sekolah dhasar nganggo busana adat. Adate wali siswa mau banjur golek silihan neng salon sakkiwa-tengene omah. Wiwit isuk, bocah kudu tangi mruput banjur antri dandan. Apa meneh bocah wedok, kudu pupuran, gelungan, lan jarikan mlithit.

ANANGING menawa diturut ana ing pranatan pengageman Karaton Ngayogyakarta, jebule kuwi kabeh kleru. Ora ana bocah cilik digelungi, dijariki mlithit, apa meneh dipupuri kandel kaya ibune. Babagan busana adat kanggo cah cilik, mligine kanggo bocah wedok kuwi ana aturane. Busana sing trep kudune dinggo nalika kartinian kuwi diarani busana sabukwala. Sejarahe, busana sabukwala mbiyen dinggo para putra-putra dalem, utawa saiki wayah dalem sing umure 5 taun tekan 10 taun. Ananging pengganggone busana iki ya kudu ditrep-

ke marang gedhe cilike awak. Menawa umur 10 taun nanging wis katon gedhe, busana sing dinggo mesthine pinjung. Miturut pranatan Keraton Yogyakarta, busana sabukwala iki dibedakke dadi telung jinis. Sepisan, sabukwala nyamping bathik kanggo pedintenan lan upacara alit. Ping pindhone, sabukwala nyamping praos utawa prada emas kanggo resepsi tetesan. Ping telune, sabukwala nyamping cindhe kanggo upacara garebeg utawa hajad dalem. Umume, menawa kartinian busana kanggo bocah SD yaiku sabukwala pedintenan. Werna-werna sing bakale dinggo antarane ana nyamping bathik dhawane 3 meter, ageman kebaya katun, sabuk lonthong, kamus kristik mawi cathok kupu. Umume, bathik sing dinggokke bocah corekane sing cilik-cilik kaya ta gringsing, kawung, parang seling, utawa ceplok. Motif ceplok kalebu pola geometris mozaik sing tinata endah lan dadi cirine para bangsawan. Kaya motif kawung sing wis ana wiwit abad IX lan isa ditemokke neng patung-patung candhi. Ana meneh motif gringsing sing ditulis neng jero Kidung Harsa Wijaya seka abad XIII. Carane nganggo busana sabukwala yaiku, 1/3 seka nyamping bathik mau diubetke seka dhadha. Turahane 2/3 banjur dilempit kaya wujud draperi. Menawa wis dadi, wujude draperi kuwi ditalekke neng bangkekane bocah. Pungkasane nek wis dadi, banjur ditaleni lan disabuki nganggo sabuk lonthong. Ora lali, sak njabane sabuk lonthong diwenehi kamus kris-

tik. Adate, ibu-ibu nyawang anake kurang marem nek ora nganggo ‘raja kaya’ senajan mung imitasi. Ananging, miturut aturan pengageman kraton, sejatine raja kaya ora gathuk menawa dinggokke marang bocah sing nganggo busana sabukwala. Geneya kudu nganggo supaya macak, olehe mung nganggo kalung utawa ating-anting. Menawa digatekke tenan, donyane bocah kuwi mung ana seneng-seneng lan dolan. Busana sing paling cocok kanggo Kartinian mestine ya busana sabukwala. Busana iki cetha ora bakal njiret bocah nalika dinggo. Apa meneh nyencang utawa marakke mlaku kangelan. Anggone jarikan cetha amba, isa dinggo mlayu utawa bebuwang sakwektu-wektu. Kosokbalene nalika bocah kudu nganggo jarik mlithit, sandhal njinjit, gelungan dhuwur, kuwi malah milara bocahe dhewe. Pancen bener ibu-ibune banjur seneng ndelok anake ayu, kenes, mlaku timik-timik, nanging busana Kartinian jaman saiki sakjane malah nyiksa bocah. Sejatine, busana sabukwala iki isih gampang ditemoni neng satengahing masyarakat. Isih okeh salon-salon sing nyewakke busana kang pener, nanging cathetane angger gelem nggoleki. Menawa wiwit cilik wis diajari bab kabudayan sing bener tur pener, gedhene besok bocah mesti bakal isa ngleluri tinggalane leluhur. Aja ngangsi apa sing wis dadi ‘identitas’ Yogyakarta saiki bakal ilang merga ora krumat. (ark)


14 Burger Monalisa

burger legendaris neng Jogja

Darpana, pengilon para widadari MESTHINE ora ana wong wadon sing ora kenal karo pengilon. Kaca utawa pengilon iki dadi salah sijining ubarampe wajib sing kudu diduweni lan ana neng jero tas. Apa meneh yen arep dandan. Piye-piyea, nek ora ana kaca ora afdol anggone wedhakan, bengesan, apa meneh celakan. Isa-isa anggone wedhakan ora rata, pating dlemok, celakane kecorek ngiwa-nengen, arep ayu kepara malah ‘babak bundhas’. Karep ati pengen kaya widadari, malah dadine kaya memedi. Menawa digatekake, pengilon pancene mung barang sepele nanging daya gunane ora isa disepelekake. Sejatine, pengilon sing tinuju kanggo ngilo wis ana kawit leluhur mbah-mbah mbiyen. Critane jebul ora mung perangan kanggo ngilo. Miturut sejarahe, nalika durung ditemokake kaca, manungsa nganggo lempengan logam yen arep ngilo. Lempengan logam kuwi karo kanca-kanca arkeolog banjur diarani darpana. Neng India, logam mau dadi gantine kaca merga bayangan olehe seka ngilo kalebu asli, dudu bayangan distorsi. Sakliyane kuwi, negara sing dominasi agama wargane Hindu, percaya menawa darpana iku salah sijining upakara kanggo upacara para dewa-dewi. Miturut sumber arkeologi, darpana adate dinggo ‘ngedusi’ para dewa. Mesthine kabeh padha bingung, ngendi ana dewadewi adus. Menawa tenan ana, piye carane dewadewi mau anggone grujugan banyu? Upacara ‘ngedusi’ dewa liwat darpana ora ngemu teges adus banyu tenan. Ning, bayangan arca dewa sing tinemu neng sajroning darpana banjur digrujug nganggo banyu. Mesthine ora waton banyu, ning banyu sing wis diupakarani sadurunge. Bayangan arca dewa sing ginrujug neng darpana banjur diarani ngedusi para dewa kanthi simbolik. (ark)

Rerasan bab Yogyakarta, mesthi ora bakal isa dipisahke seka bab crita kulinere. Kawit ndhisik kutha iki nduwe macem-macem panganan enak sing wis melegenda. Misale wae ana gudheg, bakmi nyemek, sate klathak, lotek, soto, kabeh komplit ana neng kutha sing akrab disebut Jogja iki. Nanging seka panganan legendaris kuwi kabeh, nyatane ya ana meneh panganan landa sing jenenge wis kondhang-kawentar neng Jogja seka mbiyen, apa meneh nek ora Burger Monalisa. Senajan dudu menu asli Indonesia, sapa sing bakal ngira nek burger sing digawe karo Wibowo Agung Sanyoto iki kalebu burger paling tuwa neng Jogja. Dicritakke Agung neng tim Jawacana durung suwi iki, Burger Monalisa pisanan bukak warunge taun 1988. Kabeh bumbu burgere diracik khusus karo almarhumah ibune Agung. “Sejarah Monalisa iki cukup dawa lan unik, senajan taun semana (1988), durung akeh wong Jogja sing ngerti burger kuwi panganan apa,” kandhane Agung. Sawise nyoba ping pirang-pirang lan nemokke resep sing cocok, Agung banjur wani dodolan burger. Awale Agung mbukak nganggo jeneng Garfield Burger, sing lokasine neng pinggir dalan Kaliurang, neng daerah Universitas Gadjah Mada (UGM). Alasan nganggo jeneng kuwi mergane tahun semono Garfield lagi dadi tokoh kartun sing terkenal. Karepe Agung jaman semono, kabeh wong bakal langsung nyanthol karo jeneng Garfield, njur dadi penasaran karo menu burger. “Tapi bar dipikir-pikir meneh, ketoke kok jeneng Garfield iki ora isa awet suwe. Akhire aku nemu jeneng sing paling pas lan simpel, yaiku Monalisa. Alesane aku pengin burgerku

iki dadi burger sing melegenda koyo tokoh Monalisa kae,” kandhane Agung meneh. Istimewane burger monalisa Nek biasane burger kuwi rasane asin-asin gurih, nggone Monalisa nduwe rasa sing beda. Bumbu burger Monalisa sengaja digawe manis pedhes ben ora ngilangi ciri khas panganan Jogja sing cirine rasa legi. “Dadi, kita sing asli Jogja iki ya mesthine ora lali karo rasa panganan Jogja sing cenderung manis. Piye carane kudu nggawe bumbu sing ‘Jogja banget’ tapi tetep enak. Tapi ya nyatane isih akeh sing rada protes, kok rasa saus mayonese legi, ora asin. Mulane tekan saiki Monalisa malah terkenal diarani Burger Jawa,” jare Agung karo ngguyu. Burger Monalisa iki dadi istimewa merga termasuk burger pertama lan paling tuwa ing Jogja. Senajan sakjane taun-taun semono wis ana saingan warung burger liya, nanging nyatane ya ora bisa urip dawa kaya Monalisa nganti saiki. “Aku wani ngomong burgerku iki burger sing paling tuwa neng Jogja. Soale mbiyen ora ana sing wani nggawe warung sing khusus dodolan burger koyo aku,” kandhane meneh.

Wektu kuwi, Burger Monalisa isih sederhana banget. Panggone lesehan kanggo klasa cilik. Antarane dalan karo sik jajan mung kaling-kalingan spanduk. Papan kanggo ngracik burger ya mung meja siji, ora kalah sederhanane. “Aku kelingan banget, mbiyen pas aku pisanan dodolan isih nganggo lampu petromak. Soale jaman kuwi isih sepi tenan, dadi bingung yen meh narik listrik saka ngendi. Pas kuwi meneh sak porsi burger regane isih 400 rupiyah,” kandhane Agung karo kepingkel. Saiki Burger Monalisa nduweni limang cabang neng Jogja. Sing pisanan minangka papan utama wiwit taun 1988 sing nganti saiki isih ana neng Jalan Kaliurang, Sekip. Ping pindho ana neng omah Gedung Agung Sisingamangaraja, sing uga dadi pabrik pengolahan bahan baku. Kaping telune ana neng Jalan Damai, papat neng Babarsari, lan keri dhewe neng Mrican. Tapi limang cabang kuwi ora dicekel Agung dewe. Agung diewangi sedulure, Reni Dewi Cahyani lan Condrokumolo Sayuti Nugroho. Senajan nganti saiki Burger Monalisa mung ana neng Jogja, Agung lan keluargane tetep pengin entuk waralaba saka pebisnis liya. Agung nduwe pepinginan kanggo ngembangake bisnis burger Jawane kuwi neng kutha-kutha gedhe saliyane Jogja. “Burger Monalisa iki ora krasa wis 30 taun. Ya mesthi kepingin berkembang neng kutha liyane. Minimal aku pengin Monalisa ana neng Jakarta karo Bandung. Soale neng kutha-kutha kuwi, kabeh panganan komplet lan masyarakate ora peduli masalah rega, sing penting enak. Yo muga-muga taun ngarep wis ana dalane ya. Dongane wae,” kandhane Agung mungkasi. (ken)

Bedane wayang kulit Jogja - Sala

MINANGKA salah sijine kutha kang dadi pancere budaya Jawa, Ngayogyakarta duwe maneka warna kaskaya budaya. Salah sijine yaiku wayang. Ana bab kang perlu dimangerteni yaiku yen ngrembug bab gatra utawa wujud wayang. Apa Ngayogyakarta duwe wujud wayang kang mirunggan (khas)? Wangsulane, ana! Akeh panganggep kang umum utawa lumrah yen nyawang wayang mono kabeh wujude padha wae. Nanging mesthi wae yen ditamatke kanthi setiti, ana bedane. Ana ciri mirunggan. Bab kang bakal dirembug ing kene yaiku mligine wujud boneka wayange. Banjur anggone niteni kepriye? Sebut wae, yen wujud wayang kang ngrembaka ana wewengkon tlatah Ngayogyakarta yakuwi wayang kanthi gagrag utawa cakrik utawa gaya Ngayogyakarta. Wayang gagrag Ngayogyakarta mono salah sawijine kaskaya budaya kang ana ing tlatah Indonesia lan sing diduweni bangsa iki wiwit kuna makunane. Anane wiwit kapan? Ya nalika dumadine Nagari Ngayogyakarta (bab iki bakal dicritakke ana perangan candhake). Mula, kanggo ngerteni ciri kang mirunggan gatra wayang gaya Yogyakarta mau ora gampang diandharake. Supaya bisa mbedakake gatra siji lan sijine kang mapan ing wewengkon liya perlu alonalon diandharake. Bab iki satemene ana gandheng cenenge klawan “rasa” kang wis nyawiji. Mula sinau wayang mono diperlokake rasa tlaten lan gatekan. Ngrembug bab wayang, ora bakal adoh saka sumber pancere budaya, yaiku Kraton Ngayogyakarta. Perlu uga dimangerteni para maos yen Ngayogyakarta kuwi nduweni semboyan kang nandhes mbalung sungsum, yaiku “sawiji, greget, sengguh, ora mingkuh” kang nalika semana dilairake dening Pangeran Mangkubumi kang banjur jumeneng minangka Sultan Hamengku Buwana kaping sepisan. Semboyan papat iku nduweni teges manunggal, nduweni semangat, nduweni karakter kang kuwat, sarta tatag tanggon. Semboyan iku uga nyrambahi sakabehe kagunan

Perangan 1

Werna ana ing plemahan utawa siten-sitenan Kang sinebut plemahan yaiku perangan kang nggathukake antarane sikil ngarep lan sikil mburi ana ing wayang. Dene gunane plemahan iku ora liya kanggo nguwatake adege wayang uga minangka simbul bumi utawa lemah. Mulane iku disebut plemahan=lemah; siten=siti. Lumrahe, perangan plemahan wayang gagrag Ngayogyakarta iku diwenehi werna utawa disungging abang polos. Ewadene wayang gagrag Surakarta manasuka, ana kang diwenehi werna abang, ireng, biru, kombinasi werna. Ciri kang lumrah kanggo gagrag Surakarta yaiku diwenehi garis werna emas ing ndhuwur lan ngisor.

Gambar kiwa, Werkudara gagrag Ngayogyakarta; gambar tengen Werkudara gagrag Surakarta

seni, kaya ta seni tari, karawitan, sarta wayang. Ana saperangan panemu kang ngandharake yen wayang gagrag Ngayogyakarta utawa Yogyakarta utawa maneh sok ana kang nyebutake “wayang Yojan/ Ngayojan” iku wujude ‘lemu-lemu’, perangan sikilan wayang jangkahane amba utawa mlengkang, sikilan luwih cendhak, tangane klangsrah (dawa nganti mepet sikil), akeh nggunakake motif ukiran/tatahan wujud inten-intenan, sunggingan utawa wernan kanthi motif sawutan, tlacapan, sarta bludiran. Ciri liyane yaiku, werna ing plemahan (sambungan antarane sikil wayang) nganggo abang polos. Kabeh katrangan ing ndhuwur mau mesthine wae ora kabeh kaya mangkono. Kanggo nggampangake ciri kang mirunggan wayang gagrag Ngayogyakarta, ing kene bakal dijupuk bandhingan antarane gatra wayang kang umum

tinemu utawa dikenal umum, yaiku wayang gagrag Surakarta (Sala). Perlu dimangerteni, isih akeh kang ora bisa mbedakake antarane rong gatra utawa gagrag wayang iki. Bab iki penting dimangerteni. Bandhingan antarane wayang gagrag Ngayogyakarta lan wayang gagrag Surakarta (Sala). Para maos perlu priksa uga, menawa katrangan ing kene sipate ora kaku, mesthi wae bisa luwih luwes. Ukuran awak Lumrahe wayang gagrag Ngayogyakarta kuwi nduweni perangan awak kang luwih lemu yen dibandhingake tumrap gagrag Surakarta. “Lemu” ing kene tegese bandhingan antarane dhuwur sarta ambane wayang. Ing kene, bakal diwenehi conto tokoh wayang Werkudara.

Gambar ndhuwur plemahan wayang gagrag Ngayogyakarta; gambar ngisor plemahan gagrag Surakarta

Kanggo tambahan maneh, dlamakan sikil wayang gagrag Surakarta diwenehi tambahan sunggingan ‘geretan’ dhobel “ (( ))” (Coba tamatna perangan dlamakan sikil ngarep sarta sikil mburi (tungkak)). Ewadene wayang gagrag Ngayogyakarta polos ora ana geretane (gatekna gambar). (ana candhake) R. Bima Slamet Raharja Dosen Sastra Jawa, UGM


15

FOTO: A HARTADI

Omahe Ki Prawiro Suwarno, saiki dadi restoran

Ngungak sejarahe Wong Kalang Kotagede

Murtasiyah, ibu. Ibu, kanggoku ibu kuwi gusti sing mawujud. Saben anak nduwe rasa tresnane dhewe marang ibune. Ana sing banget, uga ana sing sakukur anggone tresna. Kabeh ora isa dipadhakke, kabeh ora ana ukurane. Prekara sing baku lan utama, ibu kuwi sesambungane urip kanggo kabeh sik lair seka guwa-garbane. Ibu kuwi dalane nyawa antarane manungsa karo Gustine. Katur sembah sungkem kagem para ibu neng alam donya. Crita bab ibu ing sajroning Kabudayan Jawa ora tanggung-tanggung okehe. Kaya dene, neng piwulang Manu Smrti, dicritakke menawa ‘anakanak, upacara agama, bekti prasetya, kabungahan, swarganing leluhur lan pribadi, kabeh ana ing dlamakan epek-epeke wanita’. Wanita sing dikarepke iki ora liya, yaiku ibu. Kuwi kabeh ana merga jasa-jasane ibu. Ora ana sing isa males, ora ana sing isa ngetung, apa meneh nggenti. Salah sijining gambaran ibu sing ana neng penemune masyarakat Jawa yaiku Dewi Kunthi. Kunthi iku turunane Yadu seka Dinasti Candra, putrine Raja Surasena, Wangsa Yadawa. Nalika dadi garwane Pandu, Kunthi kondhang anggone tapa-brata. Sanadyan anak raja, Kunthi lan Pandhu milih urip neng alas dadi pertapa kanggo nebus dosane nalika ora sengaja mateni Resi Kindama sing mawujud kewan. Rasa prihatin lan ‘bhaktiyoga’ sing dilakoni Kunthi dadi sranane kanggo para Pandhawa. Pangorbaning iki bakale dadi kabegjan kanggo para Pandhawa neng tembe mburi. Kunthi neng crita Mahabharata pancen kondhang. Pribadine sing kuwat anggone nggula-wentah para Pandhawa ora isa diremehke. Crita Kunthi iki kaya ta crita Murtasiyah neng Jawa. Wiwitane, Serat Murtasiyah babon ditemokke seka Cirebon, judhule Piwulang Cirebonan Serat Murtasiyah. Neng sajroning naskah kuwi, tinulis sengkalan angka taun ‘rasa gati wisaya yu’ utawa taun 1556 Ehe (1634 Masehi). Sanadyan ora pati kondhang, nanging crita Murtasiyah wis ana wiwit abad XVII. Kamangka menawa diturut, madhege Keraton Kartasura dadi salah sijining telenging paprentahan antarane taun 16801745. Apa meneh Keraton Surakarta lan Keraton Yogyakarta sing ana sepuluh taun sakwise, taun 1755. Naskah Murtasiyah babon saiki disimpen neng Perpustakaan Sastra, Universitas Indonesia. Sanadyan okeh sik durung padha ngerti critane Dewi Murtasiyah, nanging sunyatane crita iki okeh diputrani (ditulis meneh). Nalika panaliten sedherhana, ditemokke 22 naskah sing ngemot crita Dewi Murtasiyah. Ana limang naskah Murtasiyah ana neng Perpustakaan Fakultas Ilmu Budaya, Universitas Indonesia. Patang naskah liyane ana neng Perpustakaan Nasional Indonesia. Geneya neng Museum Sonobudoyo ana nem naskah. Ora keri, neng Perpustakaan Widyabudaya, Kraton Yogyakarta ana sak naskah. Neng Perpustakaan Widyapustaka, Pura Pakualaman

ana rong naskah. Tekaning Surakarta, neng Sasana Pustaka, Keraton Surakarta ana telung naskah. Pungkasane, ana sak naskah neng Reksa Pustaka, Pura Mangkunegaran. Antarane 22 naskah sing crita Dewi Murtasiyah, salah sijining naskah ditulis nganggo Aksara Pegon, aksarane Arab nanging basane Jawa. Naskah kuwi disimpen neng Museum Sonobudoyo kanthi kode koleksi PB A 214. Dicritakke, Murtasiyah garwane Syeh Ngarip sing patuh. Pangabekti lan pakurmate marang lakine ora kurang-kurang. Murtasiyah ora mung garwa, nanging uga ibu kanggo Candrakirana. Dina-dinane Murtasiyah dilakoni saperlu nindakke kuwajiban antarane dadi garwa lan ibu kanggo anake. Kuwajibane dadi garwane Syeh Ngarip dicritakke nalika Murtasiyah ‘ingarasan lan munggah dhateng papreman’. Ora cukup semono, Murtasiyah uga angladeni dhahar pendintenane Syeh Ngarip. Nalika pandhita iki lunga neng patapan, Murtasiyah kajaluk tunggu omah, njaga kebon dhuku, lan njaga ingon-ingon. Miturute Syeh Ngarip wanita iku mestine neng omah ‘pawestri wus dungdumane tinilar wonten ing griya kinarya patunggu desa’. Sanadyan mengkono, Murtasiyah ora lali nindakke kuwajibane marang Gusti. Dheweke minangka ibu mestine bakal dadi tuladha kanggo anake, Candrakirana. Mula sakabehe kabecikane urip dilakoni kanthi nrima ing pandum. Ing sajroning naskah, crita Murtasiyah sing dhuwur bektine marang laki lan Gustine cetha tinulis. ‘Caritane deya linewi nama Dewi Murtasiyah asru bakti ing lakine kakung pandhita ngibadah wancine maksi tarune Ki Syeh Ngarip wastanipun asru bakti ing Pangeran’. Menawa dibandingke marang Kunthi nyata bedhane. Murtasiyah iku gambaran wanita ing abad XIX. Jaman semono wanita sing becik iku sing manut marang lakine. Patuh lan kurmat marang wong tuwane, uga ora lali marang Gustine. Meksa mengkono, nanging loro-lorone padha dene Ibu sing isa dadi tuladha. Kunthi kuwat anggone tapa-brata, nyranani anak-anake wondene Murtasiyah sing kurmat marang lakine, lan bisa dadi tuladha marang anake. Crita Murtasiyah ibu uga garwane Syeh Ngarep sing kurmat bisa dadi gambaring wanita abad XIX. Sanadyan bedha karo kahanan jaman saiki, nalika wanita nduweni papan panggonan antarane hak lan kuwajiban sing padha marang laki, nanging jaman semono wanita utama sing bisa nggulawentah anake sisan nglakoni kuwajiban marang lakine. Pribadine sing patuh, manut, lan nrima isa diarani tapa-brata kanggo njaga kaluargane supaya ayem tentrem. Piwulanging Murtasiyah iki dudu bab emansipasi nanging luwih neng bab toleransi. Piye carane Murtasiyah banjur isa nglerem rasa lan nepsune kanggo mujudke kaluwarga sing becik. (ark)

Ngguwangi dhuwit neng ndalan NGONCEKI sejarahe Wong Kalang Kotagede, prasasat tekan saiki tetep ndudut ati. Wewangunan awujud omah sing jentrek-jentrek ing Jalan Tegalgendu, tekan saiki isih bisa kita pirsani. Kita temtu wis mangerteni, ing sakdawane Jalan Tegalgendu iki, jaman biyen urip lan ngrembaka salah sijine Wong Kalang kang kasugihane ngedab-edabi. Wong kalang mau jenenge Ki Prawiro Suwarno. Ya, Ki Prawiro Suwarno iki sing bola-bali nyebar dhuwit ing prapatan Tungkak, prapatan Pojok Beteng Wetan, lan ing maneka panggonan sing tanpa dinuga. Lha, kena apa Ki Prawiro Suwarno bisa ana ing Kotagede, kabeh mau bakal dijlentrehake ing ngisor iki. Miturut maneka sumber lisan lan tulisan, Wong Kalang ing Kotagede wis ana wiwit jaman Sultan Agung, yaiku udakara taun 1600 M. Salah sijining versi nyebutake, ing jaman Sultan Agung, tukang kayu saka Bali ditekakake ing Mataram saperlu mbiyantu gawe maneka bangunan ing Keraton Mataram. Para tukang kayu saka Bali kasebut asring sinebut Wong Kalang. Salah sijining tukang kayu kasebut ing antarane yaiku Jaka Sona, sing sabanjure bebrayan klawan Ambarlurung, putri kinasihe Sultan Agung. Dene, anak putune Jaka Sona lan Ambarlurung mau, ana sing jenenge Ki Mertowongso. Sabanjure, Ki Mertowongso duwe anak turun kang asmane Ki Prawiro Suwarno. Lha, Ki Prawiro Suwarno iki wong Kalang sing pokal lan kasugihan dadi legendha tekan saiki. Ing Kotagede, Ki Prawiro Suwarno luwih dikenal kanthi sebutan Tembong. Ki Prawiro Suwarno lair ing taun 1873, lan urip ing jaman Sri Sultan HB VIII. Malah, nalika Ki Prawiro Suwarno isih timur, dheweke wis kulina mlebu metu Keraton Ngayogyakarta. Kabeh mau amarga ramane Ki Prawiro Suwarno sesambungan raket klawan Keraton Jogja. Ora mung kuwi, Ki Prawiro Suwarno uga kekancan apik klawan para pangeran, klebu uga pangeran kang ing tembe burine madeg Sri Sultan HB VIII. Masyarakat Kotagede wiwitane mangerteni Ki Prawiro Suwarno mung bakul sayuran lan bumbon. Saben dina, bisa diweruhi sesawangan Ki Prawiro Suwarno numpak gerobak sing ditarik jaran, dodolan maneka sayuran lan bumbon tumuju pasar. Garwane Ki Prawiro Suwarno uga sregep mbiyantu nyambut gawe, dodolan mori lan malam. Ki Prawiro Suwarno lan garwane gemi lan setiti. Dhuwite saka anggone dodolan dicelengi. Sregep nyambut gawe, mangkono pribadhine Ki Prawiro Suwarno iki. Karana naluri bisnise pancen linuwih, dhuwit celengan sing dilumpukake mbaka sethithik mau banjur digunakake kanggo ngedegake Omah Gadhe ing dhaerah Prambanan. Saka siji Omah Gadhe, sansaya suwe banjur ngrembaka dadi sewelas Omah Gadhe sing sumebar ing maneka papan. Ing antarane ing kutha Jogja, Kotagede, Delanggu, Kartasura, Solo, lan laladan liyane. Ing kutha Solo, Ki Prawiro Suwarno ngedegake Omah Gadhe cacahe loro. Karana keluwihan sistem pelayanane, Omah Gadhe duweke Ki Prawiro Suwarno kebanjiran pelanggan. Dhuwit sing dicelengi sansaya akeh. Embuh karana apa, wusanane kabeh Omah Gadhe duweke Ki Prawiro Suwarno ditutup dening Landa. Ki Prawiro Suwarno, bapak saka 17 anak (8 urip, 9 seda) iki kepeksa ngrasakake getire urip. Ananging karana Ki Prawiro Suwarno klebu pribadhi sing ulet lan ora gampang nglokro, dheweke banjur njenggelek maneh nerusake uripe. Sawijining dina, ing omahe ana tamu saka negara Landa. Tamu mau pranyata bakul berlian sing ngajak bisnis dodolan

berlian marang Ki Prawiro Suwarno. Karana wis percaya marang keuletan lan kejujurane Ki Prawiro Suwarno, bakul berlian saka negara Landa mau masrahake berlian, supaya Ki Prawiro Suwarno ngedolake. Disengkuyung bojo lan anak-anake sing wis gedhe, Ki Prawiro Suwarno miwiti bisnis anyar mau. Dudu barang kang angel kanggone Ki Prawiro Suwarno ngedolake berlian-berlian mau. Wong-wong sugih ing Jogja, akeh sing nglarisi berlian sing ditawakake Ki Prawiro Suwarno lan kulawargane. Malah, kebutuhane emas lan berlian Keraton Yogyakarta lan Keraton Pakualaman, disetori dening Ki Prawiro Suwarno. Sansaya suwe, bisnis berliane nganti ‘nyakar’ kutha Surabaya, Semarang lan Solo. Suksese bisnis anyar iki ndadekake kulawarga Ki Prawiro Suwarno kuwowogen bandha. Kendharaan rodha papat sing ditarik mesin alias mobil, sing wektu kuwi langka banget, diduweki dening Ki Prawiro Suwarno. Ora mung siji, ananging pirang-pirang. Maneka merek mobil saka Eropa kayata Hudson, Minerva, Plymouth, Chrysler utawa Fiat, gonta-ganti digunakake dening Ki Prawiro Suwarno. Nyebar dhuwit Saking sugihe, Ki Prawiro Suwarno duwe cara unik nalika menehi sedhekah marang warga masarakat. Ritual aneh kasebut yaiku, numpak mobil dikancani bature lan putune, Ki Prawiro Suwarno mubeng kutha Jogja, nyebar dhuwit ing panggonan-panggonan tertemtu. Pirang-pirang besek dhuwit pengaji sak sen nganti seringgit, disebar ing dalan-dalan. Swara gemerincinge dhuwit lan wong-wong sing padha ngrayah, dadi sesawangan sing bisa ditemoni ing prapatan Tungkak (saiki Jalan Tamansiswa) lan prapatan Pojok Beteng Wetan, Jogja. “Kena apa Pakdhe nyebar dhuwit semono akehe? Luwih apik mbok diwenehe aku?” pitakone Sumarman, putune Ki Prawiro Suwarno sing biasane melu nyebar dhuwit ing dalan-dalan. Ditakoni mangkono, Ki Prawiro Suwarno njlentrehake, “Wong sing sedhekah kuwi biasane milih-milih, sapa sing mesthi diwenehi. Menawa seneng karo wong, mesthi wong kuwi diwenehi. Ananging yen ora disenengi, temtu suwalike. Lha, cara sedhekah kaya aku iki, aku ora pilih-pilih. Aku ikhlas sapa wae sing njupuk. Sapa sing entuk ringgit, yakuwi rejekine. Semono uga sing bejane mung entuk sen.” Ritual nyebar dhuwit ing dalan-dalan Kutha Jogja mau ora mung diadani pisan pindho, ananging setaun diadani makaping-kaping. Wis ora kaetung akehe dhuwit sing disebar kasebut. Malah, miturut katrangane salah sijining sesepuh ing Kotagede, ritual nyebar dhuwit iki uga diadani ing Kotagede dhewe. Bedane, ing Kotagede Ki Prawiro Suwarno anggone nyebar dhuwit mung numpak jaran ijen. Nalika wektune rada longgar, Ki Prawiro Suwarno nunggang jaran dhewe mubeng Kotagede. Dheweke wis nyiapake dhuwit sing arep disebar. Menawa papan sing arep disebari dhuwit mau katon sepi ora ana pawongan, dhuwit sing digawa mau banjur disebar ing pinggir dalan. Embuh mengko sapa sing njupuk, dhuwit-dhuwit kuwi wis dadi rejekine sing nemu. Mula, ana wae warga sing meneng-meneng ngetutake lakune Ki Prawiro Suwarno. Ing papan Ki Prawiro Suwarno mandheg, ing kono tinemu dhuwit, embuh kethip, sen, utawa ringgit. (ana candhake) Dening: Agung Hartadi, Prenggan KG II/938 (Utara Masjid Perak)


Profil & Adicara

16

GKR HAYU

Srikandhi Milenial Aja gampang nggantungake bungahmu marang liyan! apa meneh seneng utang budhi marang sapadha! URIP iku ora mung urup, nanging kudu mandhiri! Ukara iku dadi salah sijining prinsip sing diugemi Gusti Kanjeng Ratu Hayu nalika wawancara marang tim Jawacana. Gusti Hayu, asmane kang wis dikenal masyarakat Yogya ora liya yaiku putri Ngarsa Dalem kapapat. Sanadyan urip ing saubengi beteng kraton kang kenthel marang kabudayan, nanging pribadine tetep modern. Wiwit enom, Gusti Hayu kang asmane isih GRAj. Nurabra Juwita iki wis njajah desa milang kori. Sekolah SMPne dilakoni ning Brisbane, banjur SMAne pindhah ning Singapore, sanadyan sadurunge mampir Yogya sedhela. Kepiye ora mandhiri, wong kawit cilik Jeng Abra, wis adhoh saka Pak Sultan lan Gusti Hemas, ibune. Lulus SMA seka negara singa, Jeng Abra meksa ora pengen bali nang Yogya. Kaya-kaya isih kurang adoh anggone ngubengi donya. Nalika kuliah sarjana, Jeng Abra mbacutake sekolahe ning negarane Ratu Elizabeth, Britania Raya. Tahun 2012, Jeng Abra krama karo KPH Notonegoro banjur nglorod asma GKR Hayu seka Putri Dalem Sinuwun HB VI. Wiwit seka iki, asma Gusti Hayu banjur dadi asma resmi tekan saiki. Crita bab Dhaup Ageng Gusti Hayu karo Pangeran Notonegoro dadi mula-bukane ana kraton awujud digital. Tekan artikel iki ditulis, website kratonwedding.com isih isa disekseni marang netizen kabeh. Dhaup Agenge Gusti Hayu dadi dhaup ageng pungkasan uga pista rakyat Yogya. Warga masyarakat padha nyekseni kirab manten saka Kraton tumuju ning Kepatihan. Ora ana panggon sela saubenge dalan Malioboro. Mestine ya masyarakat melu bungah awit saka bungahing rajane. Setaun sakwise dhaup ageng, Gusti Hayu kang durung tutug anggone sekolah, taun 2013 mbacutke sekolah master ning negara adhi dhaya, New York Amerika. Ora ana istilah stereotype kanggo wanita ning kamus uripe. “Lulus kuliah, saiki wektune ngabdi kanggo kraton” mengkono pangandikane. Pangabektine marang leluhur kawujud dening dhawuh dalem, supaya gawe pusat dokumentasi digital ning kraton. Kantor iku banjur kaparingan asma Tepas Tandha Yekti. Lumantar Tepas Tandha

Yekti, masyarakat bisa ngangsu kawruh babagan kabudayan lan info-info kraton. Ora ana sarat liya, kejaba bisa dolanan media sosial. Kenapa kudu media sosial? Jawaban iki saktenane kabeh wong wis ngerti. Jaman ora kaya mbiyen meneh, nom-noman sing kerep dipoyoki generasi milenial cedhak banget karo media sosial. Generasi ing sakndhuwure uga melu ketularan dolanan media sosial kanggo ngraketake paseduluran marang sanak lan kanca suwe. Perangan iki banjur dadi dhasare Gusti Hayu supaya bisa nyedhakke kraton marang masyarakat umum. “Mumpung para kanjeng sing mandhegani kraton isih padha sugeng, isih isa disuwuni pirsa!” ngendikane nalika ditakoni bab panemune. Pancen bener panemu mengkono. Apa meneh katrangan kang dilumpukke baku seka kraton. Mesti akeh benere lan isa dadi dhasar menawa ana sing bakale sinau bab kabudayan, menehmeneh kabudayan kraton. Katrangan kang wus klumpuk saka narasumber iku banjur diwarakke ning facebook, instagram, lan twitter. Ora mung kuwi, ing taun 2017 wingi Kraton Jogja uga wis resmi ndhuweni website. Pengarepe supaya katrangan apa wae kang ana ing kraton bisa kasebar tumuju masyarakat kabeh. Website kraton ya uga isa dadi sumber pituduh kanggo kabeh masyarakat kang ndhuweni pepingin sinau lan ngerti adat ing sak jerone beteng. Ora mung kuwi, lumantar website, pangarepe masyarakan isa luwih ndhuweni rasa andharbeni marang budhaya-budhaya tinggalane leluhur. (ark)

ANNISA HERTAMI

Wanita Jawa jaman now Nganggo logat Jawane sing kenthel, aktris 29 taun iki crita riwayat wiwitane dheweke kecemplung ing donya akting. Awale sok dijaluki tulung karo kanca kuliahe dadi pemeran utama neng film-film pendhek kanggo tugas kuliah. Annisa Hertami iki lulusan broadcasting Sekolah Tinggi Multimedia MMTC Yogyakarta. Jalaran seka kuwi, wanita sing jeneng lengkape Annisa Hertami Kusumastuti iki wiwit seneng akting neng ngarep kamera. Taun 2011 ana casting film Soegija karya sutradara Garin Nugraha, Annisa mutuske melu casting film kuwi. Dheweke crita nek pas casting kuwi kedhapuk adegan sing paling angel neng skrip film kuwi. Ndilalah malah ketrima, banjur entuk peran Meriyem neng film sing diputer neng bioskop taun 2012 kuwi. “Nah, sakploke njajal main film kuwi aku banjur mremen sinau teater, seni pertunjukan. Dadine kuwalik, seka film dhisik lagi neng teater, kudune kan teater sik lagi film,” jare mantan juara I Dhimas Dhiajeng Yogyakarta sing pakulitane ireng manis iki. Taun 2017 wingi Annisa uga kedhapuk dadi pemeran utama film ‘Nyai’ garapane Garin Nugraha. Basa Jawa jaman now Nek miturut Annisa, Basa Jawa pancen wis ngliwati owah majuning jaman, seka jaman Jawa kuna nganti jaman internet iki mesthi nggawa perubahan. Apa meneh basa sing dadi basa komunikasi aktip kaya dene Basa Jawa mesthi ana pangrembakan-pangrembakan anyar neng babagan diksi, ukara serapan anyar, lan liyane. Sansaya bab teknologi, mesthi nggawa ukara utawa istilah anyar neng Basa Jawa. “Ngomong bab tata basa, Basa Jawa kuwi duwe nilai utawa rasa sing beda. Merga ana tingkat tutur krama neng Basa Jawa dadine unggah-ungguh basa kuwi uga dadi pedhomane unggah-ungguh solah tingkahe manungsa,” jarene durung suwi iki pas ketemu Jawacana. Wanita kudu empan papan Minangka ditakoni pitakonan bab emansipasi wanita neng Jawa, aktris kelairan Magelang iki nggenahke yen kesetaraan gender wanita lan wong lanang kuwi kudu empan papan. Artine wanita kuwi ya duwe tugas ‘ngladeni’ nanging ing waktu lan papan liya kudu isa kosok balene, yaiku ‘diladeni’. “Umpamane ndilalah nek kahanane pancen kudu wong lanang sing masak, ngumbahi, setrika, ya wong lanang kudu legawa lan narima,” ngono kuwi jare Annisa, sing uga patut disebut sastrawati merga taun wingi bar wae launching buku kumpulan puisi ‘Agar Dapat Kubaca Jaman’. (pal)

Mother Earth Pentas Tari, Musik, Visual Karya Mila Art Dance PKKH UGM, Selasa 13 Maret 2018 Koreografi : Mila Rosinta Kolaborator : Mila Rosinta, Luise Najib, Gardika Gigih, Lia Pharaoh, Jenny Subagyo, Manda Baskoro, Yugo Risfriawan, Rio Pharaoh, Kokoksaja

TENTANG

Annisa Hertami Profil Nama: Annisa Hertami Kusumastuti Lair: Magelang, 7 Oktober 1988 Sekolah: MMTC Yogyakarta, jurusan Broadcasting Profesi: Seniwati aktris film, teater, MC Film Soegija (2012) Jokowi (2014) Jendral Soedirman (2105) Ach Aku Jatuh Cinta (2015) Pesantren Impian (2016) Promise (2016) Nyai (2016) Siluman Tikus dan Persian Princess (2017) The Gift (2017) Penghargaan Nominasi Aktris Terbaik Piala Citra 2012 Nominasi Pendatang Baru Terbaik Indonesia Movie Award 2013 Pemeran Pembantu Terbaik Apresiasi Film Indonesia 2012 Aktris Pendatang Baru Terbaik Piala Maya 2012 Juara I Dimas Diajeng Kota Yogyakarta 20132015 Juara I Dimas Diajeng Propinsi DIY 2014-2016 FTV Ayam Untuk Udin – Kompas TV 2013 Keadilan Untuk Hawa – Kompas TV 2013 Ibu Sum – Kompas TV 2013 Dokudrama – TVRI TV Series Patriot – NET TV Karya dan Penyutradaraan Seni Pertunjukan Kembara Centhini, Centhini Gunung, pentas neng Borobudur Writers and Cultural Festival Membaca Dee: Supernova, part Partikel, pentas neng IFI LIP

Profile for jawacana

Jawacana April 2018  

JAWACANA edisi perdana terbit April 2018

Jawacana April 2018  

JAWACANA edisi perdana terbit April 2018

Advertisement